Penanggalan Islam
Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi
Penanggalan Islam utawa penanggalan Hijriyah (basa Arab: التقويم الهجري; at-taqwim al-hijri) iku sawijining penanggalan kang adhedhasar mlakuné rembulan ngubengi bumi. Penanggalan iki di gunakaké déning umat Islam kanggo netepaké dina-dina wigati kang ana gandhèng-cènèngé karo ngibadah, contoné pasa ing wulan ramadhan, riyaya Idul Fitri lan Idul Adha. Penanggalan iki uga disebut penanggalan hijriyah disebabaké taun kapisan kang di gunakaké kanggo dasar penanggalan yaiku taun pas nabi Muhammad hijrah saka Mekah menyang Madinah.
[sunting] Jeneng-jeneng Sasi
Sasi-sasi ing penanggalan Hijriyah iku ana 12 sasi :
- Muharram
- Safar
- Rabiul awal
- Rabiul akhir
- Jumadil awal
- Jumadil akhir
- Rajab
- Sya'ban
- Ramadhan
- Syawal
- Dzulkaidah
- Dzulhijjah