Murbei
Murbei uga kena diarani arbei kalebu tanduran kang bisa dimanfaataké woh lan godhongé.[1] Ananging biyasané godhongé luwih penting tinimbang wohé.[1] Godhong murbei biyasané kanggo pakan uler sutera.[1] Déné uler sutera iki kena kanggo industri tékstil.[1] Uler sutera bisa ngasilaké benang kepompong kang bisa diolah dadi kain sutera kang larang regané.[1] Woh murbei bisa diolah dadi sari buah kang nduwéni khasiat kanggo kaséhatan lan bisa nduweni nilai tambah kanggo petani murbei.[1]
Saliyané dikenal dadi tanduran kang godhongé bisa kanggo pakan uler sutera kanggo industri tékstil, murbei uga kena dadi antioksidan kang bisa ningkataké kadar kolésterol HDL lan ngurangi kadar kolésterol LDL.[1] Dene kolesterol LDL iki kang nyebabake penyakit jantung koronér.[1] Ing Indonésia woh murbei umumé dipangan nalika isih seger.[1]
Salah sijiné cara kanggo ngolah woh murbei yaiku kanthi digawé sari buah murbei. [1]Nalika di tés ing tikus, sari buah murbei bisa nurunaké kadar kolésterol LDL lan triglisérida serum darah lan ningkataké kadar HDL.[1]
Murbei uga nduwéni khasiat kanggo nambani penyakit talasemia. [2]Talasemia yaiku penyakit amarga sél darah merah ora bisa mbentuk sèl-sél kang utuh, biyasané sèl kang kena talasemia bentuké kaya wulan sabit.[2] Murbei kanggo obat talasemia biyasané digawé tèh murbei lan madu royal jelly Jambi.[2]
Murbei nduwéni jeneng latin Fragaria vesca.[3] Tanduran iki dikenal mirip stroberi alpin utawa stroberi cilik.[3] Murbei wernané abang utawa putih gumantung variétase.[3]
Nutrisi [sunting]
Zat-zat kang ana ing murbei kang bisa migunani kanggo kaséhatan akéh cacahé.[3]
- Saponin yaiku glikosida kang akéh ditemokaké ing wit-witan
- Favonoida, kalebu senyawa kimia aktif kang diarani uga silimarin saka tanduran Silybum marianum L. Zat iki kena kanggo obat penyakit ati amarga nduwéni sifat anti hepatotoksik action
- Polifenol kang gunané kanggo antioksidan
- nduwéni sifat antibakteri
- vitamin C
- nduwéni sifat anti oksidan
Miturut Daftar Komposisi Bahan Makanan (DKBM), saben 100 gram murbei ngandhut akéh nutrisi.[4]
- energi cacahé 37 kkal,
- protéin 0,8 gr,
- lemak 0,5 mg,
- karbohidrat 8,3 gr,
- asam folat 30 mcg,
- kalsium 28 mg,
- fosfor 27 mg,
- Fe 0,8 mg,
- vitamin A 60 SI (Satuan Internasional),
- vitamin B1 0,003 mg,
- banyu 89,9 gr.
Khasiat [sunting]
Murbei ngandhut akéh vitamin C lan zat-zat kang migunani kanggo kaséhatan, mulané murbei nduwéni akéh khasiat.[3]
- obat sariawan. Kanggo nambani sariawan, woh murbei kang isih seger cacahé kurang luwih 10 gram dikumbah banjur dipangan kaya buah.
- ncegah kanker
- kanggo tamba lara maag, carané digawé jus banjur diombé
- ncegah penyakit tifus
- tamba yèn lagi mencret utawa diare
Saliyané iku murbei uga nduwéni khasiat kanggo kecantikan.[5]
Cathetan suku [sunting]
- ^ a b c d e f g h i j k (id)http://www.bic.web.id(dipunundhuh tanggal 18 Mei 2011)
- ^ a b c (id)http://forum.detik.com(dipunundhuh tanggal 18 Mei 2011)
- ^ a b c d e (id)health.detik.com(dipunundhuh tanggal 19 Mei 2011)
- ^ (id)gaya-hidup.infogue.com(dipunundhuh tanggal 19 Mei 2011)
- ^ (id)suaramedia.com(dipunundhuh tanggal 19 Mei 2011)