Polifenol
|
|
Artikel punika pinuju ngalami éwah-éwahan ageng ngantos 28 Pebruari 2013 Kanggé nyegah konflik panyuntingan, nyuwun tulung supados boten nyunting artikel punika nalika pesen punika taksih wonten. Kaca punika pungkasan dipunsunting déning JV001 Atif Nur Cahyani (Kontrib • Log) 61 dinten 679 menit kapungkur. |
|
Artikel pelatihan Papat Limpad 2012 punika perlu dipunrapèkaken supados miturut dhumateng standhar Wikipédia |
Polifenol (poliphenol) yaiku klompok bahan kimia kng ndarbèni luwih saka siji unit fenol saben molekul.[1] Polifenol ditemokaké kanthi alami ing tetanduran.[1] Polifenol migunani kanggo mènèhi werna ing tetanduran, tuladhané werna godhong nalika alum utawa arep gogrog.[1] Polifenol alami uga ngayomi tanduran nglawan patogen, parasit, lan predator.[2] Jinis polifenol kang paling asring ditemokaké ing tetanduran yaiku flavonoid, asam fenolat, catechin, anthocyanin, isoflavin, quercetin, lan resveratrol.[1] Wis akèh penelitiyan kang njlèntrèhaké yèn polifenol ndarbèni mupangat kanggo awak manungsa.[1]
Sumber Polifenol [sunting]
Woh-wohan, jejanganan, lan teh kalebu panganan kang ngandhut akèh polifenol.[1] Stroberi, blackberry, apel, delima, anggur, pir, lan plum kalebu woh-wohan kang ngandhut polifenol kang dhuwur.[1] Déné jejanganan kang ngandhut polifenol yaiku kubis, brokoli, bawang, peterseli, lan seledri.[1] Kajaba kuwi, polifenol bisa ditemokaké ing anggur abang, kopi, teh, coklat, minyak zaitun, kacang-kacangan, kenari, mete, hezelnut, pecan, lan kacang brol.[1]
Mupangat [sunting]
Sawatara polifenol nduwé mupangat wigati banget, kayata flavon, flavonoid, lan isoflavon kang dimagertèni nduwèni sipat antioksidan.[1] Antioksidan iki dipracaya nduwe khasiat ningkataké kemampuan anti-inflamasi lan kanggo kekebalan awak.[1] Kandhutan antioksidan ing polifenol bisa netralaké radhikal bébas kang nduwé èfèk ngrusak sèl-sèl lan jaringan awak lan uga bisa ngalang-ngalangi prosès dadi tuwa amarga radhikal bébas kasebut.[1] Polifenol uga nguwataké sistem kekebalan awak kanggo njaga kasarasan lan nyegah tuwuhé penyakit.[1]