Macan

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, golèk
Macan
Macan Sumatra (P. tigris sumatrae)
Status konsèrvasi
Klasifikasi èlmiah
krajan: Animalia
filum: Chordata
kelas: Mammalia
ordo: Carnivora
kulawarga: Felidae
Genus: Panthera
Species: P. tigris
Jeneng binomial
Panthera tigris
(Linnaeus, 1758)
Sajarah dhaèrah panyebaran macan (kuning pucet) lan status ing taun 2006 (ijo).[2]
Sinonim
Felis tigris Linnaeus, 1758

Tigris striatus Severtzov, 1858

Tigris regalis Gray, 1867

Macan, ing basa Latin dipunwastani Panthera tigris,[3] punika sato ingkang kagolong kulawargi Felidae utawi jinis kucing. Macan biyasané mburu mangsané nganggo cakar lan taringé.[3] Macan mlayuné cépet banget. Mangsané macan kalebu kéwan kang rada gedhé, kayata rusa sambar, kidang, babi, lan kancil.[3] Saliyané kéwan-kéwan mau, macan uga seneng mburu kéwan-kéwan cilik kayata landak yèn kéwan gedhé wis ora ana.[3] Sanajan saka famili kang padha, ananging macan béda karo kucing. Kucing luwih cilik saka macan.[3] Macan kalebu kéwan kang seneng nglangi ananging kucing kalebu kéwan kang wedi banyu.[3]

Bab lan Paragraf

[sunting] Macan Sumatra

Macan Sumatra urip ing Pulo Sumatra.[4] Saiki kahanan alas ing Sumatra kang saya suda amarga didadékaké pemukiman sangsaya nggegirisi tumprap uriping macan Sumatra.[4] Kurangé alas uga ndadékaké akéh menungsa kang kepéngin mburu macan Sumatra iki.[4]

Kahanan alas Sumatra khususé alas ing Bengkulu kang rusak banget maragaké macan Sumatra sangsaya kurang habitat lan panggonan uripé. [4]Kahanan kang kaya mengkéné nggampangaké manungsa kanggo mburu lan nyekel macan Sumatra.[4]

Ing Bengkulu, saka 900 éwu héktar alas, 40 perséné wis rusak amarga penebangan liar.[4] Miturut catetan BKSDA, populasi macan sumatra ing Bengkulu mung ana 50-70 macan.[4] Ing sakabéhé wilayah Sumatra, populasiné mung ana 300-400 macan.[4]

Saliyané karana diburu manungsa, populasi satwa macan iki uga kurang amarga konflik perbatasan alas lan pemukiman manungsa.[4]

[sunting] Macan Jawa

Macan jawa(Panthera tigris sondaica) kalebu kéwan langka kang dilindungi pamaréntah.[5] Macan Jawa kalebu kéwan kang kudu dikembangbiaké amarga wis akéh sing punah.[5] Spesies macan jawa iki urip ing alas-alas kang akéh wit-witane.[5] Padha kaya macan-macan liyane, macan Jawa mangané daging.[5] Macan jawa kalebu karnivora yaiku kéwan kang mangané daging.[5] Macan jawa uga diarani macan ''gémbong''.[5] Kewan iki awaké gedhé lan mlayuné banter banget.[5]

Macan jawa kalebu kéwan buas lan galak.[6] macan jawa uga bisa mangan menungsa kayadéné mangsa kéwan.[6] Yèn mangsa menungsa bakal dipangan dagingé lan disisakéé balung-balunge.[6] Macan jawa tau urip ing Pulo Jawa lan resmi dikabaraké punah taun 1980-an.[7] Macan jawa punah awit diburu menungsa lan amarga habitat uripe kang saya ciut.[7] Habitat macan jawa kurang amarga dianggo lahan pertanian lan kanggo pemukiman panduduk.[7]

Kahanan macan jawa Panthera tigris sundaica isih dadi pitakonan.[8] Ananging akéh para panduduk ing pinggir alas kang kerep krungu swarané macan jawa lan ndeleng kéwan iki.[8] Kayata panduduk ing cedhak als Boyolali, Wonogiri, alas ing kawasan Taman Nasional Meru Betiri, Jawa Timur.[8] Macan jawa kalebu kéwan buas kang luwes mlakune.[8] Macan jawa corake belang-belang.[8]

[sunting] Macan Putih

Macan putih yaiku jinising macan kang nggawa gen resesif saéngga wernané pucet.[9] Genetik kang marakaké corak belang ing wuluné uga dadi pucet.[9] Macan putih irungé nduwé werna abang nom utawa jambon (pink), tlapakan sikilé uga nduwéni werna pink, kulité abu-abu rada putih, matané biru, lan wuluné putih utawa putih rada kuning utawa putih kuning belang-belang ireng, rada soklat.[9] Ana uga kang wernané putih semu abu-abu.[9]

[sunting] Galeri Macan

[sunting] Cathetan suku

  1. (en)Cat Specialist Group (2002). Panthera Tigris. 2006 IUCN Red List of Threatened Species. IUCN 2006. Diakses 10 May 2006. Database entry includes justification for why this species is endangered.
  2. Save The Tiger Fund | Wild Tiger Conservation
  3. a b c d e f (id)Liputan 6.com(dipunundhuh tanggal 26 April 2011)
  4. a b c d e f g h i (id)Berita Antara Online(dipunundhuh tanggal 26 April 2011)
  5. a b c d e f g (id)Kompas Online(dipunundhuh tanggal 26 April 2011)
  6. a b c (id)Kompas Nasional(dipunundhuh tanggal 26 April 2011)
  7. a b c (id)Antara News(dipunundhuh tanggal 26 April 2011)
  8. a b c d e (id)MKoran Tempo(dipunundhuh tanggal 26 April 2011)
  9. a b c d (id)Detik

[sunting] Pranala jaba

  1. http://www.detiknews.com/read/2009/11/28/103737/1250070/10/video-harimau-putih-makan-manusia-gegerkan-warga-bogor
  2. http://sains.kompas.com/read/2010/02/09/14302817/Harimau.Jawa.Masih.Ada.di.Wonogiri
Commons-logo.svg
Wikimedia Commons gadhah galeri bab:
Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Macan&oldid=675464"
Piranti pribadi
Ruang jeneng

Varian
Tindakan
Pandhu Arah
kothak piranti
Basa sanès