CITES

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados

CITES (Convention on International Trade in Endangered Species of Wild Fauna and Flora) utawa konvénsi dagan internasional tetanduran lan kéwan liyar spesies kaancam yaiku prajanjèn internasional antarnegara sing disusun kanthi dhasar résolusi sidhang anggota World Conservation Union (IUCN) taun 1963. Konvénsi iki duwé tujuan ngreksa tetanduran lan kéwan liyar saka perdagangan internasional spesimen tetanduran lan kéwan liyar sing njalari kalestarèn spesies kasebut kaancam. Saliyané iku, CITES netepaké manéka warna tingkatan protèksi kanggo luwih saka 33.000 spesies kaancam.

Ora ana siji waé spesies kaancam ing reksané CITES sing banjur punah wiwit CITES diberlakukan taun 1975 (pirsani uga [1][2]) Pamarèntah Indonésia ngratifikasi CITES kanthi Kaputusan Pamrèntah No. 43 Taun 1978.[3]

Latar belakang[sunting | sunting sumber]

CITES iku siji-sijiné prajanjèn global kanthi fokus pangreksan spesies tetanduran lan kéwan liyar. Pesertané sifaté sukaréla, lan negara-negara sing kaiket kaliyan konvénsi disebut para pihak (parties). Éwadéné CITES ngiket para pihak sacara hukum, CITES dudu pangganti hukum ing saben negara. CITES mung arupa rangka kerja sing kudu dijunjung para pihak sing nggawé undang-undang kanggo implementasi CITES ing tingkat nasional. Asring, undang-undang pagreksan tetanduran lan kéwan liyar ing tingkat nasional isih durung ana (khususé para pihak sing durung ngratifikasi CITES), paukuman sing ora imbang karo tingkat kajahatan, lan kurangé panegakan hukum marang perdhagangan kéwan liyar.[4]. Ing taun 2002 mung ana 50% pihak sing bisa menuhi siji utawa luwih prasyaratan saka patang prasyaratan utama sing kudu dipenuhi: (1) kaann otoritas pangelola nasional lan otoritas kaèlmuan, (2) hukum sing nglarang perdhagangan tetanduran lan kéwan liyar sing direksa CITES, (3) sanksi hukum kanggo pelaku perdhagangan, lan (4) hukum kanggo panyitaan barang bukti.[5]

Naskah konvénsi disepakati tanggal 3 Maret 1973 ing partemon para wakil 80 negara ing Washington, D.C.. Negara peserta diwènèhi wektu nganti 31 Desember 1974 kanggo nandhatangani kasepakatan, lan CITES wiwit berlaku tanggal 1 Juli 1975. Sawisé ratifikasi, nampa, utawa nyarujuki konvénsi, negara-negara sing nandhatangani konvénsi disebut para pihak (parties). Ing taun 2003, kabèh negara panandha tangan CITES wus dadi para pihak. Negara sing durung nandhatangani bisa turut sarta dadi para pihak kanthi nyarujuki CITES. Ing wulan Agustus 2006 kacathet ana 169 negara wus dadi para pihak ing CITES.

Sekretariat CITES kantoré ing Geneva, Swiss lan nyawisaké dhokumèn-dhokumèn asli ing basa Inggris, Prancis, lan Spanyol. Pendanaan kegiyatan sekretariat lan Konferénsi Para Pihak (COP) asalé saka dana perwalian sing arupa sumbangan para pihak. Dana perwalian ora bisa digunaaké para pihak kanggo ningkataké taraf implementasi utawa pelaksanaan CITES. Dana perwalian mung kanggo kegiyatan sekretariat, éwadéné para pihak sajroning ngleksanaaké kegiyatan sing ana kaitané kaliyan CITES kudu golèk pendanaan eksternal (dilakokaké NGO lan dana bilateral).[5]

Apendiks CITES[sunting | sunting sumber]

CITES arupa kerjasama antar negara anggota kanggo njamin perdhagangan tetanduran lan kéwan liyar dileksanakké sajalan kaliyan prajanjèn CITES. Ekspor, impor, reekspor, lan introduksi spesies sing kadaftar ing apendiks CITES kudu éntuk palilah otoritas panglola lan rékomendhasi otoritas kaèlmuan CITES ing negara kasebut.

Para pihak anggota konvénsi kudu nunjuk siji utawa luwih otoritas panglola sing mènèhi palilah, lan siji utawa luwih otoritas ilmiah sing nilai dhampak perdhagangan tumrap kalestarèn spesies kasebut. Departemen Kahutanan adhedhasar pasal 65 Peraturan Pamréntah Nomer 8 taun 1999 ditunjuk minangka otoritas panelola konservasi tetanduran lan kéwan liyar ing Indonésia. Sabanjuré, Direktur Jendral Pangreksa Alas lan Konservasi Alam ditunjuk minangka otoritas panglola CITES ing Indonésia liwat Kaputusan Mentri Kahutanan Nomer 104/Kpts-II/2003 (minangka pangganti Kaputusan Mentri Kahutanan No.36/Kpts-II/1996).[6] Saliyané iku, Peraturan Pamréntah No. 7 lan 8 Taun 1999 uga nunjuk Lembaga Èlmu Pangetauan Indonésia (LIPI) minangka otoritas kaèlmuan CITES.

Spesies sing diusulaké mlebu ing apendiks CITES dibahas ing Konferénsi Para Pihak (COP), sing konferénsi sabanjuré dianaaké wulan Juni 2007. Para pihak bisa ngusulaké sawijining spesies éwadéné habitat spesies kasebut ora ana ing wilayah negara pangusul. Usulan bisa disarujuki mlebu ing apendiks CITES asal didhukung swara mayoritas 2/3 saka para pihak, éwadéné ana para pihak sing kabotan.

Apendiks CITES isiné sekitar 5.000 spesies kéwan lan 28.000 spesies tetanduran sing direksa saka eksploitasi gebangeten liwat perdhagangan internasional. Spesies kaancam diklompokaké ing apendiks CITES adhdhasar tingkat ancaman saka perdhagangan internasional, lan tindakan sing perlu dijupuk tumrp perdhagangan kasebut. Ing apendiks CITES, siji spesies bisa waé kadaftar ing luwih saka siji kategori. Kabèh populasi Gajah Afrika (Loxodonta africana) umpamané, dilebokaké ing Apendiks I, kejaba populasi ing Botswana, Namibia, Afrika Kidul, lan Zimbabwe sing kadaftar ing Apendiks II.

CITES kapérang dadi telung apendiks:

  • Apendiks I: daftar kabèh spesies tetanduran lan kéwan liyar sing dilarang ing manéka warna bentuk perdhagangan internasional
  • Apendiks II: daftar spesies siung ora kaancam kapunahan, nanging mungel kaancam punah yèn perdhagangan terus berlanjut tanpa anané pangaturan
  • Apendiks III: daftar spesies tetanduran lan kéwan liyar sing direksa ing negara tinentu ing wates-wates kawasan habitaté, lan sawijining wektu peringkaté bisa diunggahhaké ing Apendiks II utawa Apendiks I.

Apendiks I - sekitar 800 spesies[sunting | sunting sumber]

Spesies sing dilebokaké ing kategori iki yaiku spesies sing kaancam punah yèn perdhagangan ora dindhegaké. Perdhagangan spesimen saka spesies sing dicekel ing alam bébas iku ilegal (diidinaké mung ing kaanan luar biasa).

Kéwan lan tetanduran sing kalebu ing daftar Apendiks I, nanging arupa asil panangkaran utawa budidaya dianggep minangka spesimen saka Apendiks II kanthi sapérangan prasyaratan. Otoritas panglola saka negara pangekspor kudu nglapuraké non-detriment finding arupa bukti menawa ekspor spesimen saka spesies kasebut ora ngrugèkaké populasi ing alam bébas. Saben perdhagangan spesies ing Apendiks I merlokaké idin ekspor impor. Otoritas panglola saka negara pangekspor dikudokaké mriksa idin impor sing diduwèni pedagang, lan mesthèaké negara pangimpor bisa miara spesimen kasebut kanthi layak.

Kéwan sing dilebokaké ing Apendiks I, umpamané gorila, simpanse, macan lan subspesiesé, singa Asia, macan tutul, jaguar cheetah, gajah Asia, sapérangan populasi gajah Afrika, lan kabèh spesies Badhak (kejaba sapérangan subspesies ing Afrika Kidul)[1].

Apendiks II - sekitar 32.500 spesies[sunting | sunting sumber]

Spesies ing Apendiks II ora segera kaancam kapunahan, nanging mungel kaancam punah yèn ora dilebokaké ing daftar lan perdhagangan terus berlanjut. Saliyané iku, Apendiks II uga nduwèni isi spesies sing katon mèmper lan gampang klèru karo spesies sing didaftar ing Apendiks I. Otoritas panglola saka negara pangekspor kudu nglapuraké bukti menawa ekspor spesimen saka spesies kasebut ora ngrugèkké populasi ing alam bébas.[2]

Apendiks III - sekitar 300 spesies[sunting | sunting sumber]

Spesies sing dilebokaké ing njeron Apendiks III yaiku spesies sing dilebokaké ing njeron daftar sawisé salah siji negara anggota njaluk bantuan para pihak CITES kanggo ngatur perdhagangan sawijining spesies. Spesies ora kaancam punah lan kabèh negara anggota CITES mung éntuk nglakokaké perdhagangan kanthi idin ekspor sing sesuai lan Layang Katerangan Asal utawa Surat Keterangan Asal (SKA) utawa Certificate of Origin (COO).[3]

Amandhemén[sunting | sunting sumber]

Amandemen kudu didhukung mayoritas rong protelon para pihak lan bisa dilakokaké nalika sidang luar biasa Konferénsi Para Pihak (COP), menawa saprotelon saka para pihak nelaaké sidang kudu dilakokaké. Amandemen Gaborone sing disarujuki ing Gaborone, Botswana, 30 April 1983 mungelaké forum kerjasama ékonomi regional kanggo mèlu partipasi ing CITES. Pertimbangan kabotan (Pasal XXIII Reservations[4]) nyangkut spesies tinentu bisa ditelaaké para pihak.

Referensi[sunting | sunting sumber]

  1. ^ Hutton and Dickinson 2000 Endangered Species Threatened Convention: The Past, Present and Future of CITES. Africa Resources Trust, London.
  2. ^ Stiles 2004 The Ivory Trade and Elephant Conservation Environmental Conservation 31 (4) 309-321.
  3. ^ "Apa iku "CITES"?". Departemen Kehutanan Republik Indonésia. http://www.dephut.go.id/INFORMASI/SETJEN/PUSSTAN/INFO_III01/IV_III01.htm. Retrieved 12 Februari.
  4. ^ Zimmerman 2003 The Black Market for Wildlife: Combating Transnational Organized Crime in the Illegal Wildlife Trade Vanderbilt Journal of Transnational Law 36 1657
  5. ^ a b Reeve 2000 Policing International Trade in Endangered Species: the CITES Treaty and Compliance Earthscan: London
  6. ^ Direktur Jendral Pangreksa Alas lan Konservasi Alam. "Pamanfaatan Tetanduran lan Kéwan Liyar". Departemen Kahutanan RI. http://www.dephut.go.id/INFORMASI/PHPA/PHKA//cites_2002/Satwa_Liar.htm. Retrieved 12 Februari.

Pranala njaba[sunting | sunting sumber]

Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=CITES&oldid=813898"