Jaguar
| Jaguar [1] | |
|---|---|
| Status konsèrvasi | |
| Klasifikasi èlmiah | |
| krajan: | Animalia |
| filum: | Chordata |
| kelas: | Mammalia |
| ordo: | Carnivora |
| kulawarga: | Felidae |
| Genus: | Panthera |
| Species: | P. onca |
| Jeneng binomial | |
| Panthera onca (Linnaeus, 1758) |
|
| Jaguar range | |
Jaguar yaiku sajinis kucing kang awaké gedhé. [3]Jaguar kagolong ing genus Panthera. [3]Kéwan iki kalebu kucing liar kang kaping telu sawisé macan lan singa. [3]Jaguar uga dadi kucing kang ukurané paling gedhé ing belahan Barat.[3] Kéwan iki urip ing dhaérah Meksiko bageyan lor, Amerika Tengah nganti tekan Paraguay lan Argentina lor lan kidul.[3]
Jaguar iku kucing liar kang nduwèni werna kang apik.[4] Sanajan jaguar nduweni werna kang rada beda ananging jaguar biyasane nduwe werna kuning coklat lan ana kaya bunderan-bunderan ireng ing wuluné. [4]Corak iki arep mirip kaya leopard ananging leopard wernane luwih putih.[4] Jaguar kang wis gedhe nduwéni buntut kang dawané 45 nganti 75centimeter. [4]Jaguar uga bisa ngadeg ing wit nganggo sikilé. [4]Jaguar nduweni awak kang boboté 300 pon.[4] Jaguar nduweni cakar lan sikil kang kuwat lan kanggo mangsa mungsuhe.[4] Jaguar uga nduweni kuku kang landhep kanggo nyakar lan nyuwék dagingé mungsuhé.[4] Awit jaguar kalebu kéwan karnivora lang mangan daging.[4] Sikil ngarep jaguar luwih dawa tinimbang mburiné iki gunané kanggo nggampangaké yèn mlayu lan mencolot supaya bisa luwih cepet anggoné nyekel mungsuhe.[4] [[Ilat\\ jaguar digunaké kanggo misahké daging saka balung mungsuhé kang dipangan. [4]
Cathetan suku [sunting]
- ^ Wozencraft, W. C. (2005-11-16). Wilson, D. E., and Reeder, D. M. (eds). ed. Mammal Species of the World (3rd edition ed.). Johns Hopkins University Press. pp. 546–547. ISBN 0-801-88221-4. http://www.bucknell.edu/msw3.
- ^ Caso, A., Lopez-Gonzalez, C., Payan, E., Eizirik, E., de Oliveira, T., Leite-Pitman, R., Kelly, M. & Valderrama, C. (2008). Panthera onca. Dhaptar Abang Spesies Terancam IUCN 2008. IUCN 2008. Diakses ing 18 January 2009. Database entry includes justification for why this species is near threatened.
- ^ a b c d e (en)[1](dipunundhuh tanggal 8 Agustus 2011)
- ^ a b c d e f g h i j k (en)edu.pe.ca(dipunundhuh tanggal 8 Agustus 2011)
Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.