Labu siam

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, golèk
Labu siam
Labu siam didol ing Réunion
Klasifikasi èlmiah
krajan: Plantae
divisio: Magnoliophyta
kelas: Magnoliopsida
ordo: Violales
kulawarga: Cucurbitaceae
Genus: Sechium
Species: S. edule
Jeneng binomial
Sechium edule
(Jacq.) Swartz, 1800

Labu siam utawi jipang (Sechium edule, basa Inggris: chayote) yaiku tanduran saka suku labu-labuan (Cucurbitaceae) kang bisa dipangan woh lan pucuké (pupus) kang isih énom. Tanduran iki dhuweni sifat urip kang mrambat ana ing lemah (siti) utawa ana ing lanjaran lan biasané dikembangake ana ing tégalan utawan ana ing kebon, biasané urip ana ing cedak banyunan kayaya ing sading kolam utawa ing pinggir kali (pèrengan). Wohé ngantung (gémbandul ana ing pang . Godhongé awujud kaya segi telu lan dasaré ana wuluné utawa ana rambuté Ing Indonesia, labu siam kagolong salah sijiné janganan (sayuran) kang akeh didol ana ing pasar . Wohé bisa digodhog kanggo ngilangi tlutoh (getah) lan bisa dianggo lalapan karo sambel bisa dicampur jangan bening utawa jangan bobor. wohé bisa uga dirajang kanggo campuran ngémpikake siomay.Labu siam ing Mexico dadi paganan pokok. Ing tlatah Australia, woh labu siam diiris, diwenehi glepung panir, banjur digoreng.

Labu siam ing tlatah Indonésia asring kasebut labu siam karana tanduran iki asalé saka Thailand (Siam jaman biyen) kanggo wong Walanda. ing Tlatah Basa Sundha dijenengake lèjèt lan wong Jawa asring nyebut jipang.

Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Labu_siam&oldid=643516"
Piranti pribadi
Ruang jeneng

Varian
Tindakan
Pandhu Arah
kothak piranti
Basa sanès