Kéblat

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
(Kaelih saka Kiblat)
Artikel iki bagéyan saka sèri
Islam
Rukun Islam
Sahadat · Salat · Pasa
Jakat · Kaji
Rukun Iman
Allah · Kuran · Malaékat
Nabi · Dina Akhir
Qada & Qadar
Tokoh Islam
Mukamad
Nabi & Rasul · Sakabat
Ahlul Bait
Kutha suci
Mekkah ·Madinah · Yérusalem
Najaf · Karbala · Kufah
Kazimain · Mashhad ·Istanbul
Riyaya
Éjrah · Idul Fitri · Idul Adha
· Asyura · Ghadir Khum
Arsitèktur
Mesjid ·Menara ·Mihrab
Ka'bah · Arsitèktur Islam
Jabatan Fungsional
Khalifah ·Ulama ·
Imam·Mullah·Ayatullah · Mufti
Tèks & Ukum
Kuran ·Kadis · Sunah
Fiqih · Fatwa · Saréngat
Madahab
Sunni
Kanapi ·Kambali
Maliki ·Sapingi
Singah
Rolas Imam
Ismailiyah·Zaidiyah
Liyané
Ibadi · Khawarij
Murji'ah·Mu'taziliyah
Delengen uga
Gapura Islam
Indeks perkara Islam

Kéblat iku tembung Arab kang tegesé arah kang dituju wektu umat Islam / Muslim ngayahi ibadat salat.

Sajarah[besut | besut sumber]

Wiwitané, kéblat iku tumuju menyang Yerusalem. Miturut Ibnu Katsir,[1] Rasulullah SAW lan para sahabat salat madhep arah Masjidil Aksa. Nanging, Rasulullah luwih seneng salat ngadhep kéblaté Nabi Ibrahim, yaiku Ka'bah. Mulané beliau asring salat antarané 2 pojok Ka'bah saéngga Ka'bah dumunung ana antarané panjenengané lan Masjidil Aksa. Kanthi tumindak mangkono beliau salat sisan ngadhep Ka'bah lan Masjidil Aksa.

Sawisé ijrah menyang Madinah, cara mangkono mau ora bisa mmanèh. Beliau salat kanthi madhep Baitul Maqdis. Beliau asring ndhangak ngentèni wahyu tumurun supaya Ka'bah didadèkaké kéblat salat. Allah marengaké panyuwuné beliau lan mudhunaké ayat 144 Surat al-Baqarah:

Bener Aku (asring) ndeleng raimu ndhangak, mula bener Aku bakal mléngakaké kowé menyang kéblat kang mbok senengi. Pléngakna raimu menyang Masjidil Karam. Lan ing ngendi waé kowé dumunung, pléngakna raimu mrana. Lan sayektiné wong-wong (Yahudi lan Nasrani) kang diwènèhi Al Kitab (Torèt lan Injil) pancèn weruh, yèn mléngak menyang Masjidil Karam iku bener saka Tuhan-é; lan Allah babar pisan ora lengah (Maksudé yaiku Muhammad asring ndeleng ka langit ndonga lan nunggu-nunggu tumuruné wahyu kang mrintahaké beliau madhep menyang Baitullah).[2]

Uga dicritakaké sajeroning sawijiné kadis riwayat Imam Bukhari:[3]

Saka al-Bara bin Azib, yèn Nabi SAW pisanan tekan ing Madinah beliau mudhun ing dalemé kakek-kakek utawa paman-paman saka Anshar. Lan yèn beliau salat ngadhep Masjidil Aksa nembelas utawa pitulas sasi. Lan beliau seneng kéblaté diowahi dadi ngadhep Baitullah. Lan salat pisanan beliau kanthi ngadhep Baitullah yaiku salat Ashar bebarengan karo wong-wong kang mèlu makmum. Sawisé salat, sawijining wong lanang kang mèlu salat bareng beliau lunga nuli ngliwati wong-wong ing sawijining masjid kang lagi rukuk. Banjur dhèwèké celathu: "Aku bersaksi marang Allah, bener aku wis salat bareng Rasulullah SAW kanthi ngadhep Mekah." Wong-wong mau terus ngowahi arah shalaté madhep Baitullah. Lan wong-wong Yahudi lan Ahli Kitab seneng beliau salat ngadhep Masjidil Aksa. Sawisé beliau mléngakaké rainé menyang Baitullah, wong-wong mau ngingkari bab iku. Sakbeneré sawetara wong mati lan kaperjaya sadurungé pindhahé arah kéblat, saéngga kita ora ngerti apa kang bakal kita kandhakké bab wong-wong mau. Banjur Allah kang Maha Tinggi mudhunaké ayat "lan Allah ora bakal nyia-nyiakaké imanmu" (al-Baqarah, 2:143).[2]

Bab iku kadadéan ing taun 624. Kanthi tumuruné ayat mau, kéblat diganti dadi madhep menyang Ka'bah ing Mekah. Saliyané arah salat, kéblat uga minangka arah endhas kéwan kang disembelih, uga arah sirah jenazah kang disarèkaké.

Nemtokaké arah kéblat[besut | besut sumber]

Perhitungan geometris arah kéblat

Sajeroning 1000 taun pungkasan, sawatara matematikawan lan astronom Muslim kaya ta Biruni wis ngétung kanthi pener kanggo nemtokaké arah kéblat saka warna-warna panggonan ing jagad. Kabèh setuju yèn saben taun ana rong dina nalika srengéngé persis ing ndhuwuré Ka'bah, lan arah ayang-ayangan srengéngé ing ngendi waé ing donya mesthi ngarah menyang Kéblat. Prastawa mau dumadi saben tanggal 28 Mèi pukul 9.18 GMT (16.18 WIB) lan 26 Juli jam 9.27 GMT (16.27 WIB).

Mesthi waé ing sajeroning wektu mau mung saparo bumi kang éntuk cahya srengéngé. Saliyané iku ana rong dina liya nalika srengéngé persis ing waliking Ka'bah (antipoda), yaiku nalika ayang-ayang srengéngé uga ngarah menyang Ka'bah. Prastawa mau dumadi ing tanggal 28 November 21.09 GMT (4.09 WIB) lan 16 Januari jam 21.29 GMT (4.29 WIB)

Deleng uga[besut | besut sumber]

Pranala njaba[besut | besut sumber]

Cathetan[besut | besut sumber]

  1. (ing basa Arab)Ibnu Katsir. Tapsir Ibnu Katsir, Tapsir Surat al-Baqarah.
  2. a b (ing basa Arab)Kuran Al-Karim.
  3. (ing basa Arab)Al-Bukhari. Shahih Bukhari, kadis no. 41 ing Fath al-Bari.