Imam Bukhari

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados
Muslim scholar
Medieval era

Jeneng

Muhammad ibn Ismail al-Bukhari

Lair

{{{birth}}}

Aliran/tradisi

Mujtahid

Mènèhi pengaruh marang

Ahmad ibn Hanbal
Ali ibn al-Madini
Yahya ibn Ma'in

Kena pengaruh saka

Muslim ibn al-Hajjaj

Muhammad bin Ismail bin Ibrahim bin al-Mughirah bin Bardizbah al-Bukhari (Pèrsia/Basa Arab: محمد بن اسماعيل بن ابراهيم بن المغيرة بن بردزبه البخاري), luwih kondhang kanthi sebutan Al-Bukhari (Basa Arab: البخاري‎) utawa Imam Bukhari (194/810—256/870), iku sawijining ahli Islam Sunni keturunan Persia sing kondhang [1][2]. Imam Bukhari iku sing nulis buku kumpulan hadits sing disebut Sahih Bukhari. Buku iki koleksi hadits-hadits sing dianggep otentik lan pinercaya sawisé Quran.

Biografi[sunting | sunting sumber]

Wiwitan[sunting | sunting sumber]

Imam Bukhari lair ing 810/194 ing kutha Bukhara, Pèrsia (saiki mlebu laladan Uzbèkistan). Ramané, Ismail bin Ibrahim, kawentar ing babagan hadits sing seda nalika isih enom.

Ahli sajarah, al-Dhahabi naté nerangaké urip pasinaoné Muhammad al-Bukhari iki:

Dhèwèké wiwit sinau hadits ing taun 205. Dhèwèké wis apal apa sing digarap déning 'Abdullah bin al-Mubaarak nalika isih cilik. Dhèwèké digulawentah déning ibuné amarga ingkang rama séda nalika dhèwèké isih bayi. Dhèwèké lelungan barenga karo ibu lan seduluré ing tahun 210 sawisé krungu kabar perkara panggonanné. Dhèwèké wiwit nulis buku lan nyritakaké hadits. Dhèwèké kandha,"Nalika aku ngancik 18 taun, aku wiwit nulis perkara Sahabat (sahabat nabi) lan para Tabi'in lan keputusan-keputusané. Iki samangsa karo 'Ubaidillah bin Musa (salah sawijining guruné). Nalika kuwi aku uga gawé sawijining buku sajarah ing kuburan Nabi ing wanci wengi nalika purnama.[3]

Ngulandara[sunting | sunting sumber]

Ing umur 16, beberangan karo sedulur lanang lan ibuné, dhèwèké munggah haji menyang Mekkah. Seka panggonan kuwi, dhèwèké nerusaké pangumbaran menyang sadengah papan kanggo ngundhakaké ilmu hadits. Dhèwèké lunga menyang pusat-pusat pasinaon Islam, ngudi kawruh marang para sarjana, lan tukar kawruh karo para ulama. Malah, wis kawentar yèn dhèwèké nemoni sèwu wong lan 700 èwu referensi tradisional kanggo sinau perkara hadits, mbuh kuwi hadits becik utawa ora.

Sawisé 16 taun, dhèwèké bali menyang Bukhara, lan ing kana nulis buku Sahih Bukhari. Isiné kolèksi 7.275 hadits sing disusun manut bab, supaya manyaraké wong kanggo golèk rujukan fiqih sing teratur.

Buku kuwi diajèni ing antarané Muslim Sunni, lan dianggep kolèksi otèntik seka hadits (sapérangan cilik sarjana Sunni luwih nganggep karo Sahih Muslim, sing disusun dèning Imam Muslim, murid Imam Bukhari). Saliyané buku kumpulan hadits iki, uga ditulis al-Adab al-Mufrad, sing isiné kumpulan hadits sing magepokan karo ètika lan tingkah laku, lan buku loro sing ngrembug perkara biografi para rawi

Muhammad al-Bukhari musoleum

Taun-taun pungkasan[sunting | sunting sumber]

Ing taun 864/250, dhèwèké manggon ing Nishapur. Ing Neysha-bu-r dhèwèké ketemu Muslim ibn al-Hajjaj. Dhèwèké sing banjur dadi murid kang nulis koleksi Sahih Muslim lan uga akèh dianggep kitab rujukan sawisé Sahih Bukhari. Perkara politik ndadèkaké Imam Bukhari pindhah menyang Khartank, sawijining désa cedhak Samarkand sing dadi panggonan sédané ing taun 870/256

Imam Al Bukhari memorial complex near Samarkand, Uzbekistan


Referensi[sunting | sunting sumber]

Wewacan liya[sunting | sunting sumber]

Wikisource
Arabic Wikisource has original text related to this article:
  • Abdul-Jabbar, Ghassan. Bukhari. New Delhi: Oxford University Press, 2007.

Pranala nJaba[sunting | sunting sumber]

Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Imam_Bukhari&oldid=827056"