Attar saka Nishapur
| Attar saka Nishapur | |
|---|---|
| Spiritual Poet | |
| Miyos | c. 1145 C.E. Nishapur |
| Séda | c. 1220 C.E. Nishapur |
| Dipun urmati ing | Islam |
| Mangaruhi | Ferdowsi, Sanai, Khwaja Abdullah Ansari, Hallaj, Abusa'id Abolkhayr, Bayazid Bastami |
| Dipun pangaruhi déning | Rumi, Hafez, Jami, Nava'i and many other later Sufi Poets |
| Tradhisi/Genre | Mystic poetry |
| Pakaryan utami | Memorial of the Saints The Conference of the Birds |
'Attar Farid od-Din, panyerat kang lair ning Nihspur, sebelahe Persia, ning kana dheweké ngumpulaké ayat-ayat lan omongan saka para sufi kondhang (mistikus Muslim). [1] [2] 'Aththar, bapa lan eyang kakungé kuwi apoteker, dokter lan peramu parfum.[1] Ning lingkungan Sufi modern, jeneng 'Aththar anduweni signifikansi Kabbalistik utawa inisiasi ana.[1]
Akeh kontroversi ning kalangan sarjana babagan sajarah saka Attar Farid od-Din, babagan kalairané, ninggalé lan kaaslian saka karya utawa seratané kang dipundhut saka omongan sufi kang kondhang.[1]
Karyané kang paling kondhang salah sijiné anduweni judul manteq ot-teyr (konfrensi para manuk, 1995) kang isine mbahas kiasan saka manuk (sufi) kang nggolek manuk Simorgh Mistis, utawa manuk Phoenix, kang arep didadikaké raja (Allah).[1] Ning seratan iku, diceritakake menawa sing dadi pambimbing kuwi yaiku Raja Solomo (Nabi Sulaiman).[1] Perjalanan kang dilakoni nggambaraké parjalanan kang dawa lan mbebayani.[1] Para manuk kuwi kabeh kudu ngliwati pitung lembah (makili pitung tahap tasawuf).[1] Akeh manuk kang nyerah lan mutusaké mandhek, gawe alasan.[1] Kuwi nglambangaké alesan kang digawe para putra kang putus asa ngejar kasempurnaan spiritual.[1] Lan akhiré kang bisa ziarah lan nglebur bareng sang phoenix namung telung puluh manuk, manuk kuwi kang ngambaraké sufi kang sampurna.[1] Ning adegan terakhir ning carita kang diserat dening Attar, telung puluh manuk mau nyedaki takhta ngrenungi refleksi saka awaké dhewe, nyadari menawa manuk-manuk mau padha karo Simorgh, lan Simorgh karo manuk-manuk mau padha.[1] Mula kuwi, pujangga allegorises ning tahap akhiré yaiku kamajuan Sufi (ndadi siji karo Gusti).[1]
Dideleng saka sudut pandhang ide, tema sastra lan gayané, 'Aththar anduweni pengaruh gedhé ning sastra Persia lan ning literatur islam liyané.[1]
Cathetan Suku [sunting]
|
||||||||||||||||||||||||||||||||