Anémon segara

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Anémon sagara
Anemon sagara
Klasifikasi ngèlmiah
Karajan: Animalia
Filum: Cnidaria
Klas: Anthozoa
Subklas: Hexacorallia
Ordho: Actiniaria
Suborders

Endocoelantheae
Nyantheae
Protantheae
Ptychodacteae

Diversity
46 families

Anémon sagara punika kéwan sagara saking kelas Anthozoa ingkang katingal kados tuwuhan nanging sejatinipun punika kalebet kéwan sagara. Anémon sagara punika salah sawijining karang saking filum Cnidaria. Karang lan anémon sagara kalebet anggota taksonomi kelas ingkang sami, ya iku Anthozoa. Ingkang béda punika karang ngasilaken krangka njawi saking kalsium karbonat, manawi anémon sagara boten [1]. Langkung saking 1.000 spesiès anémon segata kapanggih wonten ing perairan pasisir, perairan dangkal (terumbu karang), lan perairan sagara ing donya.

Anémon sagara punika kéwan ingkang sadaya awakipun lunak lan gadhah sungut utawi tentakel ing pérangan nginggil saha atos ing pérangan ngandhap minangka piranti kanggé nèmpèl ing papan sanès [2][3]. Anémon ingkang asring dipunwastani mawar sagara punika kéwan invertebrata saking golongan coelenterate [4]. Katandingan kaliyan invertebrata sanès, anémon gadhah ukuran awak ingkang langkung ageng.

Wujuding kados kembang mawar [5] ingkang nembé mekrok kanthi warni broken white utawi krem. Anemon asring nèmpèl wonten ing watu lan sakwayah-wayah nilaraken watu manawi wonten mungsuh lajeng meneng tumut aliran toya [6].

Klasifikasi anémon sagara[besut | besut sumber]

Panaliti damel klasifikasi anémon sagara kados punika:

  • Polip inggih punika jinising anémon sagara ingkang nèmpèl wonten ing dhasaring perairan.
  • Medusa inggih punika jinising anémon sagara ingkang langkung remen renang kanthi bébas ndhèrèk aliraning toya [4][7].

Kaéndahan anémon sagara[besut | besut sumber]

Kombinasi warni lan wujud awak ingkang éndah kanthi hollow tentacle utawi tentakel ingkang kaisi udara ingkang saged narik ulam hias supados dugi lan dolanan wonten ing sakiwa tengenipun. Badaning anémon sagara punika kapérang dados 4 pérangan inggih punika keping tutuk, badan, pangkal utawi dhasar, lan sungut utawi tentakel.

Keping tutuk ipun bentukipun datar, nglingkar, lan kadang-kadang mengkerut. Tentakel anémon wujudipun kados driji. tentakelipun wonten ingkang gadhah sèl panyengat utawi nematokis ingkang ginanipun kanggé nglindungi awakipun piyambak saking predator [4].

Morfologi[besut | besut sumber]

anatomi anémon sagara

Kanthi umum awaking anémon sagara kapérang dados tigang pérangan inggih punika:

  1. oral disc utawi keping tutuk punika pérangan paling inggil saking anémon.
  2. coloum utawi awak.
  3. pedal disk utawi pangkal (base) [2]

Wonten ing keping tutuk punika wonten tutuk ingkang ginanipun minangka anus. Wonten ing kiwa-tengené tutuk wonten tentakel ingkang ginanipun kanggé nyekel panganan. Ing saben tentakel wonten sel knidosit utawi sel penyengat minangka ciri khasipun saking filum Cnidaria. Sel punika ginanipun kanggé ngentup mangsa. Pancernaan meika dipunwiwiti saking tutuk lajeng stomodaeum ingkang langsung ngubungaken kaliyan coelenteron utawi gronggongan weteng. Ing gronggongan weteng punika wonten mesentri filament minangka usus [1].

Reproduksi anémon sagara punika kanthi cara sèksual lan asèksual. Prosès reproduksi sèksual kawiwitan kanthi gametogenesis inggih punika dhapukan calon gamet dumugi gamet punika mateng. Gamet ingkang sampun mateng dipun-culke kanthi wujud larva pranula. Planula ingkang sampun bébas wonten perairan. Manawi pranula sampun manggihaken papan ingkang cocog banjur nèmpèl wonten substrat kanggé netep lajeng nglampahi perkembangan. Reproduksi asèksual kalampahan kanthi cara ndamel tunas. Tunas énggal tuwuh ing lumah pérangan ngandhap utawi wonten ing sisih nèmpèl dumugi ukuran tartamtu. Lajeng icul lan tuwuh dados individu énggal [1].

Jinis anémon sagara[besut | besut sumber]

Sapunika anémon sagara sampun kathah ingkang dipun-budidayaaken kados ta:

  • Anémon karang utawi kawéntar kanthi nama karang anémon. Anémon ingkang wujuduipun lonjong ing pérangan dhasaripun. Awakipun kebak kaliyan jari-jari warni coklat tuwa. Wonten ing pucuking jari-jari wonten bintik ireng kados mata. Anémon karang punika nempel wonten ing karang ingkang dipunbentuk. Kajawi punika anémon jinis punika mangan plankton ingkang wonten ing toya. Manawi mati anémon karang punika mbentuk karang ingkang atos.[8].
  • Anémon srengéngé, anémon srengéngé wujudipun bunder lan kathah jaro-jari. Anémon srengéngé warninipun belang putih lan coklat enèm. Anémon punika dipunwastani anémon srengéngé awit saking manawi jari-jarinipun medal kados srengéngé. Anemon srengéngé mangan plankton lan boten mbebayani tumrap manungsa lan ulam sanèsipun. Nanging manawi anemon jinis punika mati kedah dipun-angkat amargi saged damel mambu.[8].
  • Anémon pasir utawi wedhi, wujudipun kados piringan ingkang kebak wedhi. Anémon wedhi warninipun coklat enèm dumugi coklat peteng. Anemon jinis punika dados papan minangka kempaling para ulam-ulam.[8].
  • Anémon clown. Inggih punika salah satunggaling jinis anémon ingkang dipunremeni déning pecula clownfish (nemo). Anémon jinis punika kalebet jinising anémon ingkang akfit pindah papan. Kadangkala boten dipunremeni déning akuaris amargi anémon clown punika boten saged tetep anggènipun mapan amargi saged nèmpèl wonten ing watu karang ugi saged nèmpèl wonten ing watu koral sanèsipun [9].
  • Anémon jagung punika jinising anémon ingkang pucukipun awujud jagung. Anémon jinis punika dipunremeni déning clownfish kanthi jinis balong (maroon clownfish) [9].
  • Anémon pantat abang punika jinising anémon ingkang dipunremeni déning jinis skunk clownfish (giro pelet) ugi dipunremeni déning ulam jinis clownfish sanèsipun.

Anémon gadhah racun (wisa)[besut | besut sumber]

Anémon punika wonten ugi ingkang ngandhut racun, ing antawisipun:

  • Ammonia sulcata, ingkang kawéntar kanthi nama anémon penyengat saking Éropah gesang wonten Lautan Atlantik sisih wétan lan Mediterania kalebey jinis umum saking perairan dangkal[2].
  • Actinodendron plumosum dipunwastani anémon api neraka gesang wonten ing perairan tropis, Pasifik[2].
  • Rhodactis howesi dipunwastani anémon Mata-mutu. Nanging wonten ing Polensia asring dipundhahar kanthi dipunmasak rumiyin. Manawi boten dipunmasak wisanipun boten ical. Jinis punika gesang wonten ing perairan tropis Pasifik lan Samodra Hindia[2].

Gerahing akibat kénging anémon jinis punika damel bintik-bintik abang ing kulit kanthi raos panas lan gatel. Lajeng melepuh kados ditusuk barang runcing, nanging saged mari piyambak sasampunipun pinten-pinten dinten.

Kualitas toya kanggé anemon sagara[besut | besut sumber]

Manawi miara anémon sagara punika kedah nggatosaken kualitas toya optimum, inggih punika: suhu toya 24 – 29 0C, oksigèn terlarut 2,4 – 6 mg/l, utawi 4 – 7 mg/I, nitrit 0,551 – 0,552 mg/I atau 0,5 mg/I, Ammonia 0,01 – 0,021 mg/l utawi 0,1 mg/l lan pH 7,2 – 8,3 utawi 8 – 8,3 [8].

Syarat supados anémon sagara saged gesang kanthi saé punika mapan wonten ing suhu kirang langkung 29-32 0C kanthi kadar salinitas ing antawisipun 31 – 33 ‰. Anemon badhé optimum gesang wonten ing toya ingkang gadhah intensitas srengéngé ingkang anget ugi nutrient ingkang kathah kados wonten ing ékosistem terumbu karang ingkang gadhah asupan nutrient ingkang kathah lan intensitas srengéngé ingkang saé [8].

Panganan[besut | besut sumber]

panganan anémon: plankton
panganan anémon: crustacea

Adhédhasar panganan, anémon punika dipunpérang dados kalih, inggih punika:

  • fisher inggih punika kelompok anémon ingkang mangan ulam-ulam alit, crustacea, lan plankton. Mangsa ingkang kasengat déning nematoksis lajeng dipunjeret ngginakaken tentakel banjur dipunbeta dhateng tutuk. Kanggé anemon ingkang gadhah simbiosis mutualisme kaliyan ulam Amphiprion, ulam punika paring pambiyantu anémon nugel panganan lan mbantu mlebetaken dhateng tutuk anémon [1].
  • particle feeder inggih punika kelompok anémon ingkang pikantuk panganan ngginakaken mucus. Partikel ingkang nèmpèl wonten ing mucus lajeng dipunbeta dhateng tutuk kanthi ngginakaken silia ingkang wonten ing sadaya lumah awak [1].

Pengaruhing cahya tumrap metabolisme anémon sagara[besut | besut sumber]

Cahya srengéngé kalebet faktor wigati wonten ing metabolisme anémon amargi cahya srengéngé gadhah peran wonten ing prosesing fotosintesis. Organisme ingkang nglampahi simbiosis mutualisme kaliyan anémon sagara inggih punika zooxanthellae. Zooxanthellae kagolong faktor ingkang ngendalikaken metabolisme anémon laut ateges saya alit intensitas cahya srengéngé ingkang mlebet perairan dumados prosès fotosintesis punika kirang. Déné zooxanthellae sansaya kirang populasinipun awit kathah ingkang mati amargi penetrasi cahya srengéngé ingkang kirang saéngga organisme mau angèl anggènipun damel panganan utawi fotosintesis. Kedadosan mau damel kalimpahan lan metabolisme anémon sagara keganggu [8].

Manfaat anémon sagara[besut | besut sumber]

  • Gesanging anémon sagara ingkang nèmpèl ing terumbu karang ndadosaken sesawangan sagara katon éndah [2].
  • Anémon sagara punika dados papan gesangipun 26 jinis iwak hias Amphiprion kalebet satunggal jinis Premas biaculeatus[2].
  • Wonten ing KapuloanSeribu anémon-anémon punika saged dipun-dhahar saking jinis ingkang gadhah tentakel dawa ugi tentakel cendhak. Nanging anggènipun ngolah kedah dipun-kumbah kanthi resik lendir-ipun amargi manawi boten resik lan pinter anggènipun ngolah njalari gatel-gatel[2].
  • Manfaat sanèsipun inggih punika dipunpendhet kanggé ngisi akuarium laut[2].

Cara mendhet anémon[besut | besut sumber]

Anémon punika kéwan ingkang nèmpèl wonten ing piranti kasar ing dhasaring laut. Awakipun lunak awit saking manawi dipunpendhet kanthi dipeksa wonten pérangan awak ingkang tugel lan ketinggal. Miturut katerangan saking warigaluh Pulo Seribu mendheting anémon punika gumanthung kaliyan ancasipun, badhé dipunmasak menapa kanggé rerenggan. Manawi badhé dipunmasak caranipun gampil namung ngginakaken ladèng (pisau) utawi pring kanggé ngungkit dhasaring anémon ingkang nèmpèl wonten ing papan sanès[2].

Mendhet anémon kanthi ancas rerenggan ngisi akuarium punika kedah ngatos-atos lan ngginakaken piranti kados pahat lan palu. Kajawi punika mbetanipun ngginakaken dondang inggih punika keranjang ingkang kiwa tengenipun dipunsukani pelampung supados anémonipun boten numpuk[2].

Gladri[besut | besut sumber]

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. a b c d e [1], (id) http://repository.ipb.ac.id (dipun-akses tanggal 25 November 2012).
  2. a b c d e f g h i j k [2][pranala mati permanèn], (id) http://www.oseanografi.lipi.go.id Archived 2009-08-11 at the Wayback Machine. (dipun-akses tanggal 25 November 2012).
  3. Situs Greenfins Indonésia: Anemon Laut Yang Sudah Dibudidayakan[pranala mati permanèn]
  4. a b c [3] Archived 2012-08-24 at the Wayback Machine., (id) http://www.anneahira.com (dipun-akses tanggal 03 November 2012).
  5. HICKMAN, C.P. 1967. Biology of the in-vertebrata C.V. Mosby Company. Hal 123
  6. CARLGREN, 0. 1956. Actiniaria from depth exceeding 6000 m In. Scientific Result of The Danish Deep Sea Expedition Round the World 1950
  7. [4] Archived 2012-11-14 at the Wayback Machine., (id) http://www.jendela-alam.com (dipun-akses tanggal 25 November 2012).
  8. a b c d e f [5], (id) http://risnotes.com (dipun-akses tanggal 03 November 2012).
  9. a b [6] Archived 2012-10-31 at the Wayback Machine., (id) http://www.fishloverclub.com Archived 2012-06-18 at the Wayback Machine. (dipun-akses tanggal 25 November 2012).

Pranala njawi[besut | besut sumber]