Wong Yi

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Yi

Yilocals.jpg

Jeneng alternatif:
Nuosu, lan liyané
Gunggung cacah jiwa
(7,762,286[1])
Tlatah mawa cacah jiwa akèh
Cina: Yunnan, Sichuan, Guizhou, Guangxi; Vietnam 3,307 (1999); Thailand
Basa
Yi, Mandarin, lan liyané
Agama
Animisme, Buddhisme, Kristen, Taoisme[2]
Golongan ètnik magepokan
Naxi, Qiang, Tibet, Suku Miao lan Tujia.

Yi (jeneng ing dialek Liangshan: ꌠ ꆈ, transkripsi resmi: Nuosu (诺苏), IPA: [nɔ̄sū]; Cina: 彝族; pinyin: Yízú; jeneng suwé "Lolo" atau "Luǒluǒ" (倮 倮) saiki dianggep kasar ing Cina, sanajan digunakaké kanthi resmi ing Vietnam minangka Lô Lô lan ing Thailand minangka Lolo [โล - โล]) iku kelompok ètnis moderen ing Cina, Vietnam, lan Thailand. Suku iki ana ing nomer urut pitu ing 56 suku ing Républik Rakyat Cina. Warga suku Yi urip ing padésan Sichuan, Yunnan, Guizhou, lan Guangxi, lumrahé mapan ing pagunungan. Ana 3.300 wong Lô Lô (nalika 1999) urip ing Ha Giang, Cao Bang, Lao Cai lan provinsi ing Vietnam wétan lor.

Suku bangsa Yi migunakaké basa Yi, basa Tibet-Burma kang ana ing Burma, lan ditulis nganggo aksara Yi. Suku Yi iku wong-wonge ramah, padha kaya déné Suku Miao.

Suku bangsa Yi lan Suku Bai padha kumpul, para pamimpin suku iku gawé kraton, kraton kang pisanan kang arane kraton Piluoge. Karajan iki diangkat déning Kaisar Tang. Rezim pisanan kang kuwasa ing kana olèh gelar Nanzhao. Rezim iki ana suwéné kurang luwih 250 taun. Sawisé rezim iki bubar ing taun 902, banjur ana Karajan Dali. Karajan Dali bisa mimpin nganti 300 taun (937 -1253). Karajan iki dipimpin déning Kaisar Song (967 – 1279).

Cathetan sikil[besut | besut sumber]