Soesilo Toer

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Soesilo Toer
Lair (1937-02-17) Fèbruari 17, 1937 (umur 87)
Blora, Jawa Tengah
BangsaIndhonésia Indonesia
PakaryanPengurus perpustakaan
Kondhang ingAdiné Pramoedya Ananta Toer lan ngadegaké Perpustakaan Pataba.

Soesilo Toer (lair ing 17 Februari 1937) punika adhi saka Pramoedya Ananta Toer, sastrawan saka Indonesia. Saliyané dikenal minangka lulusan doktor saka universitas kang kesuwur saka Uni Soviet, uga njupuk ngurusi Perpustakaan Pataba, ing omahé nalika cilik. Ing umur tuwané, dhèwèké isih aktif ngurusi donya perbukuan.

Dina-dinané urip saka adol buku, nulis, besut, memulung, angon pitik lan wedhus sanajan nduwèni gelar doktoral lan ngatur perpustakaan kang misuwur tekan ing luar negeri.

Lair lan kanak-kanak[besut | besut sumber]

Susilo lair ing Blora ing 17 Februari 1937. Omahé nalika cilik ana ing  Jetis, Kecamatan Blora, Kabupaten Blora. Bapaké kang jenengé Mastoer, (kang banjur diganti jenengé dadi Toer waé amarga miturut dhèwèké, jeneng Mas iku ana gandhéngané karo féodhal), guru lan aktivis Boedi Oetomo lan ibuné jenengé Siti Saidah. Piyambakipun lair minangka anak kaping 7 saka 9. Ing umur 4 taun, ibuné séda.[1] Bapaké ndhukung aktivitas saka kamardikan Indonesia ing ngendi kang dadi kepala sekolah Instituut Boedi Oetomo, kang sadurungé ditilar dening Dhokter Soetomo. Nalika piyambakipun lair, kahanan ékonomi kulawargané lagi angèl, utang numpuk, layang tanah didol kanggo mbayar tuku lahan lan bangunan instituut. Sekolah iku ing wektu kepungkur iki ngalami kemndhuran amarga Ordinansi Sekolah Liar Hindia-Belanda taun 1932, ing ngendi lulusan sekolah partikelir ora bisa nyambut gawé ing Gubernemen; mulané iku akèh kang wis mutusaké kanggo metu lan sekolah uga ngalami bangkrut. Bapaké, kena hobi anyar ya iku judi céki. Béda karo masa lairé kakangé, Pramoedya Ananta Toer. Ing taun 1925 nalika kulawargané iki kacukupan, nduwé dhuwit simpenan, lan nduwé 20 layang tanah kang nyebar ing Blora. Soes, Pram, lan sedulur liyané sekolah ing Instituut Boedi Oetomo.[2] Nalika cilik, Pram kang wis dadi yatim piatu ngemong adhi-adhiné, lan nganggep Soes minangka adhi kang dibanggakaké. Soes didhidhik nganggo cara tegas kaya Bapaké. Nanging, Soes isih tresna marang kakangé, Pram. Umur SMP ing taun 1950, padha dipindhah menyang Jakarta. Dhèwèké sekolah ing Taman Siswa, kang 6 kilometer jaraké saka kang omahé mung nggawa dhuwit sangu Rp. 10 saben sasi. Nalika dhèwèké kurang jajan, dhèwèké dikongkon kanggo nggolèk tambahan dhuwit dhéwé, lan Soes nglakokaké nganggo cara nulis ing umur 13 taun, béda karo kakangé kang miwiti nulis ing umur 15 taun.[3][4][5] Miturut wicarané, tulisan kaping pisan diterbitaké ing Majalah Kunangkunang kang diterbitaké déning Balai Pustaka , kanthi irah-irahan "Aku Ingin Jadi Jenderal". Kabeh rujukan kang saka materi sing ditulis wektu enom asalé saka majalah loak asing. Arep kabèh bab kang dhèwèké tuis, malah bab crita cekak, cerbung, lan novel ya ditulis.

Mangsa diwasa[besut | besut sumber]

Ing mangsa diwasa, dhèwèké kuliyah ana ing Universitas Indonesia jurusan Ékonomi lan dipindhah menyang Akademi Keuangan Bogor.[6] Dhèwèké lumebu UI tanpa tes amarga iku wis didhukung dening biji pelajarané kang dhuwur. Dhèwèké  mandeg kuliyah saka loro-loroné  amarga biayané dhuwur. Soes ngrampungaké diploma ing Akademi Keuangan Bogor kang dumunung ing ngisor Badan Pengawas Keuangan (BPK). Sasuwéné dadi mahasiswa, dhèwèké nyambut gaweé ing penerbitan kang gajiné ora gedhé lan pagawéyané iku ora tetep. Minangka kanggo pendhukung utamané, ya iku dhuwit saka kulawarga kang diputer ing pedagang cilik kang butuh modhal. Saka silihan iku, bungané bisa digunakaké kanggo ndhukung biaya sekolah lan urip saben dina.

Lulus saka kuliyah, dhèwèké nyambut gawé ing perusahaan asuransi kang dinasionalisasi amarga panjaluk saka buruh. Sawisé iku, uripé dadi makmur lan ora mlarat. Sanajan mangkono, dhèwèké ora seneng amarta  mituruté, "bosen, saben dina mung kebak karo angka-angka. Kantoré rame dening swara mesin itung, mesin bagi, mesin tulis, lan mesin kaping".

Soes pernah mèlu latiyan militèr 2 taun ing pungkasané taun 1950-an nalika arep Operasi Trikora kanggo mèlu kebijakan pamaréntah kanggo mbebasaké Irian Kulon. Nanging, Soes ora sida mèlu wajib militer sawise latiyan. Sanadyan dhèwèké ora mèlu ing pembebasan Irian Jaya, dhèwèké nggayuh pangkat Letnan saka latiyan militèr. Kajaba iku, dhèwèké uga lulus saka pemilihan beasiswa saka panguwasa Ruslan. Kira-kira 9000 wong kang dhaftar, mung 30 kang ditampa, dhèwèké salah sijiné wong-wong mau. Dhèwèké menyang Ruslan ing taun 1962, sawise mantèn karo bojoné.

Seosilo urip ing Ruslan wiwit taun 1962 tekan 1973 kanggo ngerampungaké S2. Ngelanjutaké  pasca-sarjana ing Fakultas Ekonomi lan Politik Universitas Patrice Lumumba lan menangaké gelar doktor saka Institut Perekonomian Rakyat Plekhanov ing bidang ékonomi lan politik sawisé sinau filsafat ajaran Marxisme lan Leninisme, utamané ana gegayutané karo aliran realisme sosial. Dhèwèké dibutuhaké kanggo nyambut gawé 2 taun ing Ruslan amarga ora lulus kanthi predikat cum laude. Soes bisa nyambut gawe apa waé, saka penulis, penerjemah, peneliti lan buruh. Amarga saka latar  pendhidhikané, Soes olèh pametu kang dhuwur. Ing Ruslan, dhèwèké urip karo bandha kang akèh. Seminggu pisan, dhèwèké bisa dhahar ing restoran kang nduwèni klas ing Ruslan. Soes ngandika kerep njajakaké kanca lan nganakaké pesta. Wektu dhèwèké kuliyah, dhèwèké uga dikenal minangka penggemar saka buku-buku Ruslan kang hurung diwaca déning dosené

Bali menyang Indonesia[besut | besut sumber]

Ing taun 1973, minangka mangsa pamaréntahan Soeharto, Soes dipenjara amarga dianggep duwé hubungan karo Partai Komunis Indonesia. Dhèwèké dibuwang menyang pakunjaran kanggo bab 5.5 taun.[7] Dhèwèké langsung dicekel nalika iku medun saka pesawat. Tanpa bukti lan pengadilan bab penahanan, dhèwèké metu saka pakunjaran ing 28 Oktober 1978, persis 50 taun Sumpah Pemuda. Sadurungé dhèwèké dicekel Kedutaan Indonesia ing Moskow amarga nganakaké pengajian kanggo ndongakaké korban saka PKI. Ing taun 1980, Pramoedya ucul saka tahanan politik sawisé 4 taun ana ing Nusakambangan lan 10 taun ing Pulo Buru. Soesilo pisanan ora dikenali dening Pram amarga dhèwèké nyandhang klimis. Akèh wong ngewènèhi sugeng marang Pram kang lagi waé metu saka kunjara kanthi antriané dawa. Nanging, Soes lunga dhisik sadurungé dhèwèké nyelameti kakangé. Pram kang durung wéruh nganti  takon bojoné, banjur Soes dioyak lan dikekep

Status minangka mantan tawanan Orde Baru nyebabaké Soesilo urip ing kasusahan. Soesilo angèl kanggo oleh gawean kang layak lan angèl ditampa ing masyarakat.  Sanajan iku, akeh bab-bab kang dilakoni, kaya nyambut gawé mulai dagang gombal tekan nulis. Amarga jasa kancané, dhèwèké bisa dadi dosen ing universitas swasta kanggo 6 taun. Aran ora kasil manggon ing Jakarta, dhèwèké bali menyang ing desané ing taun 2004. Menapa malih, omahé kang semipermanèn ing nduwur lahan 320 m2 digusur kanggo pembangunan dalan kang tembus Cakung-Kranji. Saka kono, dhèwèké olèh dhuwit ganti kang dianggo kanggo biaya urip lan ndandani omahé Pram nalika cilik. 

Urip mangsa tuwa[besut | besut sumber]

Mulung lan pagawéyan liya[besut | besut sumber]

Ing mangsa tuwa, dhèwèké nyambut gawé dadi pemulung kanggo nerusaké hobi minangka cilik,  biasané mèlu njupuk sampah kang nduwé nilai jual wiwit sawise maghrib nganti tengah wengi ing wilayah kutha Blora. Dhèwèké ngumpulaké sampah gendul, karton, koran, lan liyané. Saka asil iku, dhèwèké pikantuk   Rp 25,000. 

Saliyané mulung, dhèwèké uga ngedol pitik lan wedhus, isih duwé penerbitan kang disebut Pataba Press, lan isih aktif nulis. Karya kang ditulis wis 19 irah-irahan, 6 irah-irahan karo penulis liya, lan sing isih durung diterbitaké minangka bab 20 irah-irahan. 

Perpustakaan Pataba[besut | besut sumber]

Perpustakaan Pataba diresmikaké persis ing 30 April 2006, ing dina sedané Pramoedya.[8] Pataba ya iku akronim saka "Pramoedya Ananta Toer Anak Anak Semua Bangsa".[9] Perpustakaan iki dumunung ing omahé Pram nalika cilik. Ing sajroné perpustakaan ana karya saka salah siji kakangé, Koesalah Soebagyo Toer kang uga ahli bahasa Ruslan. Ana kira-kira 10 ewu koleksi buku disimpen, kalebu 50 buku karya Toer. Perpustakaan iki didegaké kanggo numbuhaké semangat maca lan nulis ing masyarakat. Ing kawitan perpustakaan iki dikelola dening Soesilo lan Koesalah. Sawise Koesalah seda, Soesilo Toer kang ngelola perpustakaan iki karo bojo lan anaké..

Urip pribadhi[besut | besut sumber]

Soesilo nduwé bojo jenengé Suratiyem lan anak lanang dijenengi Benee Santoso. Benee dhéwé dibanggakaké amarga dhèwèké salah siji saka 50 bocah saka putu Mastoer kang nekuni bidang nulis. Dhèwèké nguwasani basa Jawa, Ruslan, Inggris, Walanda, lan Jerman. Lan, nduwèni jejuluk diglossia, amarga nguwasani saperangan basa.

Karyané[besut | besut sumber]

  • Suka Duka si Pandir (novel, 1963) 
  • Komponis Ketjil dan Tjerita-tjerita Lain (Kumpulan cerita anak-anak, 1963) 
  • Seribu Wajah Pram dalam Kata dan Sketsa (Memoar, 2009) 
  • Bersama Mas Pram: Memoar Dua Adik Pramoedya Ananta Toer (Memoar 2009) 
  • Di Antara Pena, Perempuan dan Keberanian 
  • Pram dan Seks 
  • Legenda Gunung Kemukus 
  • Putri Sendang Wungu 
  • Legenda Kedungombo 
  • Pram dan Seks 2 
  • Pram dan Seks 3 
  • Mutiara dari Blora; Pataba 
  • Pram dari Dalam (biografi, 2013) 
  • Pram dalam Kelambu (biografi, 2015)
  • Pram dalam Bubu (biografi, 2015) 
  • Komponis Kecil Edisi Baru (cerita anak-anak, 2015) 
  • Pram dalam Belenggu (biografi, 2016) 
  • Pram dalam Tungku (biografi, 2016) 
  • Dunia Samin (novel, 2016) 
  • Anak Bungsu (novel, 2017) 
  • Republik Jalan Ketiga (Esai politik ekonomi, 2017) 
  • Indra Tualang si Doktor Kopi (cerita anak-anak, 2017) 
  • Kompromi (novel, 2017) 
  • Serigala (novel, 2017) 
  • Rona-rona (puisi, 2017) 
  • Nasib Seorang Penebang Kayu (cerita anak-anak, 2018) 
  • Dari Blora ke Ruslan (Memoar) 
  • Serenade (kumpulan cerpen)

Referensi[besut | besut sumber]

  1. Nugroho, Puthut Dwi Putranto (4 Juni 2018). Damanik, Caroline (èd.). "Kisah Soesilo Toer Mengenang Pramoedya Ananta Toer, Cinta Tanah Air dan Islam Tulen (3)". Dibukak ing 7 Juli 2018.
  2. Sujatmiko (25 Juni 2018). "Cerita dari Blora". Tempo. Jakarta: Tempo Media Group.
  3. Jordan, Ray (3 Juni 2018). "Kisah Soesilo Toer, Doktor yang Kini Memulung Sampah di Blora". Dibukak ing 7 Juli 2018.
  4. Susanto, Gunawan Budi (6 Mèi 2018). "Soesilo Toer: Saya Sudah Banyak Mengalahkan Pram". Dibukak ing 7 Juli 2018.Priksa gandra date ing: |date= (pitulung)
  5. Nugroho, Puthut Dwi Putranto (4 Juni 2018). Damanik, Caroline (èd.). "Kisah Soesilo Toer, Adik Pramoedya Ananta Toer yang Bergelar Doktor dan Kini Jadi Pemulung (1)". Dibukak ing 7 Juli 2018.
  6. "Soesilo Toer Sosok Sastrawan yang Fenomenal". Universitas Negeri Surabaya. 17 Fèbruari 2018. Dibukak ing 7 Juli 2018.Priksa gandra date ing: |date= (pitulung)
  7. Nugroho, Puthut Dwi Putranto (4 Juni 2018). Damanik, Caroline (èd.). "Kisah Soesilo Toer Dituding PKI, Jadi Pemulung Lalu Bangun Perpustakaan untuk Sang Kakak (2)". Dibukak ing 7 Juli 2018.
  8. Safuan, Akhmad (23 Mèi 2018). "Menjadikan Rumah Blora untuk Lebih Mengenal Pramoedya". Dibukak ing 11 Juli 2018.Priksa gandra date ing: |date= (pitulung)
  9. A'yuni, Nesia Qurrota (22 Juni 2018). Khafifah, Nur (èd.). "Mengunjungi Pataba, Perpustakaan yang Dikelola Keluarga Toer di Blora". Dibukak ing 11 Juli 2018.