Dhiglosia

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Jump to navigation Jump to search
Atur pambagyaharja nalika adicara mèngeti dinten kamardikan RI ingkang padatanipun nganggé rupa basa inggil utawi high dialect (rupa basa inggil)

Diglosia asalipun saking basa Prancis ingkang naté dipun-ginakaken déning Marcais, salah satunggaling linguis Prancis.[1] Nanging, tembung diglosia dados misuwur wonten ing studi linguistik sasampunipun dipun-ginakaken déning satunggaling sarjana saking Universitas Stanford ingkang namanipun C.A Ferguson ing taun 1958.[1] Ferguson ndamel simposium babagan "Urbanisasi dan basa-basa standar" ingkang dipunwontenaken déning American Anthropological Association ing Washington DC.[1]

Miturut Ferguson, diglosia inggih punika kaanan ing satunggaling bebrayan ingkang ing salebeting kaanan basa punika wonten kalih variasi basa ingkang mlampah inampingan, ingkang saben basa punika gadhah peran tartamtu.[1] Kaanan ing bebrayan diglosia punika dipunwastani kaanan basa ingkang stabil, tegesipun ing salebeting kaanan punika wonten satunggal dhialèk utama (rupa utama) kaliyan wonten satunggal basa sanèsipun (rupa sanès).[1] Dhialèk-dhialèk utama punika, antawisipun saged wujud satunggal dhialèk standar utawi satunggal standar regional.[1]

Aspèk Diglosia[besut | besut sumber]

Diglosia inggih punika kaanan basa ingkang ngemot kalih rupa basa ingkang inampingan kanthi peranipun sowang-sowang.[2] Ferguson ngandharaken diglosia punika dipuntilik saking 9 aspèk, inggih punika fungsi, prestise, warisan tradhisi nyerat, pemerolehan, pembakuan, tatabasa, leksikon, kaliyan fonologi.[2]

Fungsi[besut | besut sumber]

Fungsi inggih punika kriteria ingkang paling wigati kanggé diglosia.[2] Miturut Ferguson, ing satunggaling basa wonten kalih rupa basa ingkang bènten.[2] Rupa ingkang sapisan punika dipunwastani dhialèk inggil (dhialèk atas) utawi high dialect ingkang padatan dipunlambangaken kanthi aksara (H) kaliyan dhialèk andhap (dhialèk bawah) utawi low dialect ingkang dipunlambangaken kanthi aksara (L).[2] Fungsi-fungi dialè H padatan dipun-ginakaken wonten ing kaanan ingkang formal, déne dhialèk L dipun-ginakaken ing kaanan ingkang lodhang (santai).[2]

Prestise[besut | besut sumber]

Prestise inggih punika sikap penutur wonten ing guyub diglosia.[2] Rupa basa H dipunanggep langkung inggil (superior), langkung gagah, kaliyan langkung nalar.[2] Déné rupa basa L dipunanggep langkung andhap (inferior) kaliyan kados dipunindhari déning tiyang.[2]

Warisan Tradhisi Nyerat[besut | besut sumber]

Pathokan saking ciri diglosia punika inggih punika kathahipun kapustakan ingkang dipunserat ing rupa basa H saha dipunremeni déning warga guyub.[2] Karemenan nyerat ing jaman punika dipunanggep nglajengaken tradhisi turun-temurun saking jamanipun para leluhur.[2]

Pemerolahan Basa[besut | besut sumber]

Aspèk diglosia ingkang ugi wigati inggih punika bèntenipun angsalipun basa ing sawatawis tiyang.[2] Rupa basa L dipunagem kanggé micara kaliyan laré alit, dipun-ginakaken ing antawisipun laré-laré punika.[2] Saéngga basa L dipunsinauni kanthi biyasa kaliyan tanpa sadhar.[2] Rupa H mesthi dados basa tambahan, basa ingkang dipunsinauni sasampunipun basa L dipunkuwasani.[2] Rupa H padatanipun dipunkuwasani lumantar pengajaran ing sekolah.[2]

Pembakuan[besut | besut sumber]

Pembakuan ugi dipunwastani standarisasi. Rupa H ngalami prosès pembakuan kaliyan kedah dipunsinauni wonten ing sekolah, déné boten saben tiyang punika gadhah kalodhangan kanggé nyinaoni.[3] Déné rupa basa L dipun-ginakaken wonten ing kaanan ingkang boten resmi, inggih punika basa padintenan.[3] Rupa basa L boten tepang kaliyan rupa tulis kaliyan boten dados ancas saking prosès pambakuan basa punika.[3]

Tatabasa[besut | besut sumber]

Saéstunipun rupa basa H kaliyan rupa basa L ing diglosia kalebet wangun-wangun saking basa ingkang sami.[3] Nanging, ing babagan tata basa pranyata wonten bèntenipun.[3] Dipuntilik saking tata basanipun, rgam basa H gadhah kaidah tata basa ingkang langkung jangkep tinimbang rupa basa L.[3]

Leksikon[besut | besut sumber]

Kosakata rupa H kathah-kathahipun sami kaliyan kosakata ingkang wonten ing rupa basa L.[3] Nanging, wonten kosakata ing rupa basa H ingkang boten wonten tegesipun ingkang sami ing rupa basa L.[3] Samanten ugi suwalikipun. Ing kaanan diglosia padatanipun, wonten kalih teges kosakata ingkang sami ingkang wonten ing rupa basa H ugi wonten ing rupa basa L.[3] Tuladhanipun ing basa Jawi, tembung makan ing rupa H dipunwastani dhahar, déné ing rupa L dipunwastani mangan.[3]

Fonologi[besut | besut sumber]

Struktur fonologi antawisipun rupa basa H kaliyan rupa basa L punika bènten.[3] Fonologi rupa H dados sistem dhasar, déné fonologi rupa basa L minangka subsistem ingkang gadhah keberagaman.[3] Kajawi punika, fonologi rupa basa L sanès wangun dhasar kaliyan langkung jangkep amargi gadhah variasinipun ingkang manéka werni.[3]

Diglosia ing Indhonésia[besut | besut sumber]

Ing Indhonésia, kaanan diglosia saged pinanggih wonten ing sawatar dhérah, kados ta basa Jawi, Sunda, Bali, Madura, ingkang saben laladan punika gadhah rupa basa H kaliyan rupa basa L.[3] Ing Sunda dipuntepangi wonten undha-usuk basa ingkang ing salebeting wonten tatanan-tatanan basa ingkang ngatur undhak-undhakaning rupa basa.[3] Rupa basa punika ngemot rupa basa inggil kaliyan rupa basa andhap, kados ta basa cohag (rupa kasar), basa loma (rupa kanggé sapadha), basa sedeng (rupa sedang utawi tengah), basa lemes (rupa alus).[3] Ing Jawi wonten basa ngoko lugu, ngoko alus, basa krama, kaliyan krama inggil. Samanten ugi ing laladan-laladan sanèsipun ing Indhonésia.[3]

Gegayutanipun Diglosia kaliyan Bilingualisme[besut | besut sumber]

Diglosia punika saged dipuntegesi minangka wontenipun bèntenipun fungsi nalika ngginakaken basa (fungsi H kaliyan fungsi L).[1] Déné bilingualisme inggih punika kaanan ngginakaken kalih basa kanthi cara gentosan ing masarakat.[1] Mula Fishman, nggambaraken gegayutan diglosia kaliyan bilingualisme punika dados 4 pola gayutan,[1] inggih punika:

  • Masarakat Bilingual ugi Diglosia

Wonten ing guyup tutur punika saben tiyang kedahipun mengertos rupa basa H ugi rupa basa L.[1] Tuladhanipun ing nagara Paraguay, basa Guarani minangka basa asli Amérika dados basa L , déné basa Spanyol minangka basa Indo-Éropah dados basa H.[4] Kekalihipun dipun-ginakaken miturut fungsinipun sowang-sowang.[4]

  • Masarakat Bilingual tanpa Diglosia

Tuladhanipun masarakat Montreal ing Kanada kaliyan ing Bèlgi ingkang nganggé basa Jerman.[4] Éwah-éwahan tumuju basa Perancis saking basa Jerman kadadosan ingkang ditutaké ngrembakané bilingualisme.[4] Saben basa saged dipun-ginakaken kanggé manéka werni ancasipun.[4]

  • Masarakat Diglosia tanpa Bilingual

Tuladhanipun ing pèriodhe sujarah Czar Rusia, para bangsawan ngginakaken basa Perancis.[4] Déné masarakat Rusia ngginakaken basa Rusia mawi manéka werni dhialèk.[4]

  • Masarakat boten Diglosia ugi boten Bilingual

Ing pola gayutan punika padatanipun namung kadadosan ing masarakat primitif utawi masarakat ing laladan paling pelosok.[4]

Kebocoran Diglosia[besut | besut sumber]

Kekajengan ingkang ageng kanggé nyiptakaken basa persatuan dados salah satunggaling sabab ingkang paling wigati ingkang njalari nglumprukipun kaanan diglosia ing Indhonésia.[5] Para penutur basa ngalih nganggé basa Indhonésia ingkang dipunanggep langkung njanjèni kaliyan saged ndadosaken mobilitas vertikal ing jaman globalisasi punika.[5] Masarakat sampun katingal jarang sanget migunakaken basa laladanipun wiwit taun 1970-an minangka wiwitipun rezim orde baru kanthi dhoktrin-dhoktrin ingkang ngagungaken basa persatuan, stabilitas, kaliyan keseragaman.[5] Kaanan punika (diglosia ingkang sampun bocor) dipunkuwatiraken saged nuwuhaken kaanan ingkang dipunwastani kepunahan basa ing sawatara abad salajengipun amargi boten saged bersaing kaliyan basa-basa ingkang langkung ageng, kados ta basa Inggris.[5]

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. a b c d e f g h i j Chaer, Abdul. 2004. Sosiolinguistik Perkenalan Awal. Jakarta:Rineka Cipta
  2. a b c d e f g h i j k l m n o p Sumarsono. 2001. Sosiolinguistik. Yogyakarta: Pustaka Pelajar
  3. a b c d e f g h i j k l m n o p q diglosia(dipunundhuh 19 November 2012)
  4. a b c d e f g h Bilingualisme dan Diglosia(diundhuh 23 November 2012)
  5. a b c d Putu Wijana, Déwa dan Muhammad Rohmadi. 2011. Sosiolinguistik Kajian Téyori dan Analisis. Yogyakarta:Pustaka Pelajar