Menyang kontèn

Rawon nguling

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Warung rawon nguling

Rawon nguling inggih punika dhaharan rawon kang asalé saking tlatah Nguling Pasuruan. Ananging pasipun wontèn ing Désa Wringinan, Kec. Kab. Probolinggo, Probolinggo.[1][2][3] Dhaharan punika misuwur bangèt ing Probolinggo supados dados salah satunggalipun dhaharan kang dipadosi mènawi dolan ing Probolinggo.[4] Umumé dhayoh mampir tèn papan kang nyuguhakèn rawon nguling nalika saking Banyuwangi amargi lokasinipun wontèn ing émbong gèdhé Surabaya - Bali utawi nalika badhé dolan mènyang Bromo.[1][2][5] Sanadyan rumiyin dipun wiwiti minangka papan dhahar ing Nguling, Probolinggo, amargi sampun misuwur, sapunika rawon nguling mènika gampil dipun panggihakèn wontèn ing manéka tlatah, kadosta ing Surabaya lan Malang.[6]

Setunggal piring rawon.

Rawon nguling ndamèl bahan utami arupi kluwèk ingkang ndadosakèn wèrna irèng lan raos duduhipun khas.[1] Sak lintuné niku bumbu rawon nggéh punika brambang, bawang, ketumbar, kemiri, lengkuas, lombok, kunir lan mrica. Sak banjuré bumbu niku wau diulèg lan digongso maka dicèmplungakèn daging sapi kang wis digodhog nganti èmpuk ditambahaké banyu, uyah, gula banjur digodhog nganti matèng. Daging sapi ingkang dipun ginakakèn limrahipun awujud sandhung lamur utawi ugi dipun wastani brisket. Bagéan daging saka punika limrahipun nggadani lemak ingkang sithik.[7]

Bedanipun kalihan sanesipun

[besut | besut sumber]

Dhaharan rawon punika sami kalihan umumipun rawon, saking bahan utami arupi kluwèk lan isiné daging sapi. Ulam dhahar rawon nguling inggih mbotèn bèntén kalihan rawon kang limrah ditèmokaké ing wilayah liyané kayata Surabaya lan Malang, kados krupuk urang, endhog asin, sambal, èmpal, lan cambah. Sanajan sepisanan mirip, ananging wonten bab kang ndadosaken benten.

Rawon nguling nggadah werna dudoh kang luwih bening lan luwih kenthel tinimbang rawon lintune. Kluwek digongso rumiyin saderengipun dipun tumbuk lajeng dipun lebetaken ing jangan. Salintune niku wonten tambahan bumbon. Ing rawon mboten ditambahi trasi, asam jawa, sereh. Kalihan nalika nggawe duduh kaldu, ora ditambahaek balungan sapi. Namung ndamel tendon lan daging sapi. Ing meja rawon nguling ugi luwih maneka warna kayata jeroan paru-paru, tempe goreng, lan bergedel.[1][4][6]

Cara nyuguhaken

[besut | besut sumber]

Cara nyuguhaken rawon punika sami kados limrahipun rawon ing Jawi Wetan, Inggih punika sekul mboten dipisah kalihan dudoh.[5] Sekul disalap ten ngandapipun duduh rawon ugi ditambahi irisan daging sapi.[2] Sabanjuripun ditambahi cambah kalian sambel ing pinggir piring, utawa cambah kalian sambelipun ditambahi piyambak lan cumepak wonten meja makan.[6] Biasane disuguhake karo piring aneka lawuh kayata empal, aneka jeroan, tempe goreng, lan kue.[1][4][6]

Rujukan

[besut | besut sumber]
  1. a b c d e Agustin, Fransisca (2016-08-25). "Mabuk Kepayang Bersama Sepiring Rawon Nguling". Minum Kopi (ing basa Inggris Karajan Manunggal). Diarsip saka sing asli ing 2019-04-15. Dibukak ing 2019-04-15.
  2. a b c "Kuliner Rawon Nguling, Andalan Nih Mau ke Gunung Bromo Via Probolinggo - Semua Halaman - Grid.ID". www.grid.id (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2019-04-15.
  3. Sari, Novita (2017-06-08). "Rawon Nguling". Wisata Kuliner Indonesia (ing basa Inggris Amérika Sarékat). Dibukak ing 2019-04-15.[pranala mati permanèn]
  4. a b c Astria, Riendy. 2017, Tim Jelajah Jawa-Bali (èd.). "Melintasi Probolinggo, Jangan Lupa Cicip Rawon Nguling Langganan Pak SBY". Bisnis.com. Dibukak ing 2019-04-15.{{cite news}}: CS1 maint: numeric names: editors list (link)
  5. a b kadek (èd.). "Makan Rawon Nguling Langsung di Kota Asalnya". Kompas.com (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2019-04-15.
  6. a b c d "Salinan arsip". Diarsip saka sing asli ing 2019-04-16. Dibukak ing 2019-04-16.
  7. Cahya, Indra; Wib, 11:15. Cahya, Indra (èd.). "Resep Rawon Daging Asli, Rawon Nguling, dan Rawon Ayam Paling Nikmat dan Mudah". Liputan6.com (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2019-04-16.{{cite news}}: CS1 maint: numeric names: authors list (link)