Menyang kontèn

Parembugan:Kabupatèn Kudus

Konten halaman tidak didukung dalam bahasa lain.
Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Geografi

[besut sumber]

Sabagian gedhe ing wewengkon Kabupatèn Kudus iku dataran rendah. Sabagian wewengkon ana salore ana gunung kang arane Gunung Muria, kanthi puncak kang aran Gunung Saptorenggo kang dhuwure 1.602 meter, saliyane iku uga ana Gunung Rahtawu (1.522 meter), lan Gunung Argojembangan (1.410 meter). Kali kang gedhe ya iku Kali Serang kang jalure mangulon, mbatesi antarane Kabupatèn Kudus karo Kabupatèn Demak.

Perangan administratif

[besut sumber]

Kabupatèn Kudus kaperang dadi sanga kacamatan, kang kaperang manèh dadi 123 désa lan 9 kalurahan. Pusat pemerintahan ana ing Kacamatan Kota Kudus. Kudus iku kalebu wewengkon kang cilik dhewe lan nduwèni jumlah kacamatan kang paling sithik ing Jawa Tengah. Kabupatèn Kudus iku kaperang dadi telu wewengkon pembantu bupati (Kawedanan), saben kawedanan kaperang dadi telung kacamatan ya iku: (1) Kawedanan Kota (Kec. Kota, Jati dan Undaan). (2) Kawedanan Cendono (Kec. Bae, Gebog dan Kaliwungu). (3) Kawedanan Tenggeles (Kec. Mejobo, Dawe dan Jekulo).

Wacana Pemekaran Kacamatan

[besut sumber]

Wacana Pemekaran Kacamatan (sing suk mben) sing ana ing wewengkon Kabupatèn Kudus, ya iku:

Saliyane ana pamekaran Kacamatan, uga ana wacana pemekaran Kawedanan (Pembantu Bupati), sing awitane ana telung Kawedanan (Cendono, Kudus lan Tenggeles), banjur dimekarke dadi lima wewengkon, ya iku:

Industri

[besut sumber]

Perkembangan perékonomian ing kutha Kudus iku duwéni pengaruh kang gedhe ing industri bangsa kita Indonésia. Ing antarane ana perusahaan industri kang gedhe ya iku PT. Djarum, PT. Petra, PR. Sukun, PT. Nojorono. PT.Hartono Istana Electronic (d/h Polytron), PT. Pura, PT. Kudos, lan akeh ewonan perusahaan industri kecil lan menengah kang kasebar ing sakabehe wewengkon Kudus.

Pariwisata

[besut sumber]

Wisata religi lan budaya:

  • Makam Sunan Muria (ing laladan Colo Kacamatan Dawe). Uga salah sijine walisanga (penyebar agama Islam di tanah Jawa)

Wisata alam:

  • Air Terjun Monthel ana ing Colo kacamatan Dawe.
  • Puncak Songolikur (ing Rahtawu kacamatan Gebog) Puncak sing paling dhuwur dhewe ing Gunung Muria.
  • Puncake Gunung Muria liyane asring diwisatani, kayata Puncak Argojembangan, Argowiloso. Kekarone ana ing Kacamatan Dawe.
  • Air Tiga Rasa (Rejenu) lan makam Syeh Sadzil. Ana ing Japan, Kacamatan Dawe.
  • Pesanggrahan Colo (Colo) ing Kacamatan Dawe.
  • Bumi Perkemahan Abiyoso ing Menawan Kacamatan Gebog.
  • Bumi Perkemahan Kajar (Kajar Kacamatan Dawe)

Saliyane uga ana:

  • Museum Kretek kang dadi bukti sejarahe kutha Kudus kang dadi kutha gawé rokok kretek kang paling gedhe ing Indonésia ing antarane ana (PT Djarum, PT Nojorono, PR Sukun, PR Jambu Bol, PR Pamor, PR Djanur Kuning).
  • Kinder Garten
  • Replika Menara
  • Bangunan khas Kudus dikenal dengan nama Gebyog Kudus.

Panganan lan jajanan khas Kudus

[besut sumber]
  • Jenang Kudus: wong-wong asring ngertine "dodol" nanging duwéni tekstur lan rasa kang beda karo dodol sing ana. Akeh banget pabrike PJ. (Pabrik Jenang) kayata: PJ. Mubarok, PJ. Menara, PJ. Rizqia, lsp.
  • Soto Kudus: soto ing Kudus misuwur ana rong werna ya iku, soto ayam dan soto kebo. Beda ing antarane soto-soto liyane, soto Kudus nduwèni cita rasa kang manis lan sathithik luwih encer, lan daginge saka daging Kebo ora daging Sapi amarga wong Kudus nduwèni kapercayan ora entuk nyembeleh Sapi. Amanate Njeng Sunan Kudus
  • Lentog: ya iku panganan khas kang gayeng ing wayah esuk. Bahan-bahane antarane tahu semur, endhog, lontong lan jangan lodeh (woh nangka enom).

Kala emben, sing dodolane ana ing Désa Tanjungkarang (Tanjung), ananging saiki wis sumebar ing sakabehane pelosok kutha Kudus. Sing unik utawa khase saka lentog ya iku ukuran lontonge kang gedhene sapupu / betise wong dewasa.

  • Sate Kebo: sate kang digawé saka daging kebo, sing disajike ora kaya biyasane, ananging saka daging sing dikethok-kethok lan dicincang alus, banjur didokok ing batang sate nganggo bumbu kecap, klapa (srundeng) lan kacang, rasane meh mirip padha karo dendeng.
  • Ayam Bakar Colo: ayam bakar kampung kang duwéni rasa khas sing mung ana ing Colo disajike biasane karo pecel kembang turi lan godhong pakis gunung.
  • Ayam Goreng Kepruk : Ayam goreng kang duwéni bumbu khas kudus, kang duwé sajian unik, kanthi rasa kang khas lan gurih. Ayam goreng racikan ’’’Dapur Gentong’’’ iki uga bisa dimadhang ing restaurant Gentong, Kampung Air Resto Megawon lan Roemans Resto Jl. Mangga.
  • Ayam goreng Kliwon Kasmini : Panganan ing wayah wengi iki, wong-wong Kudus kang digawé saka tahu semur lan ayam goreng kanthi bumbu kang khas, iku kalebu lengganane pejabat-pejabat lan wong-wong kang misuwur, sarta pulisi-pulisi gedhe ing kutha Kudus
  • Tahu Telur: Meh padha kaya tahu telur saka Magelang utawa tahu gimbal Semarang. Ing wayah wengi kang biasane kagelar ing sadawane jalan Sunan Kudus. Kang utama sangarepe Rumah Tahanan Nagara (Rutan) Kudus. Bisa uga diarani Tahundog.
  • Opor Bakar: Opor ayam sing sabanjure dibakar, banjur disajike kanthi tambahan sawetara lawuh. Panganan iki uga ana ing wauah esuk.
  • Lontong tahu: Panganan kang meh padha karo tahu telur. Bedane, ora ditambahi ndhog kaya tahu gimbal saka Semarang. Tahu putih khas Kudus, digoreng setengah mateng utawa mateng bajur dikethok-kethok dadu, banjur ditambahi sega utawa lontong sasenenge dhewe. Dipupuki cambah godhogan lan seledri rajang sing menehi aroma kang seger. Yen ta ana sing seneng nganggo 'cungor' utawa bibir sapi sing dibacem, ngomonga wae marang bakule. Ing pungkasane diwenehi bumbu kecap sing nduwèni aroma bawang putih kang sedep banjur disiramke.