Pangantènan adat Jawa

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Upacara pengantenan adat Jawa iku salah sawijiné upacara sakral adat Jawa sing duwé rantaman upacara lan tata cara sing wis pakem. Upacara pangantènan iki nglambangaké sapatemonan antarané pengantèn putri lan pengantèn kakung ing kaanan sing kusus kaya déné ratu lan ratu.
Padatan, rantaman inti upacara dileksanakake ing dalemé pengantèn putri, sing dadi pamangku gati ya iku wong tuwa utawa kulawarga pengantèn putri dibiyantu déning kulawarga saka pengantèn kakung.

Rantaman adicara pangantènan adat Jawa ing saben laladan béda miturut ékonomi saben kulawarga.

Upacara-upacara pengantèn adat Jawa ing antarané:

꧋ꦱꦶꦫꦩ꧀ꦩꦤ꧀꧈ Siraman[besut | besut sumber]

Kanggo tulisan luwih gamblang prakawis iki mangga pirsani: Siraman
Acara siraman iku sajatiné upacara pralambang kanggo ngresiki jiwa calon pengantèn. Upacara iki diadani sadina sadurungé ijab kabul lan dilakokaké ing omahé calon pengantèn putri lan kakung, padatan ing pérangan omah sing rada amba kaya ing mburi omah utawa ing taman ngarep omah. Sing nyiram sapisan padatan wong tuwa calon mantèn banjur sadulur liyané uga kalebu pamaès.

꧋ꦩꦶꦢꦢꦫꦺꦤ꧀ꦤꦶ꧉ Midadarèni[besut | besut sumber]

Kanggo tulisan luwih gamblang prakawis iki mangga pirsani: Midadarèn
Tembung midadarèn iku asalé saka basa Jawa ya iku widadari utawa bidadari ing basa Indonésia. Acara iki duwé kekarepan yèn mbengi sadurungé acara mantenan iku, kabèh para widadari mudhun saka suwarga kanggo awèh pangèstu uga kanggo pralambang yèn sésuk ing acara utama, pengantèn putriné bakal ayu kaya widadari.

Ing acara iki pengantèn putri ora metu saka kamar wiwit jam 6 soré nganti tengah wengi lan dikancani déning sadulur-sadulur putrine sing ngancani sinambi awèh pitutur (naséhat).

Rerangkèn acara ing wengi midadaren iki séjé-séjé ing saben laladan, kadhang ana sing dibarengaké karo acara peningsetan lan srah-srahan.

꧋ꦱꦿꦃꦱꦿꦃꦲꦤ꧀꧈ Srah-srahan[besut | besut sumber]

Srah-srahan iku uga diwastani "asok tukon" ya iku calon pengantèn kakung mènèhaké uba rampé lan wragad sing bakal kanggo nindakaké pahargyan penganténan. Tuladhané uba rampé, kaya ta: beras, sayuran, pitik, jajan pasar lan liya-liyané. Saliyané iku sing paling wigati ana ing pepasrahan ya iku dhuwit sing tumprapé kanggo ngragati upacara pahargyan ing omahé pengantèn putri.

꧋ꦲꦸꦥꦕꦫꦥꦁꦒꦶꦃ꧉ Upacara panggih[besut | besut sumber]

Sarampungé acara ijab kabul (akad nikah) dianakaké acara Panggih. Ing acara iki kembang mayang digawa metu saka omah lan didèlèhaké ing prapatan cedhak omah. Tujuané ya iku kanggo ngusir ruh jahat. Sawisé iku pengantèn putri ketemu (panggih) karo pengantèn kakung kanggo nerusaké upacara: Balang suruh, Wiji dadi, Pupuk, Sinduran, Timbang, Kacar-kucur, Dhahar klimah, Mertuwi, lan Sungkeman.

꧋ꦲꦸꦥꦕꦫꦧꦭꦁꦔꦤ꧀ꦱꦸꦫꦸꦃ꧉ Upacara balangan suruh[besut | besut sumber]

Upacara balang suruh minangka pralambang sih katresnan lan kasetyan ing antarané pengantèn kakung lan putri.

꧋ꦲꦸꦥꦕꦫꦮꦶꦗꦶꦢꦢꦶ꧉ Upacara wiji dadi[besut | besut sumber]

Pengantèn kakung ngidak endhog pitik nganti pecah, banjur pengantèn putri misuhi/ ngresiki sikil/ ampeyané pengantèn kakung nganggo banyu kembang. Upacara iki minangka pralambang sawijining kapala kulawarga sing tanggung jawab marang kaluwargané.

꧋ꦥꦸꦥꦸꦏ꧀ / ꦮꦶꦱꦸꦝꦤ꧀ꦠꦼꦩꦤ꧀ꦠꦺꦤ꧀꧈ Pupuk / Wisudhan Temantèn[besut | besut sumber]

Ibu pengantèn putri ngusap-usap sirah/ mustaka mantu kakung minangka tandha iklas nampa mantèn kakung mau dadi pérangan kulawargané.

꧋ꦱꦶꦤ꧀ꦢꦸꦂꦫꦤ꧀꧈ Sinduran[besut | besut sumber]

Lumampah alon-alon kanthi nyampiraké kain sindur, minangka tandha pinangantèn sak kloron wis tinampa dadi kulawarga. Sinduran saking tembung sin-isin ndur-mundur ing kono gadhah teges sléndhang ingkang warnanipun abrit (abang) kadhapuk kaliyan pethak ingkang nglambangaké persatuan saking bapak lan ibu.

꧋ꦠꦶꦩ꧀ꦧꦁ꧉ Timbang[besut | besut sumber]

Pinangantèn sak kloron lungguh ing pangkonané bapaké pengantèn putri, minangka pralambang katresnané wong tuwa marang anak padha karo mantu.

Dhékorasi[besut | besut sumber]

Dhékorasi dipasang ing dalemé sing duwé gawé, wujudé warna-warna.

꧋ꦝꦲꦂꦏ꧀ꦭꦶꦩꦃ꧉ Dhahar Klimah[besut | besut sumber]

Pengantèn kekalih dhahar dulang-dulangan minangka pralambang pinangantèn kekalih arep urip susah lan seneng kanthi bebarengan.

꧋ꦩꦼꦂꦠꦸꦮꦶ꧉ Mertuwi[besut | besut sumber]

Wong tuwané pengantèn putri methuk wong tuwané pengantèn kakung ing ngarep omah lan bebarengan tindak menyang acara resèpsi.

꧋ꦱꦸꦁꦏꦼꦩ꧀ꦩꦤ꧀꧈ Sungkeman[besut | besut sumber]

Pinangantèn sak kloron sungkem nyuwun pangèstu marang wong tuwa kekalih.

꧋ꦏꦼꦤ꧀ꦝꦸꦫꦺꦤ꧀ / ꦉꦱꦺꦥ꧀ꦱꦶ꧉ Kendhurèn / resèpsi[besut | besut sumber]

Kendhurèn utawa kendhuri iku dadi pucuk acara pengantènan, uga kadang diarani resèpsi utawa walimahan. Sajatiné kagiyatan iki nduwé makna upacara slametan, slamet amarga inti acarane ya iku ijab kabul wis rampung diadani. Ing acara iki, pasangan pengantèn nrima mangayubagya saka sadulur, kanca uga kabèh sing teka ing acara iki.

Dhékorasi[besut | besut sumber]

Dhékorasi dipasang ing dalemipun ingkang gadhah damel, wernané wonten kathah.

Masang Tarub[besut | besut sumber]

Masang tarub gumantung marang kaanan ing dalemé sing duwé kajad.

Pamaès[besut | besut sumber]

Upacara paèsing calon pengantèn putri ing wanci sabibaripun upacara siraman, kajibahan ditindakaké juru paès utawi dhukun pengantèn.

Uga delengen[besut | besut sumber]

Ningali calon pengantèn putri ing griya tiyang sepuhipun.