Kendhuri

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
(Dilih saka Kendurèn)
Jump to navigation Jump to search
Wong-wong ndedonga ing acara kendhuri (1931).

Kendhuri (uga sok diarani kendhurèn lan kondangan) iku sajatiné upacara slametan utawa syukuran. Yèn ana wong Jawa kang nduwé khajatan, racaké ana kendhuri amarga kang diarep-arep wis kaleksanan lancar lan aman, utawa ndedonga amrih olèh kaslametan nalika arèp ngayahi sawijining lelaku kang wigati. Acara iki racaké dadi rangkéyaning acara kelairan, khitanan utawa pernikahan. Kendhuri acara pernikahan saiki lumrahé uga diarani resèpsi.

Acara utama sajeroning upacara kendhuri yakuwi arupa ritual ndedonga marang Pangèran Kang Maha Kuwasa supaya diparingi kaslametan, karahayon tumrap kang gadhah kersa sumrambah marang kabèh para rawuh. Kanggo wong Islam ing acara iku racaké padha maca Surah Yasin.

Undhangan[besut | besut sumber]

Sing diundhang ing acara kendhuri lumrahé kerabat utawa sadulur, tangga tepara, kanca lan wong liya kang dikenal, lan kang diundhang lumrahé bapak-bapak utawa wong lanang. Yèn ibu-ibu uga diundhang, racaké wektuné dipisah. Ing kutha gedhé, undhangan kendhuri lumrahé dicampur antarané bapak-bapak lan ibu-ibu.

Pasugatan[besut | besut sumber]

Tumpeng slametan ing acara kendhuri.

Sing disuguhaké sajeroning acara kendhuri racaké arupa panganan tradhisional, ing antarané sega kuning, jajan pasar lan liya-liyané. Jaman saiki suguhan kendhuri ditata ing sakdhuwuring méja kang amba. Yèn kendhuriné wis rampung, tamu-tamu kang rawuh lumrahé dibekeli bèsèk utawa berkatan sega kendhuri.[1]

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. ^ forum.detik.com(Dipuntingali tanggal 28 Mèi 2011)