Parembugan:Pangantènan adat Jawa

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa

Upacara panggih

Sak rampunge acara ijab kabul (akad nikah)dileksanakake acara Panggih, ing acara iki kembang mayang digowo metu seko omah lan di delehake neng prapatan cedak omah sing tujuanne kanggo ngusir roh jahat. Sak wise iku penganten putri ketemu (panggih) karo penganten kakung sak perlu nerusake upacara: balang suruh, Wiji dadi, Pupuk, Sinduran, Timbang, Kacar-kucur, Dahar klimah, Mertui lan Sungkeman. [sunting] Upacara balangan suruh

Upacara balang suruh minongko perlambang sih katresnan lan kasetian ing antarane penganten kakung lan putri. [sunting] Upacara wiji dadi

Penganten kakung ngidak endog pitik nganti pecah, banjur penganten putri ngmbah/ngresiki sikil/ampeyane penganten kakung nganggo banyu kembang. Upacara iki minongko perlambang sawijining kepala keluarga sing tanggung jawab mring keluarga. [sunting] Pupuk

Ibu penganten putri ngusap-usap sirah/mustaka mantu kakung minongko tondho ikhlas nompo dadi bageane kulawargo. [sunting] Sinduran

Lumampah alon-alon kanthi nyampirake kain sindur, minongko tondho pinanganten sak kloron wis tinompo dadi kulowargo. [sunting] Timbang

Pinanganten sak kloron lungguh neng pangkonane Bapake penganten putri, minongko perlambang sih katresnane wong tuwo marang anak lan mantu soho besan. [sunting] Kacar-kucur

Kacar-kucur wujud dhuwit logam, beras lan uborampe liyane sing di kucurke ono pangkonane penganten putri minongko perlambang paweh nafkah. [sunting] Dahar Klimah

Penganten sak kloron dahar dulang-dulangan minongko perlambang pinanganten sak kloron arep urip susah lan seneng kanthi bebarengan. [sunting] Mertui

Wong tuwane penganten putri methuk wong tuwane penganten kakung neng ngarep omah lan bebarengan tindak neng acara resepsi. [sunting] Sungkeman

Pinanganten sak kloron sungkem nyuwun pangestu marang wong tuwa. [sunting] Kenduren / resepsi

Kenduren utawa kenduri iku dadi puncak acara pengantenan, uga kadang diarani resepsi utawa walimahan. Sejatine kagiatan iki nduwe makna upacara selametan, selamet merga inti acarane yaiku ijab kabul wis rampung diselenggaraake. Neng acara iki, pasangan penganten nerima ucapan selamat saka kerabat, kanca uga kabeh sing hadir neng acara iki.

Sumber?[besut sumber]

Artikel iki ora ana utawa durung ana sumberé. Banjur adat Jawa iku sing endi? Ana cara Pesisiran, Surakartan (bisa dipérang Kasunanan lan Mangkunegaran), Ngayogyakartan, Surabayan, Jawa Wétanan lan sabanjuré. Meursault2004ngobrol 4 November 2011 13.26 (UTC)

Matur nuwun Pak Meursault2004, lajeng saenipun punapa dipun gabungake ing artikel Pangantènan.Nuwun bimbinganipun matur nuwun. PL09Puryono| Pirembagan! 6 November 2011 11.08 (UTC)

Perkawis pangantèn, saénipun kanggé mbahas fénoména punika sacara umum. Kaca puniki saged dipunenggé mbahas pangantènan cara Jawi sacara kusus. Nanging kedhah pados sumber rumiyin ingkang saged dipunpitadosi. Matur nuwun lan salam. Meursault2004ngobrol 7 November 2011 08.47 (UTC)

Kula gadhah buku "Ensiklopedi Budaya Jawa", "Upacara Pengantin Jawa" lan "Tata rias pengantin Solo Putri", mangke manawi wonten wekdal badhe kula parios. Matur nuwun.Pras pirembagan 7 November 2011 14.06 (UTC)

Matur nuwun pak. Lajeng kanggé nambahi Pak Puryono malih, ing Wikipédia Basa Inggris dipunbèntenaken antawis wedding saha marriage. Ing WBI dados pernikahan lan perkawinan menawi kula mboten lepat. Punika Jawanipun punapa 'nggih? 'Pangantènan' (wedding) lan 'omah-omah', 'rerabèn' (marriage)? Salam. Meursault2004ngobrol 9 November 2011 11.44 (UTC)