Labu air

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Labu air
Courge encore verte.jpg
Woh enom labu air
Klasifikasi ngèlmiah
Karajan: Plantae
Dhivisi: Magnoliophyta
Klas: Magnoliopsida
Ordho: Cucurbitales
Famili: Cucurbitaceae
Génus: Lagenaria
Spésies: L. siceraria
Jeneng binomial
Lagenaria siceraria
(Molina) Standl.
Sinonim

Lagenaria leucantha
Cucurbita leucantha
C. siceraria
C. longa
C. lagenaria

Lagenaria siceraria var peregrina

Labu air utawi labu sayur (Lagenaria siceraria) inggih punika salah satunggaling jinis labu ingkang wohinpun ingkang taksih enèm saged dipunjangan lan wohipun ingkang sampun tua saged dipudadosaken wadhah toya, tabung, kanthong hias, utawi dados koteka. Labu air taksih satunggal kulawarga kaliyan beligo lan raosipun inggih meh sami. Dene wujud fisik wohipun inggih maneka warna, saking ingkang wujudipun bunder ngantos dawa lonjong. Tanduran punika dipunmangertosi minangka salah satunggaling tanduran ingkang dipunbudidaya ingkang sampun tua, ananging tanduran punika dipuntandur sanes kanggé bahan dhaharan ananging dipun-ginakaken kanggé prabot rumah tangga. Amargi wujudipun punika, mila prabot laboratorium ingkang wujudipun meh sami kados woh labu air punika mila prabot punika ugi dipunsebat labu, kados ta labu ukur lan labu Erlenmeyer.

Asal lan Pangrembakanipun[besut | besut sumber]

Tanduran labu air punika kalebet tanduran holtikultura ingkang saged tuwuh wonten ing laladan tropis saha subtropis, lan sak punika tiyang kathah ingkang pitados bilih asalipun tanduran punika lan pangrembakanipun dipunwiwiti saking Afrika Selatan.[1] Tanduran Labu air punika sampun dipunbudidaya wonten ing Asia, Éropah, lan Amerika lan sampun ewunan taun wonten saderengipun Christophr Columbus manggihaken bawana Amerika.

Titikanipun[besut | besut sumber]

Kados anggota sanesipun saking kulawarga cucurbitaceae, labu air ugi ngewrat kandhungan cucurbitacin ingkang misuwur dados o be cytotoxic. Kandhungan tetracyclic triterpenoid cucurbitacins kamot wonten ing woh- owhan ugi janganan ing kulawarga timun kanthi raosipun ingkang radi pait, lan saged damel sakit padharanipun. Lan ingkang paling temenan saged damel tiyang seda amargi ngunuk jus labu punika. [2][3] [4]

Pigunanipun[besut | besut sumber]

Karibia[besut | besut sumber]

Ing Karibia, labu air asring dipun-ginakaken kangge prabot rumah tangga, kados ta kangge cangkir, mangkok, utawi baskom lan sadaya prabot ingkang wujudipun nglengkung. Piranti punika ugi saged dipun-ginakaken kangge wadhah toya, utawi saged dipun-ginakaken kangge mbeto barang- barang sanesipun. Ing saperangan nagara ing Pulo Karibia, labu air dipun-ginakaken kangge makarya, nglukis, saha ndhekor tas utawi barang sanesipun ingkang sampun dipungambari lan dipunsade kangge para turis. Ing Jamaika, labu air ugi dipun-ginakaken kangge prabot rumah tangga ingkang nggambaraken gesang ingkang séhat, kados ta kangge cangkir, mangkok, utawi teko.

Afrika[besut | besut sumber]

Ing Afrika, labu air ingkang ugi dipunsebat nkalu ing Kikongo dipun-ginakaken kangge nglumpukaken saha kangge nyimpen arak mliginipun ing Propinsi Bandudu, Republik Kongo. Ing laladan Afrika Barat, labu air aring dipunbolongi lan dipun-ginakaken kangge prabot khas rumah tangga kangge ngresiki wos, mbeto toya utawi kangge wadhah dhaharan. Dene kangge ukuran ingkang alit dipundinakaken kangge mangkok kangge ngunjuk tuak.

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. ^ Discovery and genetic assessment of wild bottle gourd [ Lagenaria siceraria (Mol.) Standley, Cucurbitaceae] from Zimbabwe. mbe.oxfordjournals.org – Economic Botany 58. 2004. kk. 501–508.  Cite nganggo paramèter lawas |coauthors= (pitulung); |coauthors= butuh |author= (pitulung)
  2. ^ Adhyaru-Majithia, Priya (27 January 2013). "Not all bitter veggies are good, they can kill you: Doctors". DNA (Bhaskar Group). Diarsip saka sing asli ing 27 January 2013. Dijupuk 27 January 2013. 
  3. ^ Chandra, Neetu (27 January 2013). "Toxin in lauki kills diabetic city scientist". India Today (Living Media). Diarsip saka sing asli ing 27 January 2013. Dijupuk 27 January 2013. 
  4. ^ "Bitter 'lauki' juice can kill you". Times of india (Living Media). 27 January 2013. Dijupuk 27 January 2013.