Kridha Olimpik

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Gendéra Olimpiade

Kridha Olimpik utawa Olimpiade (basa Prancis: les Jeux olympiques, JO)[1], ya iku acara ulah raga internasional petang tahunan sing nandingaké cabang-cabang ulah raga mangsa ketiga lan mangsa rendeng lan dimèloni déning éwonan atlet sing padha saingan ing werna-werna tetandhingan ulah raga. Olimpiade ya iku kompetisi ulah raga gedhé dhéwé lan terkenal ing donya, kanthi punjul 200 nagara sing padha mèloni.

Awalé, Olimpiade mung mlaku ing Yunani kuna nganti akhiré ing taun 393 M Olimpiade kuna iki dimandekaké déning Kaisar Romawi, Theodosius. Olimpiade salanjuté diuripne manèh déning salah sijining bangsawan Prancis jenengé Pierre Frèdy Baron de Coubertin ing taun 1896. Ing kongres taun 1894 sing diselenggaraké ing Paris, digawé Komite Olimpiade Internasional (IOC) lan kutha krajan Yunani, Athena dipilih dadi tuan rumah Olimpiade modhèren sing kapisan taun 1896. Salanjuté, saka taun 1896 tekan saiki, saben petang taun pisan Olimpiade Mangsa Ketiga terus dienekane kajaba taun-taun ing jaman Perang Donya II. Edisi mirunggan kanggo ulah raga mangsa rendeng; Olimpiade Mangsa Rendeng, lekas diènekaké ing taun 1924. Awalé Olimpiade Mangsa Rendeng dienekake ing taun sing padha karo Olimpiade Mangsa Ketiga, ananging saka taun 1994 Olimpiade Mangsa Rendeng diènèkaké saben petang taun pisan, karo kaletan wektu rong taun saka Panitia Olimpiade Mangsa Ketiga [2].

Evolusi sing digandrungi déning IOC sing suwéné saka abad 20 tekan 21 wis ndadèkaké pirang-pirang éwah-éwahan ing panyelenggaran Olimpiade. Sak propirané kanggo njumbuhaké dilakokaké, kalebu uga panggawénan Olimpiade Mangsa Rendeng kanggo ulah raga es lan salju, Paralimpiade kanggo atlet sing nduwé cacat fisik lan Olimpiade Remaja kanggo para atlet rumaja. Ing perkembangané, Olimpiade wés ngadepi werna-werna tantangan, kayadené padha mboikot, migunakaké obat-obatan, suap lan terorisme. Olimpiade uga dadi kesempatan gedhé kutha lan nagara tuan rumah kanggo ngenalaké awaké dhéwé ing donya.

Ing Indonésia, Olimpiade sing kerep kaloka lan ajeg dimèloni ya iku Olimpiade Mangsa Panas. Indonésia dhéwé sing kepisan mèloni ya iku Olimpiade Helsinki 1952 ing Finlan, lan ora tau mbolos mèloni Olimpiade ing taun-taun salanjuté kajaba ing taun 1964 lan 1980.[2].

Olimpiade kuna[besut | besut sumber]

Stadion Olimpiade kuna ing Olympia, Yunani.

Wiwit éwonan taun kapungkur bangsa Yunani wés kenal ulah raga ing pangertèn sing paling ringkes. Dewèké nglakoni kanggo kepentingan wadyabala perang utawa kemiliteran. Kanthi ulah raga dikarepaké para prajurit dadi tangkas dan sregep ing perang. Olimpiade sing paling dhisik kacrios wes diadani bangsa Yunani kuna ing taun 776 Sadurungé Masehi. Kegiyatan itu dimèloni kabèh bangsa Yunani lan nduwé kagunan kanggo ngurmati déwa sing paling dhuwur, Zeus. Zeus manggon ing Gunung Olimpus sing salanjuté dadi jeneng Olimpiade nganti saiki. Olimpiade kuna uga diadani pendak petang taun, para ulah ragawan paling apik saka Yunani padha teka ing arena cedhak Gunung Olimpus. Para ulah ragawan padha tandhing siji siji, dudu gawa jeneng tim. Para atlet sing arep tandhing luwih dhisik latihan sing tenanan sing suwéné sepuluh wulan ing laladané dewé-dewé. Jaman Mbiyèn, ing Yunani kerep kedadéan perang sadulur, ananging ing wektu pista ulah raga mlaku, wong sing padha ribut padha nglakoni gencatan senjata. Sapa waé sing nglanggar konsensus bakalé diwènèhi denda. Bangsa Sparta tau dipeksa mbayar denda amarga nglanggar gencatan senjata saksuwéné Perang Peloponnesus. Amèh tetandhingan, panitia pelaksana mbelèh babi kurban.[3][4]

Saiki, ing laladan Olympia, Yunani wes ana yasan cilik lan gelanggang ing alam terbuka. Sisa-sisa puing gelanggang latihan iku kagolong tilas arkeologis sing dilestarèkaké déning pamaréntah Yunani. Ing pista Olimpiade kerep kedadéan perjanjian perdamaian utawa persekuthuan antar bangsa. Kedadéan uga pirang-pirang kegiyatan transaksi. Barang-barang sing didol ya iku anggur, panganan, jimat, lan barang-barang ibadah. Olimpiade kuna nandhingaké cabang-cabang atletik misalé mlayu, mencolot, lan mbalang. Ana uga pacuan kuda lan pacuan kereta. Amarga aturané durung tetep, para penonton kerep kena bandeman watu utawa ditabrak kereta jaran para peserta.[5][6][7]

Macemé tetandhingan ing Olimpiade kuna bisa kasebut sarwa atos. Para atlet mlayu padha mlayu sak kenceng-kencengé tanpa nganggo lambaran sikil. Para panunggang jaran padha lomba entèk-entèkan tanpa pelana utawa sanggurdi. Para atlet sing mencolot gawa pemberat sing diayunké kanggo nambah surungan maju. Ulah raga sing paling abot ya iku pankration, ulah raga nggabungaké gulat lan tinju gaya tradhisional.[8] Para atlet olèh nyépak utawa nekak lawané, sing ora diéntukaké ya iku mencèt mata, nyokot, lan nyeklèkake driji. Fairplay bener-bener digatèkaké para atlet. salah sijining artefak purba ngetokaké adegan tinju antarané rong atlet. Sing menang tinju ya iku pihak sing bisa ngampleng sirah lawané. Pihak sing kalah kudu ngacungaké driji tanda ngaku kalah.[9]

Olimpiade kuna mung éntuk ditonton lan dimeloni para priya. Amarga para atlet kudu tandhing nganggo awak ora nganggo busana, kajaba kanggo kesempatan mirunggan, kaya lomba keréta jaran. Dèwèké nanggo busana manéko warna kanggo nudhuhaké status sosial sing nduwé keréta lan jaran. Kanggo wong Yunani ora nganggo busana dadi cara paling pas kanggo ulah raga. Dèwèké bungah manawa duwèni awak sing atletis.[10] Sing menang tetandhingan éntuk mahkota godong, kaya godong zaitun liar sing ngganteni medhali. Kadang-kadang sing juara diarak mlebu kutha lumantar siji bolongan/trowongan sing digawé mirunggan ing tembok kutha. Dewèké dielu-elu ing dalan kutha lan disambut kanthi wacanan gurit.[11] Bebungah liane kanggo ulah ragawan sing berprestasi arupa bébas saka pajeg lan éntuk mangan gratis. Salah sijining kutha uga diwènèhi bonus duit sing cacahé gedhé. Malah ing kutha sing dinggo panggon pemenang digawèkaké patung sing dewèké. Akèh patung watu lan perunggu isih sisa tekan saiki lan iku dadi bebungah sing paling langgeng duwéné sing juara. Salah siji pérangan cabang atletik sing isih tetep kaloka tekan saiki ya iku maraton, ya iku perlombaan mlayu sing adohe kira-kira 42 km.[12]

Olimpiade tekan nduwurané ing abad kaping-6 lan kaping-5 SM, ananging sabanjuré kanthi alon-alon ngalami kunduran bebarengan kalahé Yunani karo Romawi. ora ana konsensus sing nyatakné kanthi resmi babagan rampungé Olimpiade, ananging téyori sing paling umum dicekel saiki ya iku ing taun 393 M, pas Kaisar Romawi, Theodosius nyatakné manawa kabèh budaya praktek-praktek kuna Yunani kudu diilangi.[13] Sabanjure, ing taun 426 M, Theodosius II mrintahaké ngrusak kabèh kuil Yunani. Sawisé kui, Olimpiade ora diènèkaké manèh tekan pungkasan abad 19.[14]

Olimpiade modhèren[besut | besut sumber]

Pelopor[besut | besut sumber]

Dr. William Penny Brookes.

Tetandhingan kapisan sing pelaksanaané padha karo Olimpiade kuna ya iku L'Olympiade de la République, salah sijining festival ulah raga nasional sing diènèkaké ing taun 1796 tekan 1798 saksuwené mangsa Revolusi Prancis.[15] Ing pelaksanané, kegiyatan iki ngadopsi sapérangan aturan-aturan sing mlaku ing Olimpiade kuna. Kegiyatan iki uga nandani ditrepaké sistem metrik ing cabang-cabang ulah raga.[15]

Ing taun 1850 siji Kelas Olimpiade diadekake déning Dr. William Penny Brookes ing Much Wenlock, Shropshire, Inggris. Sabanjure, ing taun 1859, Dr. Brookes ngganti jeneng Kelas Olimpiade dadi Olimpiade Wenlock. Kegiyatan kasebut tetep dienekake tekan dina iki.[16] Tanggal 15 November 1860, Dr. Brookes membéntuk Perkumpulan Olimpiade Wenlock.[17]:28.

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. ^ "French and English are the official languages for the Olympic Games." Diaksès 7 Juli 2012
  2. ^ a b SITUS RESMI KOMITE OLIMPIADE INDONESIA Diaksès 19 Juli 2012
  3. ^ Swaddling, Judith (2000). The Ancient Olympic Games (ed. 2). Austin: University of Texas Press. k. 54. ISBN 0-292-70373-2. OCLC 10759486. diakses 23 Juli 2012
  4. ^ Young (2004), hal. 12
  5. ^ Pausanias, "Elis 1", VII, hal. 7, 9, 10; Pindar, "Olympian 10", hal. 24–77
  6. ^ Richardson (1997), hal. 227
  7. ^ Young (2004), hal. 12–13
  8. ^ "Olympic Games" (registration required). Encyclopædia Britannica. Dijupuk 29 April 2009. 
  9. ^ Spivey (2004), hal. 229–230
  10. ^ Burkert (1983), hal. 95
  11. ^ Swadling (1999), hal. 90–93
  12. ^ Olympic Museum, "The Olympic Games in Antiquity", hal. 2
  13. ^ However, Theodosius' decree contains no specific reference to Olympia (Crowther (2007), hal. 54).
  14. ^ Crowther (2007), hal. 54
  15. ^ a b "Histoire et évolution des Jeux olympiques". Potentiel (ing basa French). 2005. Dijupuk 31 January 2009. 
  16. ^ Young (2004), hal. 144
  17. ^ Young (1996)