Menyang kontèn

Juliana saka Walanda

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
(Kaelih saka Juliana (Belanda))
Gusti Kanjeng Ratu Juliana
Ratu Juliana mirsani parade Queen's day ing 1959
Ratu Nèderlan
Panjenengan4 September 1948 – 30 April 1980
(&&&&&&&&&&&&&031.&&&&&031 taun, &&&&&&&&&&&&0239.&&&&&0239 dina)
LeluhurRatu Wilhelmina
PanerusRatu Beatrix
Lair30 April 1909
Den Haag, Walanda
Surud20 Maret 2004 (yuswa 94 taun)
Baarn, Walanda
Astana30 Maret 2004
Nieuwe Kerk, Delft
GariniBernhard saka Lippe-Biesterfeld
PutraBeatrix saka Walanda
Putri Irene, Adipatni Parma
Putri Margriet
Putri Christina
Jeneng dawa
Juliana Louise Emma Marie Wilhelmina
WangsaOranye-Nassau*
BapaHendrik saka Mecklenburg-Schwerin
IbuRatu Wilhelmina saka Walanda
AgamaReformed Protèstan

Ratu Juliana Louise Marie Wilhelmina van Oranje-Nassau (lair ing Den Haag, 30 April 1909 – pati ing Baarn, 20 Maret 2004 ing umur 94 taun) inggih punika Ratu Walanda saking 6 September 1948, dumugi tanggal 30 April 1980, ambal warsa beliau ingkang kaping 71, nalika putrinipun Ratu Beatrix jumeneng ratu.[1]

Juliana palakrama kaliyan Bernhard zur Lippe Biesterfeld, satunggaling bangsawan Jerman, rikala tanggal 7 Januari 1937 lan pikantuk sekawan putra Beatrix (1938), Irene (1939), Margriet (1943), lan Marijke (1947) ingkang namanipun lajeng kagantos dados Christina.[2]

Ratu Juliana minggah tahta nggantosaken ingkang ibu, Wilhelmina, antawising taun 19471948. Rikala tanggal 27 Dhésèmber 1949, piyambakipun ingkang kanthi resmi masrahaken kedaulatan Hindia Walanda dhumateng ketua wakil Indonésia, M. Hatta, wonten ing pepanggihan ing Pura Dam, Amsterdam.

Rakyat Walanda remen kaliyan piyambakipun amargi boten njunjung formalitas kanthi saèstu. Putrinipun, Beatrix, malah dipunkenal langkung formal, kados déné ingkang bapa, Pangeran Bernhard.

Ratu Juliana pindhah dhateng Indonésia wonten ing taun 1972 sinambi mbekta "olèh-olèh", antawisipun naskah manuskrip Kakawin Nagarakretagama. Naskah lontar punika asalipun saking Lombok lan dumugi ing Walanda amargi dipunjarah déning KNIL rikala taun 1894, nalika bala Walanda ngasorake Lombok.

Éwadéné sampun ngundhuraken dhiri saking pulitik wiwit taun 1980, piyambakiun taksih aktif wonten ing babagan sosial dumugi taun 1995.

Lan piyambakipun ingkang minangka Ratu Walanda ingkang pungkasanipun ngakuni kedaulatan nagara Indonésia sasampuning pepanggihanipun kaliyan Mohammad Hatta wonten ing pamungkasan Diplomasi wonten ing Konferensi Meja Bundar ing kutha Den Haag, nalika tanggal 23 Agustus dumugi tanggal 2 November 1949.

Pagesangan Wiwitan

[besut | besut sumber]

Juliana miyos wonten ing kutha Den Haag, putra saking Pangeran Hendrik, Duke saking Mecklenburg-Schwerin kaliyan Ratu Wilhemina saking Walanda. Juliana nelasaken masa alitipun wonten ing Pura Het Loo ing Apeldoorn, lan wonten ing Pura Noordeinde sarta Pura Huis ten Bosch ing wewengkon Den Haag. Sawijining sekolah kecil dipunyasa wonten ing Pura Noordeinde saking pamanggihipun pengajar Jan Lightart saèngga, nalika yuswanipun ngancik angka 6 taun, sang Putri saged pikantuk pendidikan utamanipun sesarengan kaliyan kancanipun. Kanca sepantaranipun inggih punika Baroness Elise Bentinck, Baroness Elisabeth van Hardenbroek lan Jonkvrouw Miek de Jonge.[3]

Kados ingkang kacantum wonten ing konstitusi Walanda manawi piyambakiipun kedah siyap nglajengaken tahta nalika yuswanipun ngancik angka 18, pendidikan Putri Juliana kalampahan langkung rikat saking laré sanèsipun. Sasampunipun 5 taun pendidikan dhasar, sang Putri pikantuk pendidikan lanjutanipun (dumugi tingkat pra-universitas) déning tutor privat.

Cathetan suku

[besut | besut sumber]
  1. "Archive copy". Diarsip saka sing asli ing 2013-08-20. Dibukak ing 2013-02-26.{{cite web}}: CS1 maint: archived copy as title (link)
  2. http://www.koninklijkhuis.nl/english Website resmi kulawarga karajan Walanda
  3. Queen Juliana (1909-2004) at the Dutch Royal House website
Juliana saka Walanda
Lair: 30 April 1909 Tilar donya: 20 Maret 2004
Regnal titles
Kang sadurungé
Wilhelmina
Ratu Nèderlan
6 September 1948 – 30 April 1980
Kang sawisé
Beatrix