Konferensi Meja Bundar

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Konferensi Meja Bundar

Konferensi Meja Bundar ya iku patemon antarané pamaréntah Républik Indonésia lan Walanda sing kaleksanan ing Den Haag, Walanda saka 23 Agustus nganti 2 November 1949[1].

Sajarah[besut | besut sumber]

Usaha kanggo ngredam kamardikan Indonésia kanthi dalan kekerasan gagal[2]. Walanda éntuk kecaman saka PBB[2]. Walanda banjur nganakaké patemon kanggo ngrampungaké masalah iki kanthi diplomasi, lumantar perundingan Linggarjati, perjanjian Renville, perjanjian Roem-van Roijen, lan Konferensi Meja Bundar[2].

Asil konferènsi[besut | besut sumber]

Asil saka Konferensi Meja Bundar (KMB) ya iku:

  • Serah trima kedaulatan saka pamaréntah kolonial Walanda kanggo Républik Indonésia Sarekat, kajaba Papua pérangan Kulon[1]. Indonésia kepéngin supaya kabèh tlatah bekas Hindia Walanda dadi tlatah Indonésia, déné Walanda péngin ndadèkaké Papua pérangan kulon ddadi nagari sing pisah amarga béda ètnis[1]. Konferensi ditutup ora nganggo kaputusan mau[2]. Amarga iku pasal 2 nyebutake yèn Papua pérangan kulon ora péranganing serah trima, lan yèn masalah iki arep dirampungake ing wektu setaun iku[2].
  • Kabéntuk persekuthuan Walanda-Indonésia, karo monarch Walanda minangka pres

Cathetan suku[besut | besut sumber]