Gereja Kristen Jawa

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Loncat ke navigasi Loncat ke pencarian
Gréja Kristen Jawa
120px
Logo GKJ
KlasifikasiProtèstan
OrientasiReformed
Struktur organisasiPresbiterian Sinodal
DaerahJawa Barat, Banten, DKI Jakarta, Jawa Tengah & Jawa Timur
Ngadek17-18 Fèbruari 1931
Kebumen, Jawa Tengah
Cabang sakaNederlandsche Gereformeerde Zendingvereniging, Zending van de Gereformeerde Kerken in Nederland & Jemaat Kerasulan Kyai Sadrach
PethalGréja Kristen Sumatra Pérangan Selatan
Kumpulan ibadah32 klasis
Anggota+ 218.998 jiwa
Pendheta307
Gereja307 gréja
Rumah sakittidak diketahui
Panti asuhantidak diketahui
Organisasi kamanungsantidak diketahui
Sekolah dasartidak diketahui
Sekolah menengahtidak diketahui
Pendidikan tinggitidak diketahui
Situs webwww.gkj.or.id

Gréja Kristen Jawa utawa Sinode Gréja-gréja Kristen Jawa (cekakane GKJ, ngadek tanggal 17 Fèbruari 1931) ya iku suhing Gréja-gréja Kristen Jawa sing cacahé ana 307 gréja, sing kapantha sajeroning 32 klasis lan sumebar ing 6 provinsi ing pulau Jawa yakuwi Jawa Tengah, DI Yogyakarta, Jawa Wétan, Jawa Barat, DKI Jakarta lan Banten.[1]

Riwayat GKJ[besut | besut sumber]

Cikal bakal[besut | besut sumber]

Rina lan wengi, wong sekeng cacahé sanga sing ngayahi pagawéan minangka buruh tukang mbatik sing ngladeni Ny. Van Oostrom Phillips dingBanyumas, nekad mlaku nerobos désa-désa lan pagunungan tumuju Semarang (adohe kira-kira 300 Km) kang tujuane nyuwun tandha babtis saka Zendeling NZG W. Hoezoo 10 Oktober 1858 jalaran tandha babtis di karesidenan Banyumas déning zendeling ora dikeparengake karo pemerintah kolonial ing kono. Wong-wong mau sing dadi cikal bakal mulabukane gréja GKJ kang kapisan.

Cikal bakal kapindho ya iku, ana wong lanang loro lan wong wadon telu, buruh kere kang dadi bature Ny. Christina Petronella Phillips Stevens ing Ambal, Purworejo sing nampani tandha babtis ing Gréja Indische Kerk Purworejo 27 Dhésèmber 1860.

Cikal-bakal kang sinebut lan ngaku minangka Gréja-gréja Kristen Jawa ya iku golongan masarakat ngisor lan ora bisa maca, kulawargané para batur lan buruh mbatik, masarakat kelas bawah Boemipoetera jaman kolonial sing paling ngisor status sosiale.

Kanthi nglebokke para warga kang diwengku déning Kyai Sadrach Suropranoto uga pantes dilebokke kelompok bibit kawit cacahé ewon, sumebar ing puluhan désa "wiwit Segara Lor tekan Segara Kidul", saka kawasan Menoreh, Kedu, Sindoro Sumbing lan Dieng, "laladan ing gunung wah ing ngare", gambaran iki ya ora owah. Piyambake uga "wong karang perdesan" lan "wong nggunung kelas koelie kendho".[2]

Saumpama kelompok Kristen Simo sing banjure ngalih ing Nyemoh (cedhak Bringin Salatiga) kang kawengku déning Ny. E.J.Le Jolle de Wildt lan Petrus Sadaja (baptis taun 1855, telung taun luwih dhisik saka kelompok Banyumas) ditambahake minangka bibit kawit, uga kalebu kelas ngisoran, amarga kelompok Simo – Nyemoh iki uga saka kalangan batur pula, utawa sadhuwur-dhuwure golongan mager sari.

Jemaat mulabuka iku mau, saben menyang gréja nekani kebaktian ya mung mlaku, lan sikile nyeker, kanti busana saanane, kaya lumrahe batur lan wong tani gurem. Para jemaat iku mau sinau agama Kristen uga sinau ngidung pujian modale ya mung apalan.

Generasi kapindho lan katelu[besut | besut sumber]

Tuwuhe kelompok Kristen mulabuka iki sigra disusul déning tuwuhing kelompok liya, kasile pekabaran injil Nederlandche Gereformeerde Zendingvereniging (NGZV) sing miwiti ing Jawa Tengah taun 1865 ing Tegal (Muaratuwa) lan Purbalingga (Bobotsari lan Bojong), sing mengkone diwengkoni déning Zending Gereformeerd Kerken (ZGK) kawit taun 1896 lan dikembangke miyos pusat-pusat penginjilan saka kutha-kutha Purworejo – Temon, Kebumen, Yogyakarta, Surakarta, Banyumas-Purbalingga sarta Magelang Temanggung, sakabehe saka Jawa Tengah Kidul. Awit saka kuwi, wiwit tuwuh puluhan pepanthan ing saidhenge saben pusat penginjilan ing njaba kelompok sing lawas utawa kelompok "Wong Kristen Merdhiko". Nanging, meh kabèh warga gréja Jawa asalé saka wong tani lan buta aksara. Ya mung kanti lelabuhane sekolah lan rumah sakit sing diwengku zending, alon-alon génerasi kapindho warga Gréja Jawa ana owah-owahan, pra warga mau wiwit ngerti huruf, amarga pendhidhikan ing sekolah lan ing rumah sakit zending sapérangan génerasi kapindho iku wiwit ana sing dadi guru lan juru rawat sarta pegawe kalebu ing pamaréntahan désa. Saka génerasi kapindho iki, mengkone tuwuh génerasi kaping telu warga geraja Jawa pra lanan pasca kemerdekaan sing kadhidhik, sing nalika jaman kolonial diwènèhi fasilitas sinau ora mung ing "Volkschool" lan "Vervolgschool" nanging uga ing "Schakelschool", HIS, MULO, "Kweekschool" lan HIK.

Sing baku, saya gedhene gréja Jawa (sajabane "Golongane Wong Kristen “Jowa” kang Merdhika" kang esih durung mèlu sajrone wewengkone zending), apa manèh wiwit taun 1900, tuhu ditemtokake déning metode lan realisasi Pekabaran Injl Zending ZGK sing agawe gréja Jawa tuwuh gumantung saka para Pendeta Missi lan zending.

Pandhewasan[besut | besut sumber]

Pandhewasan pepanthan Gréja-gréja Jawa kapisan ya iku gréja Purworejo (4 Fèbruari 1900), ora suwé disusul pepanthan Temon. Nanging pandhewasan iku mau jebul mung kanggo pamer tumrap Golongane Wong Kristen “Jowa” kang Merdhiko kang kapimpin Kyai Sadrach kanggo mbuktekke zending ora duwé pamrih liya mligi ngadegaké gréja-gréja Jawa kanti pendeta-pendeta Jawa. Bokmenawa pandhewasan kelompok Glonggong-Kebumen (3 November 1911) lan kelompok Gondokusuman Yogyakarta (23 November 1913) pandhewasan gréja iki pantes mau dipertanggungjawabkan. Sawisi nem likur taun ya mung Gréja Gondokusuman sing kapisan sumadya nimbali pendeta ya iku Ds. Ponidi Sopater ing taun 1926 ing antarané 17 gréja Jawa sing wis kadhewasan déning zending ya iku Purworejo, Temon, Glonggong, Gondokusuman, Sala, Klaten, Tungkak, Patalan, Candisewu, Magelang, Kesingi, Palihan, Kebumen, Grujugan, Purbalingga, Grendeng lan Adireja.

Gréja-gréja iku regeng nalika kapimpin déning guru-guru Injil dhidhikane "Opleiding School van de Helper bij de Dienst Woords" (Sekolah kanggo para pembantu ing leladosan Sabda Gusti/Sekolah Guru Injil) Yogyakarta kabiantu sarta déning guru-guru sekolah zending lan mantri jururawat rumah sakit lan poliklinik zending..

Tanggal 17-18 Fèbruari 1931 gréja-gréja Jawa sing wektu kuwi nyebut minangka "Pesamoewan Kristen “Gereformeerd” ing Tanah Djawi Tengah sisih Kidoel", sing kapantha ing sajrone limang klasis ngindhuk ing sinode wiwitan ing Kebumen, iki dadi tonggak wiwitan persidangan sinode Gréja-gréja Jawa Tengah Selatan lan disusul sinode-sinode sabanjuré, sanajan peran sarta para Pendeta Missioner ZGK esih cukup gedhé minangka panuntun para pemimpin gréja Jawa berjalan nglampahi kadhewasane sing esih enom iku.

Kadhewasan Geredja-geredja Kristen Djawa Tengah Selatan (sebutan sing pungkasane dienggo) nemokke kesempatan nalika gréja-gréja Jawa kudu ngupadi negakke kauripane dhéwé nalika para Pendeta Missi ditawan déning Jepang awit 1943 lan sesambungan karo gréja Eropa pedhot. Nalika kuwi, era kemandirian gréja katon sigra bener-bener wiwit dilakoni. Nanging jebule gréja Jawa esih kudu sabar. Sanajan Gréja-gréja Kristen Jawa Tengah Selatan kasil nggandeng para sadulur ya iku Greja Kristen Jawi Wétan, Gréja Kristen Jawa Tengah Utara-Parepatan Agung, Gréja Kristen Jawa – Sekitar Muria, Tiong Hwa Kie Tok Kauw Hwee Jawa Tengah sarta Gréja Kristen Pasundan Jawa Barat ana sajeroning lembaga Dewan Permoesjawaratan Geredja-geredja Protestant di Indonesia (DPG di Indonesia) sing ngadek taun 1946 ing Yogyakarta; lan miyos organisasi iki para piyantun mau ngobong semangat kamardhikan kanti ora gelem manèh nampa bekase zending, nanging pepinginan kuwi kudu kudu nglakoni owah-owahan sithik. Gereformeerde Kerken in Nederland (GKN) lanan Nederlandsch Hervormde Kerk (NHK) sing nyulihi gréja pangutus esih mengini, paling ora anané kerjasama sajrone pekabaran Injil ing Indonesia. Basoeki Probowinoto minangka utusan Geredja-geredja Kristen Djawa Tengah Selatan sing dari pandhegane DPG nalika rawuh minangka utusan Gréja Jawa sajrone Sinode GKN di Eindhoven taun 1948 kudu sumadya mundur jalaran dielingke déning S.U.Zuidema yèn gréja-gréja Gereformeerd Belanda ora olih cawe-cawe ing pekabaran Injil padha bae karo matèni, jalaran ing pangertene, ora ana gréja tanpa pekabaran Injil, sing tegesé, kudu mandhek minangka gréja missioner. Kapeksa Gréja Jawa kudu nampa konsèp bekerjasama karo bekas zendinge miyos Regionaal Acccord lan Algemene Accord sing ditapakasmani ing Belanda taun 1948. Kerjasama diwiwiti taun 1950-an nalika Geredja-geredja Kristen Djawa Tengah Selatan didadekke siji karo Geredja Kristen Djawa Tengah Utara sajrone Sinode Persatuan ing Salatiga 5 – 6 Juli 1949, lan awit saka kuwi duwé jeneng Geredja-geredja Kristen Djawa Tengah (GKDT). Akibate, nganti taun 1970 kadhewasan gréja Jawa kudu manut karo kucuran dana lan tenaga saka gréja Eropa. Basoeki Probowinoto ngerti bahaya ini, mulane taun 1955 piyambake ngusulke terobosan anyar kang kawentar minangka Nota Probowinoto, nanging kaanan sing gumantung dana saka Eropa mau angèl diowahi. Sawisé gréja saka Eropa iku ujug-ujug mratelakke yèn wis ora sanggup neruske Pekabaran Injil, ndadekke gréja Jawa (awit taun 1956 malih jeneng dadi Geredja-geredja Kristen Djawa/GKD) nglakoni kadhewasan sejatine.

Wayah iki[besut | besut sumber]

Gréja Jawa kang naté tuwuh ing masarakat transmigran di Sumatra (awit 1936) dadi sinode dhéwé kanti jeneng Gréja-gréja Kristen Sumatra Pérangan Selatan – GKSBS, Gréja-gréja Kristen Jawa sing kasebar ing nem provinsi pulau Jawa (Banten, DKI-Jakarta, Jawa Barat, Jawa Tengah, DIY dan Jawa Timur) saiki ana 307 gréja, kapantha sajrone 32 Klasis, kanti cacahé warga kira-kira 218.998 orang, saka sagung lapisan masarakat, kanti diladosi déning 307 pendeta jemaat lan 16 pendeta lelados mirunggan.

Tatalaksana gréja[besut | besut sumber]

Tatalaksana GKJ ya iku peraturan sing wis deinggo minangka pathokan panata leladosan GKJ. Tatalaksana uga wujud penjelasan saka Tata Gréja. Tatalaksana sing saiki ditrapke ing Gréja-Gréja Kristen Jawa ya iku Tata Laksana GKJ edisi 2005 kang katetepake ing Sidang Sinode GKJ Non Reguler, November 2005 ing Bandungan-Jawa Tengah.

Badan Pelaksana Sinode Harian GKJ 2012-2015[besut | besut sumber]

Personalia Bapelsin[besut | besut sumber]

  • Pengurus

-Ketua Umum: Pdt. Andreas Untung Wiyono, D.Min (GKJ Tanjung Priok)

-Sekretaris Umum: Pdt. Simon Julianto, S.Th., M.Si (GKJ Boyolali)

-Bendahara Umum: Bambang Sriwiyadi (GKJ Nusukan)

  • Anggota

-Babagan Keesaan

Ketua: Pdt. Retno Ratih Suryaning Handayani, M.Th.MA (GKJ Manahan)

Sekretaris: Pdt. Kristriyanto,M.Th (GKJ Kismorejo)

Anggota: Pdt. Kristian Prawoko, S.Th., M.Min (GKJ Temon)

-Babagan Visitasi

Ketua: Pdt. Purnomo Kristiawan, S.Si (GKJ Karanganyar)

Sekretaris: Pdt. Ibnu Prabowo, S.Th (GKJ Tlepok)

Anggota: Pdt. Widodo Suwandi, S.Th., M.Min (GKJ Bulu-Sukoharjo)

-Babagan Kesaksian-Pelayanan

Ketua: Pdt. Bambang Pujianto, S.Si., M.Min (GKJ Kudus)

Sekretaris: Pdt. Elya Budi Raharjo (GKJ Purwokerto Barat)

Anggota: Pdt Yusak Sumardiko, S.Th (GKJ Paliyan) dan Sri Pujo Dwilaksono (GKJ Pakem)

-Babagan Pembinaan Warga Gréja

Ketua: Pdt. Ir. Yoel Muwun Indrasmoro, S.Th. (GKJ Jakarta)

Sekretaris: Pdt.Wahyuhadi Catur Basuki, S.Si (GKJ Sulursari)

Anggota: Pdt. Erni Ratna Yunita, S.Si (GKJ Tengahan)

-Babagan Pengembangan Kepemimpinan

Ketua: Drs. Bambang Subandrijo, Ph.D. (GKJ Mergangsan)

Sekretaris: Pdt. Aris Widaryanto, S.Th., M.Min. (GKJ Pangkalan Jati)

Anggota: Pdt. Apy Heny Hartiningsih., S.Si., M.Min. (GKJ Samironobaru)

Personalia Bawasin[besut | besut sumber]

  • Pengurus

-Ketua(Bid. Pengembangan Kepemimpinan): Pdt. Bambang Mulyatno, S.Th., M.Si (GKJ Semarang Barat)

-Sekretaris (Bid. Visitasi): Pdt. Sugeng Mulyanto, S.PAK., MA (GKJ Jatingaleh)

  • Anggota

-Babagan Keuangan: Dr. Usil Sis Sucahyo (GKJ Salatiga)

-Babagan Kespel: Pdt. Saryoto, S.Ag (GKJ Magelang)

-Babagan Keesaan: Pdt. Drs. Sri Handoyo (GKJ Cepu)

-Babagan PWG: Pdt. Pramadi Cahyono, M.Th. (GKJ Delangu)

Rujukan[besut | besut sumber]

Pranala njaba[besut | besut sumber]