Didik Nini Thowok

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Loncat ke navigasi Loncat ke pencarian
Didik Nini Thowok
Lair Didik Hadiprayitno
Jeneng liya Didik Nini Thowok
Pakaryan penari, koreografer, komedian, pemain pantomim, gerong, dwija
Wong tuwa Kwee Yoe Tiang (Hadiprayitno) dan Suminah

Didik Hadiprayitno, SST (nama lairane Kwee Tjoen Lian, banjur Kwee Tjoen An) sing luwih misuwur ya iku Didik Nini Thowok (Cithakan:Laire ing) ya iku penari, koreografer, komedian, juru main pantomim, gerong, dan dwija.

Biografinipun[besut | besut sumber]

Jaman Alitipun[besut | besut sumber]

Didik Nini Thowok diparingi nama lair ya iku Kwee Tjoen Lian. Amarga asring lara-laranan banjur wong tuwané nggenti namane dadi Kwee Tjoen An. Ramane Didik, Kwee Yoe Tiang, iku wong peranakan Tionghoa kang kadhampar ing Temanggung, déné biyungipun wong Indonesia Jawa Asli saka Désa Citayem, Tjilatjap. Didik iku laré sulung saka gangsal dulur (papat-papate adhine iku wadon). Sabanjure G30S/PKI, wong sing keturunan Tionghoa diwajibke ngganti nama Tionghoa mereka dadi nama pribumi sehingga nama Kwee Tjoen An banjur malih dadi Didik Hadiprayitno.

Wektu cilikane Didik banget rekasane. Ramane iku penggaweyane dol-tinuku lulang kambing lan sapi. Déné biyungipun mbukak kios ing Pasar Kayu. Uripe karo simbah lan garwane simbahe Didik. Mula panguripane kulawargané Didik pas-pasan. Minangka anak mbarep lan putu kapisan dhèwèké kerep diunja déning sakabehe kulawargané. Liyane iku tingkah lakuné Didik béda kaya anak lanang saumurane. Dhèwèké malah seneng kaya laré wadon lan seneng banget dholanane, kaya ta: pasar-pasaran (berjualan), masak-masakan, lan ibu-ibuan. Cilikane Didik diajari simbah wadone ketrampilan wong wadon kaya ta njait, nisik, nyulan, lan ngrenda.

Sinau Nari[besut | besut sumber]

Ing wektu skolah, Didik seneng banget nggambar lan nyanyi (suarane apik banget apa manèh pas nembang Jawa). Saka asringe mirsani tontonan jogèd ya iku pertunjukan wayang wong wujud sendratari, ndadèkaké Didik duwé tekade nyinaoni jogèd. Saka faktor ékonomi kang pas-pasan ndadèkaké rendete nyinanoni bisa jogèd.

Akhire Didik njaluk tulung kanca saklase Sumiasih, sing pinter nari lan nembang, banjur marai jogèd-jogèd wayang wong. Nari iku ora angèl manawa wis dilakoni, saliyané awake iku lentur, dhèwèké uga duwé bakat. Ibu Sumiyati banjur dadi guruné sabanjuré sing ngajari dhèwèké uga katelu adhine, ya iku jogèd klasik gaya Surakarta. Dhidhik iku olehe mbayar guruné saka kasil byewakake komik saka warisane simabah kakunge. Didik uga sinau jogèd Bali klasik saka tukang cukur rambut'

Didik uga maguru marang A. M. Sudiharjo, sing pinter nari Jawa Klasik uga asring ngripta jogèd klasik énggal. Didik uga ndhèrèk les nari ing Kantor Pembinaan Kebudayaan Kabupatèn Temanggung. Salah siji guruné ya iku Prapto Prasojo, sing uga ngajar ana padepokan jogèd duwéke Bagong Kussudiarjo ing Yogyakarta.

Koreografi jogèd ciptaan Didik sing pisanan digawe ana ing pertengahan taun 1971. Jogèd iku diwènèhi irah-irahan “Jogèd Persembahan”, sing wujudé obah jogèd Bali lan Jawa. Dhèwèké pentas sapisan kanthi nari wadon sing nganggokebaya lan sanggul wiwit lulusan SMA taun 1972. wektu iku, nampilake jogèd asli karyané dhéwé kanthi luwes banget.

Kuliah[besut | besut sumber]

Sabibare lulus SMA, impian Didik ya iku nerusaké kuliah ana ing ASTI Yogyakarta amarga kurang biaya, dhèwèké banjur makarya,nari. Didik uga dadi punggawa honorer ing Kabin Kebudayaan Kabupatèn Temanggung tugase ngajari nari ing sapérangan skolah (SD lan SMP), sarta les privat nari kanggo cah cilik-cilik ing saubenge Temanggung.

Rong taun sarampunge lulus SMA, Didik duwé tekad kuliah ana ASTI. Saka bekel dhuwit tabungane, dhèwèké mangkat nuju Yogyakarta lan ndaftar ing ASTI. Berkat Jogèd Manipuri, jogèd wanita sing diperagakake kanthi luwes, Didik kasil nyenengake tim juri ASTI. Sehingga Didik ditampa lan dinyatake dadi mahasiswa ASTI angkatan 1974.

Watake sing apik, lucu, lan santun ndadèkaké Didik gampang kekancan. Bebarengan karo kanca-kanca anyare, dhèwèké nampilake fragmen jogèd kanthi irah-irahan Ande-ande Lumut. Didik maragakake dadi Mbok Rondo Dadapan, janda centil saka Désa Dadapan. Penampilan Didik banget apik saéngga nyenengake mahasiswa ASTI liyané.

Didik rekasa banget dadi cah kost, amarga ngarepake kiriman dhuwit saka ngoamah. nanging saka ketrampilan sing wis diwarisake simbah wadone, Didik bisa narima pesenan gawéan rerenggan bordir, uga adol kasil kerajinane, kaya ta syal lan taplak meja.

Sapérangan wulan wiwit kuliah, Didik ana tawaran saka mas angkatane, Bekti Budi Hastuti (Tutik) ngrewangi fragmentarine Nini Towok karo Sunaryo. Nini Thowok utawa Nini Towong ya iku sabangsane dholanan jailangkung masarakat Jawa tradhisional. Pementasan iki banget suksese. Amarga saka suksese iku nggawa trio iku maring sawetara acara, bajur satelune ngemas konsèp kanthi luwih mateng. Sabibare Sunaryo ngundurke dhiri, banjur digenteni Bambang Leksono Setyo Aji, ya iku kanca sekos Didik. Banjur kelompoke malih jenenge Bengkel Nini Thowok, lan ing saburine jeneng saben paragane diwènèhi tambahan Nini Thowok (tegesé: "simbah sing nyeremaake"). Sabibare iku, banjur karier terus munggah apa manèh dhèwèké dadi asring metu ana televisi.

Didik iku terus waé ngembangaké tarine kanthi maguru menyang ngendi-ngendi, kanthi maguru karo mestrone jogèd Bali ya iku I Gusti Gde Raka, ing Gianyar. Dhèwèké uga gladhen jogèd klasik Sunda saka Endo Suanda; Jogèd Topeng Cirebon gaya Palimanan saka tokoh panggedhene Topeng Cirebon, Ibu Suji. Nalika lunga menyang Jepang, dhèwèké uga nyinaoni jogèd klasik Noh (Hagoromo), ing nagara Spanyol, Didik uga sinau jogèd Flamenco.

Karier[besut | besut sumber]

Sarampunge kuliahe dheweje nyandhang gelar Didik Hadiprayitno, SST (Sarjana Seni Jogèd), Didik ditawari almamatere, ASTI Yogyakarta kanggo ngabdi dadi staff pengajar. Saliyané diangkat dadi dhosèn ing ASTI, dhèwèké uga disuwun dadi dwija Tata Rias ing Akademi Kesejahteraan Kulawarga (AKK) Yogya.

Filmografi[besut | besut sumber]

Pranala njaba[besut | besut sumber]