Tlaga Toba
| Tlaga Toba ꧋ꦠꦭꦒꦠꦺꦴꦧ꧉ | |
|---|---|
Landsat photo | |
| Pernah | Sumatra Lor, Indonésia |
| Koordhinat | 2°41′04″N 98°52′32″E / 2.6845°N 98.8756°EKoordhinat: 2°41′04″N 98°52′32″E / 2.6845°N 98.8756°E |
| Jinis | Volcanic/ tectonic |
| Arus metu kang pokok | Kali River |
| Negara | Indonésia |
| Ujur | 100 km (62 mi) |
| Alang kang gedhé dhéwé | 30 km (19 mi) |
| Amba | 1,130 km2 (440 sq mi) |
| Kang jero dhéwé | 505 m (1,657 ft)[1] |
| Isi | 240 km3 (58 cu mi) |
| Dhuwuré saka lemah | 905 m (2,969 ft) |
| Pulo | Samosir |
| References | [1] |
Tlaga Toba yaiku tlaga (basa Indonésia: danau) vulkanik kang ukuran dawané 100 kilomèter lan ambané 30 kilomèter kang ana ing Provinsi Sumatra Lor, Indonésia.[2] Tlaga iki kalebu tlaga kang gedhé dhéwé ing Indonésia lan Asia Kidul-wétan.[2] Ana ing tengahé tlaga iki ana pulo vulkanik kang jenengé Pulo Samosir.[2]
Sajarah
[besut | besut sumber]
Kira-kira Tlaga Toba wiwit ana nalika ana jeblugan watara 73.000-75.000 taun kapungkur lan kalebu jeblugan supervolcano (gunung geni super) kang paling anyar.[3] Bill Rose lan Craig Chesner saka Michigan Technological University ngira-ngira bahan-bahan vulkanik kang diwutahake gunung iku jumlahe 2.800 km³, yaiku 800 km³ batuan ignimbrit lan 2.000 km³ awu vulkanik kang diperkirakake diterak angin ing arah kulon suwéné 2 minggu.[3] Awu vulkanik kang diterak angin wis nyebar ing saparo bumi, saka Cina nganti ing Afrika Kidul.[3] Kadadeyan iki kadadéan nganti 1 minggu lan awune nganti 10 km ing dhuwur parmukaan sagara.[3]
Kedadeyan iki agawe akèh wong-wong padha mati lan uga akèh kéwan-kéwan lan tuwuhan kang padha mati.[3] Miturut bukti DNA, mbledose iku ndadèkaké jumlah wong nganti sakiwa-tengené 60% saka jumlah populasi wong-wong kang ana ing donya, yaiku kurang luwih 60 yuta manungsa.[3] Sawisé iku dadi ana kaldera kang diisi banyu lan saiki misuwur dadi Tlaga Toba.[3] Tekanan menyang dhuwur déning magma kang durung metu ndadèkaké muncul Pulo Samosir.[3]
Dheleng uga
[besut | besut sumber]Cathetan suku
[besut | besut sumber]- 1 2 Masalah sitiran: Tenger
<ref>ora trep; ora ana tèks tumrap refs kanthi jenengWorldLakes - 1 2 3 Danau - Toba [pranala mati permanèn] (Dipuntingali tanggal 13 Juni 2011)
- 1 2 3 4 5 6 7 8 Danau Toba Archived 2011-08-05 at the Wayback Machine. (Dipuntingali tanggal 13 Juni 2011)
| Artikel iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |