Cepokak
Artikel iki prelu dirapèkaké supaya jumbuh karo wewaton artikel WikipédiaPanjenengan bisa mbiyantu ngrapèkaké artikel iki kanthi mérang dadi paragraf-paragraf utawa wikifikasi. Sawisé dirapèkaké, tandha iki kena dibusak. |
| Cepokak | |
|---|---|
| Klasifikasi ngèlmiah | |
| Karajan: | Plantae |
| Unranked: | Angiosperms |
| Unranked: | Eudicots |
| Unranked: | Asterids |
| Ordho: | Solanales |
| Famili: | Solanaceae |
| Génus: | Solanum |
| Spésies: | S. torvum |
| Jeneng binomial | |
| Solanum torvum Sw. | |
Cepokak (Solanum turvum Swartz)[1] ya iku tuwuhan saka suku térong-térongan (Solanaceae) kang woh lan winihé bisa digunakake kanggo sayuran utawa bumbu.
Dhèskripsi
[besut | besut sumber]Cepokak yaiku tuwuhan semak cilik kang dhuwure bisa nganti 5 meter. Ananging, dhuwure cepokak lumrahe kurang saka 2 mèter. Mèh kabèh pérangan tuwuhan iki mawa eri, kajaba wohé (mawa wulu alus). Wangun godhonge bunder endhog kanthi bentuk pok kaya déné jantung utawa mbunder lan pucuké kethul. Dawané godhong watara 7-20 cm lan jembaré 4-18 cm. Kembangé kaya déné lintang arupa putih lan tengahé kuning.
Pasebaran lan habitat
[besut | besut sumber]Spesies iki sumebar ing Antillen, ananging saiki wis sumebar ing saindhenging laladan mawa iklim tropis. Ing Indonesia, cepokak tuwuh alasan ing alas-alas semak lan alas-alas kabuka. Cepokak tuwuh ing dataran cendhak nganti kadhuwuran 1600 mdpl.
Kagunan
[besut | besut sumber]Wit cepokak misuwur minangka wit kang tahan penyakit saéngga lumrah dianggo watang ngisor kanggo wit terong.
Saliyané iku, woh cepokak uga lumrah dipangan wong Asia Kidul-Wetan.
Rujukan
[besut | besut sumber]- ↑ "Archive copy". Diarsip saka sing asli ing 2012-07-28. Dibukak ing 2013-01-08.
{{cite web}}: CS1 maint: archived copy as title (link)