Bauhaus

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Jump to navigation Jump to search
Bauhaus Dessau

Bauhaus, inggih punika siji sekolah seni lan désain ing Jerman ingkang pengaruhipun ageng sanget lan misuwur kanthi keunikan gabungan antawisipun seni lan téknik wonten ing produksi massal, ingkang wonten ing perkembanganipun langkung kawéntar minangka nama siji gaya seni piyambak[1]. Sekolah punika jumeneng nalika taun 1919 lan jumeneng dumugi dipuntutup déning Nazi nalika taun 1933[1]. Ingkang pisanan dipunpimpin déning Walter Gropius (1883-1969) lan Ludwig Mies van der Rohe (1886-1969)[1]. Bauhaus ébah ing babagan seni artistéktur, inggih punika Utopia, dhedhasar ing idealisme saking wujud ingkang prasaja lan fungsi ingkang lugas, lan siji kapitadosan bilih mesin perekonomian saged mbekta kanthi "elegan" barang-barang ingkang sampun kadésain dados kagunganipun tiyang kathah, migunakaken téknik-téknik lan material-material ingkang dipunginakakn kanthi mligi saperlu panganggo pabrik lan manufaktur massal, kados ta baja, beton, krom, kaca, lan sanèsipun.[2].

Sajarah lan Perkembangan[besut | besut sumber]

Nalika taun 1919, perekonomian ing Jerman risak amargi perang donya ingkang nguras sadaya kekiyatan Jerman.[3] Satunggaling arsiték Walter Gropius dipuntunjuk saperlu mimpin siji institusi ingkang saged mbiyantu yasa nagara lan mbentuk siji tatanan sosial ingkang énggal.[3] Dipunsukani nama "Bauhaus", institusi punika dipunfokusaken ing siji wujud énggal ingkang rasional saking perumahan sosial kanggé pegawé.[3].

Pamanggih dhasar saking pola pengajaran saking Bauhaus inggih punika kesatuan saking artistik punika piyambak lan dedikasi praktikal.[1] Saben siswa kedah mungkasaken wulangan pengantar sadéréngipun piyambakipun saged mlebet siji workshop ingkang piyambakipun pilih.[1] Wonten sapérangan tipe workshop ingkang dipunsamektakaken: Metal, Tipografi, Seni Lukis Gelas, Pahatan, Mebel, Pekerjaan 3 Dhimènsi lan sanès-sanèsipun.[1]

Siswa ing Bauhaus mendhet 6 wulan wulangan pengantar ingkang nglibataken nglukis lan ékspérimén dhasar babagan bentuk, sadéréngipun lulus ing tigang taun pelatihan workshop déning kalih ahli: 1 seniman lan 1 pengrajin.[4]. Ingkang nyinaoni babagan arsitèktur kanthi téyori lan praktik, makarya kanthi konstruksi yasan ingkang nyata.[4] Sasaran kreatifitas saking kurikulum menarik sadaya saking staff pengajar.[4] Antawisipun inggih punika Paul Klee, Wassily Kandinsky, Oskar Schlemmer, Johannes Itten, László Moholy-Nagy, Josef Albers lan Marcel Breuer.[4]

Parté Nazi lan kelompok pulitik fasis sanèsipun sampun nentang jumenengipun Bauhaus wiwit 1920an.[5] Nazi gadhah pamanggih babagan punika minangka siji kedhok kanggé kuminis, mliginipun maragi kathah seniman Rusia ingkang wonten ing mrika.[5]. Sekolah Bauhaus pungkasanipun pindhahsaking Weimar nuju ing Dessau, saking Dessau nuju ing Berlin, lan pungkasanipun dipuntutup amargi rezim Nazi nalika taun 1933.[5]

Ancas Bauhaus[besut | besut sumber]

Sekolah punika gadhah 3 ancas ingkang utama:

  1. Saperlu ndhorong seniman-seniman lan pengrain individual saperlu makarya sesarengan lan nggabungaken keahlianipun.[6].
  2. Saperlu ningkataken stats saking kerajinan, kursi, lampu, poci, lan sanèsipun ing salebeting tataran ingkang sami kaliyan seni murni, lukisan, pahatan, lan sanèsipun.[6].
  3. Kanthi kalanjutakan saperlu angsal kebebasan saking panyengkuyung pamaréntah kanthi nyadé manéka rancangan désain ing indhustri.[6].

Dosen-Dosen ing Bauhaus[besut | besut sumber]

  1. Walter Gropius (Amérika Jerman, 1883-1969)[2]
  2. Ludwig Mies van der Rohe (Amérika Jerman, 1886-1969)[2]
  3. Wassily Kandinsky (Jerman Russia, 1866-1944)[2]
  4. Lyonel Feininger (Amérika, 1871-1956)[2]
  5. Paul Klee (Swiss-Jerman, 1879-1940)[2]
  6. Oskar Schlemmer (Jerman, 1888-1943)[2]
  7. László Moholy-Nagy (Jerman]], lair ing Hungaria, 1895-1946, aktif di Amérika)[2]
  8. Josef Albers (Amérika Jerman, 1899-1976)[2]
  9. Anni Fleischman Albers (Amérika Jerman, 1899-1994)[2]

Cathetan suku[besut | besut sumber]