Basa Chavacano

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Loncat ke navigasi Loncat ke pencarian
Chavacano
Chavacano
AsalFilipina
LaladanZamboanga
ÈtnisWong Zamboanga
Wong Filipina ing Indonésia
Wong Filipina ing Malaysia
Panyatur asli
1,2 yuta (1996)[1]
Kréol Spanyol
  • Chavacano
Latin (Alfabèt Spanyol)
Status resmi
Basa resmi ing
Diakoni basa enggon-enggonan ing Filipina

Kutha Zamboanga (basa resmi) lan Basilan (lingua franca)
Basa minoritas
diakoni ing
Sabah, Malaysia (Zamboangueño).
Kodhe basa
ISO 639-3cbk
Glottologchav1241[2]
Linguasphere51-AAC-ba
Idioma chabacano.png
Tlatahé panyatur basaChavacano
Artikel iki ngandhut simbul-simbul fonètis IPA. Tanpa sengkuyungan tèhnis sing trep, panjenengan namung bakal weruh simbul pitakon, kothak, utawa liyané, nanging dudu karakter Unicode.

Basa Chavacano utawa Chabacano iku basa kréol kang dhedhasar basa Spanyol kang dadi basané tutur ing sawatara tlatah ing nagara Filipina, mligi ing Kutha Cavite, Ternate, Zamboanga lan Ermita.

Basa iki siji-sijiné basa kang dhedhasar basa Spanyol ana ing Asia. Umuré wis punjul 400 taun. Chavacano iku salah sawiji basa kréol kang tuwa dhéwé. Ana enem dhialèk kang kasebar ing saindengé Filipina, mligi ing Pulo Luzon lan Mindanao. Enem dhialèk iku antarané: telu kang kena pangaruh basa Tagalog kaya ta dhialèk Caviteño (dicaturaké ing Kutha Cavite), Bahra utawa Ternateño (dicaturaké ing Ternate, Cavite) lan Ermiteño (mbiyèn dicaturaké ing Ermita ing Kutha Manila, nanging wis musna).

Saliyané ing Pulo Luzon, ana telung dhialèk liyané kang ana ing Pulo Mindanao, kaya ta: Zambuangeño kang dicaturaké ing Ujung Zamboanga, mligi ing Kutha Zamboanga, Zamboanga del Norte, Zamboanga del Sur, Zamboanga Sibugay, sapérangan Provinsi Basilan, Sulu, lan Tawi-Tawi, lan sawenèh panyatur ana ing Semporna. Ana uga panyatur kang diarani Davaweño utawa Castellano Abakay ing saubengé Kutha Davao lan Cotabateño ing tlatah Cotabato.

Béda karo dhialèk kang ana ing Luzon, dhialèk Chavacano ing Mindanao akèh olèh pangaruh saka basa Cebuano, Ilonggo, lan basa-basa kiwa-tengené. Sanajan dudu saka kulawarga basa Austronésia, basa Chavacano nduwéni sipat dwipurwa (rédhuplikasi) kaya déné basa-basa tangga-teparoné.

Panyatur asli lan Dhialèk[besut | besut sumber]

Panyatur Asli Basa Chavacano Zamboangueño ing Mindanao.
Dhialèk Chavacano Laladan Panyatur asli
Zamboangueño (Zamboangueño/Zamboangueño Chavacano/Chabacano de Zamboanga) Zamboanga City, Basilan, Sulu, Tawi-Tawi, Zamboanga del Sur, Zamboanga del Norte, Zamboanga Sibugay, Semporna (Malaysia) 689 000[3]
Caviteño (Chabacano di Nisos/Chabacano de Cavite) Kutha Cavite 200 000
Cotabateño (Chabacano de Cotabato) Kutha Cotabato, Maguindanao 20 500
Castellano Abakay (Chabacano de Davao) Tlatah Davao, Kutha Davao 18 000
Ternateño (Bahra) Ternate 7000
Ermiteño (Ermitense) Ermita Sirna

Wewatakan[besut | besut sumber]

Basa Chavacano iku basa kréol kang dhedhasar saka Basa Spanyol Meksiko lan Basa Portugis. Tetembungan Basa Spanyol Andalusia tinemu ing sawatara Chavacano, nanging tembung-tembung saka Basa Nahuatl, basa asli saka Mèksiko Tengah, uga ana. Sanajan tetembungan dhasaré saka Mèksiko, nanging paramasastrané dhedhasar saka basa-basa Filipina, mligané Basa Hiligaynon, Basa Tagalog lan Basa Cebuano. Kajaba basa-basa iku, tetembungan basa Chavacano uga olèh pangaruh saka Basa Italia, Basa Portugis lan basa-basa asli Amérika kaya ta Basa Nahuatl, Basa Taino, Basa Quéchua lan sakpanunggalé. Tuladhané ana ing tembung kaya ta ‘’chongo’’ (kethèk, tinimbang tembung Spanyolé 'Cithakan:Wiktspa'), ‘’tiange’’ (pasar cilik), lsp.[butuh sitiran] Sawetara tetembungan dhialèk Ternateño akèh pangaruh Portugis lan basa Ternaté saka Indonésia. Amarga dhialèk iki saka kulawangsané laskar saka Ternaté, Indonésia kang digawa déning wong Spanyol ing tlatah iku. Iku kathon saka panganggo tembung 'na' tinimbang tembung Spanyol ('en') kang artiné ‘ing’.

Bédhané karo basa-basa kréol ing Luzon, dhialèk Zamboangueño nyilih tetembungan saka basa-basa Austronesia liyané kang tangga teparoan karo Chavacano, kaya ta Basa Hiligaynon, Basa Subanen/Subanon, Basa Bangingi, Basa Sama, Basa Tausug, Basa Yakan, Basa Tagalog, Basa Ilokano lan Basa Malayu. Amarga basa Chavacano Zamboanga uga dicaturaké déning Muslim, dhialèk iki uga andhuwéni tetembungan saka Basa Arab mligané tetembungan bab agama Islam. Kajaba iku, tembung Basa Persia kang mlebu lumantar Basa Arab uga tinemu ing Chavacano.

Cacah Panyatur[besut | besut sumber]

Cacah panyatur Basa Chavacano paling akèh manggon ing Kutha Zamboanga lan ing provinsi Basilan. Ana uga dhampyak-dhampyak panyatur Chavacano ing Kutha Cavite lan Ternate. Ing pérangan provinsi Zamboanga del Sur, Zamboanga Sibugay, Zamboanga del Norte, Davao, lan Kutha Cotabato uga tinemu panyatur Chavacano. Miturut Cacah Jiwa Filipina taun 2000, ana kira-kira 607,200 panyatur Basa Chavacano sak Filipina. Cacah sajatiné bisa luwih akèh amarga warga ing Kutha Zamboanga kang mitutur Chavacano ngeluwihi gambaran cacah jiwa iku. Asil cacah jiwa iku uga durung nglebokké panyatur Chavacano kang manggon ing manca nagara. Lan ora disangkal manèh, Zamboangueño kang dadi dhialèk kang paling akèh panyaturé. Basa Chavacano dadi basa resmi ing Kutha Zamboanga kang saiki cacahé punjul sayuta, kajaba iku uga dadi salah siji basa resmi ing Basilan.

Panyatur Chavacano uga ana ing kutha Semporna ing sisih wétanSabah, Malaysia—yèn iku ora nggumun—amarga pérangan lor pulo Kalimantan iki cedhak karo Kapuloan Sulu lan Jasirah Zamboanga. Panyatur Basa Chavacano bokmenawa ana uga ing pérangan Sabah liyané, amarga Sabah mbiyén sapérangan mlebu guminté Spanyol lan saka para pangungsi kang mlayu saka Jasirah Zamboanga lan tlatah Muslim ing Mindanao kaya ta Kapuloan Sulu. Sak cacah cilik warga asli Zamboanga lan Basilan kaya Wong Tausug, Wong Samal, lanWong Yakan kang akèhané Muslim uga mitutur basa iki. Sawetara ing provinsi Sulu lan Tawi-Tawi, ana uga panyatur Basa Chavacano de Zamboanga kang kabèhé tangga teparo karo wong Kristen. Panyatur Chavacano Zamboanga, Islam utawa Kristen, ya ana ing Lanao del Norte lanLanao del Sur. Wong Islam lan Kristen ing Maguindanao, Sultan Kudarat, Cotabato, South Cotabato, Kutha Cotabato, lan Saranggani mitutur Chavacano de Zamboanga, sawatara liyané kang ana ing Davao mitutur Chavacano de Davao. Biyèn, Jasirah Zamboanga, Basilan, Sulu, Tawi-tawi, Maguindanao, Kutha Cotabato, Soccsksargen (tlatah kang diwangun saka provinsi Sultan Kudarat, Cotabato, South Cotabato, lan Saranggani) and Tlatah Davao tau dadi péranganing Republik Zamboanga kang cendhek umuré, lan Chavacano dadi basa resminé.

Bobot Sosial[besut | besut sumber]

Basa Chavacano mligané dadi basa pitutur. Ing jaman biyèn, panganggoan basa iki ing kasusastran mung sithik lan ana ing laladan panyatur basa Chavacano iku waé. Basa Chavacano luwih kerep dadi basa wicara tinimbang basa kasusastran kang kosok bali karo Basa Spanyol ing Filipina kang luwih kasil dadi basa tulis timbang basa wicara. Pirang taun iki, ana pangiguh kang nguri-uri basa Chavacano ing panulisan, nanging pambudi iku mung ing dongèng rakyat lan pustaka-pustaka agama uga pérangan cilik tulisan ing mèdia cètak. Sanajan basa Chavacano digawé déning mèdia massa, gréja Katulik, pendhidhikan, lan guminté ing Kutha Zamboanga, nanging isih sathithik karya kang ditulis ing basa iki lan aksès rujukan-rujukan iku ora mesti ana. Amarga Chavacano uga dicaturaké dadi basa kaloro déning Wong Islam ora mung ing Kutha Zamboanga lan Basilan, nanging uga ing Sulu lanTawi-tawi, ana sawatara buku-buku agama utawa Kuran kang diterbitké ing Chavacano.

Sawetara basa-basa kréol ing Mindanao kaya Castellano Abakay lan Cotabateño wis ing bebaya arep sirna, dhialèk Zamboangueño terus sinambungan mligané ing tengah abad dhisik nganti saiki. Zamboangueño uga ngalami leburan tembung-tembung basa Inggris lan Tagalog, uga basa-basa liyané ing tetembungané. Amarga iku wis akèh bebantahan lan rundhingan antaraning panyatur tuwa, panyatur enom, paramakawi, ahli basa, sosiolog, ahli sajarah lan pendhidhik bab nguri-uri, pangolahan, setandarisasi lan wuri-wuriné minangka basa kréol dhedhasar Spanyol. In taun 2000, Instituto Cervantes ing Manila duwé muktamar bab "Shedding Light on the Chavacano Language" ing Ateneo de Manila University.

Amarga paramasastrané, panganggoan Basa Kastilia lan tembung-tembung uga ukara Spanyol \bkuna\b kang ndadikaké sesambungan antarané panyatur Chavacano (mligané Zamboangueño) lan basa Spanyol rada angèl. Kanggo panyatur kang wis ngerti, Chavacano bisa dimengertèni déning panyatur Spanyol, lan uga kosok baliné, nanging panyatur Chavacano uga kangèlan nyandhak basa Spanyol yèn wis mlebu ukara lengkap.

Kératabasa[besut | besut sumber]

Chavacano utawa Chabacano asalé saka tembung basa Spanyol Cithakan:Wiktspa kang ing arti dhasar ya iku "kasar", "ndhésa", "rucah", utawa ‘’bangka". been reclaimed by modhèren Chabacano speakers. Sajeroné jaman kolonial Spanyol, basa iki déning para panyatur basa Spanyol diarani "lenguaje de la calle", "lenguaje de parian" (basa dalanan), utawa"lenguaje de cocina" (basa Spanyol pawonan kanggo ngarani basa Chabacano ing Manila, mligané menyang Ermita) kanggo mbédhakaké karo basa Spanyol kang dipitutur déning peninsulares, insulares, Mestizo, utawa kalangan priyayi kang diarani ilustrados. Jeneng iki ngembang dadi tembung kang duwé arti dhéwé lan ora ana arti nègatip, namung jeneng basa kang duwé gaya Spanyol dhéwé. Panyatur pambarep basa iki lair saka wongtuwa campuran – wong asli kang urip ing kutha lan basa budhayané dadi Spanyol, imigran Cina lan prajurit Spanyol utawa Amérika Latin lan para punggawa sajeroning jaman Spanyol.

Éjan[besut | besut sumber]

Zamboangueños lumrahé ngéja jeneng basané, najan ora mesthi, kanthi Chavacano sawetara kang nganggo dhialèk Zamboanga mau Zamboangueño lan uga diéja Chabacano. Dadi, Wong Zamboanga duwé rong cara ngéja, nanging kang luwih disenengi kang "Chavacano".

Sawetara, wong Cavite, Ternate, lan Ermita ngéjané Chabacano. Davaoeños (Castellano Abakay), Cotabateños, lan wong-wong saka provinsi Basilan mèlu éjan Zamboanga. Dhialèk kang sak panggon pulo kaya Ermita, Caviteño, lan Ternateño – diarani uga kanthi Bahra – katon padha amarga padha-padha andhuwé basa Tagalog dadi basa rujukané, sawatara ing Zamboanga, Castellano Abakay, lan Cotabateño katon padha amarga njupuk basa rujukan ing Basa-basa Visayas kaya ta Basa Cebuano, Basa Tausug, Basa Hiligaynon, Basa Subanon, lan Basa Sama. Wong Zamboanga mesthi ngundhang dhialèké Zamboangueño, Zamboangueño Chavacano, lan yèn wong Caviteños ngundhang dhialèkéCaviteño utawa Chabacano de Cavite, lsp kanggo mbédhakaké siji karo liyané.

Kadang kala wong Zamboanga ngarani basané kanthi Chavacano, utawa Zamboangenio. Wong Caviteño ngarani Caviten, Linguaje di Niso, utawa Tsabakano. Sawetara wong Ermita ngarani Ermiteño lan wong Ternate Ternateño Chabacano, Bahra, utawaLinguaje di Bahra. Ing Davao, Davaweño, Davawenyo, Davawenyo Zamboangenyo, Castellano Abakay, utawa Davao Chabacano/Chavacano. Wong Cotabato ngarani basané Cotabato Chabacano/Chavacano.

Panyatur saka Basilan ngarani basané Zamboangueño utawa ing cara resmi Chavacano de Zamboanga.

Sajarah Basa[besut | besut sumber]

Zamboangueño[besut | besut sumber]

Ing tanggal 23 Juni 1635, Kutha Zamboanga dadi panggonan tetep guminté Spanyol awit dibanguné Béténg San José . Panyerangan saka bajag lan prajurit sultan Mindanao lan Jolo uga panyebaran agama Kristen luwih ngidul (amarga Zamboanga panggonané strategis) meksa para misionaris Spanyol anjaluk thulung ayoman saka guminté kolonial.

Sawetara pihak militèr mutusi nekakaké batur saka Luzon lan Visayas. Dadi batur kang yasa béténg iki dumadi saka prajurit Spanyol lan Meksiko, tukang watu saka Cavite (mayoritas), batur ganti saka Cebu lan Iloilo, lan uga saka rena-rena suku Zamboanga kaya Samal lan Subanon.

Basa kang rena-rena iki marai kangèlan kanggo sesambungan. Kanggo ngandhehi bab iku, kabèh paréntah makarya ditokaké ing Basa Spanyol. Para batur iki akèh-akèhé ora sekolah lan amarga iku ora mudheng Basa Spanyol, nanging butuh sesambungan antaraning dhéwé lan uga wong Spanyol. Akiré sak wujuding pijin ana lan dadi basa kréol kang dadi basa lingua franca lan/utawa basa resmi, mligané ing Kutha Zamboanga.

Nalika Kasultanan Sulu ngwènèhké Kapuloan Sulu menyang Spanyol ing akir taun 1700an (Pulo Basilan ing taun 1762, sawatara Sulu lan Tawi-tawi ora, amarga mung ngakoni sapérangan kakuwasan Spanyol ing pulo-pulo iku), Para pemukim lan prajurit Spanyol nggawa uga basané ing laladan iku nganti Spanyol, Jerman, lan Inggris saabipraya ing Protokol Madrid taun 1885, kang ngakoni panguwasané Spanyol ing kapuloan Sulu. Basa Chavacano dadi basa lingua franca ing kapuloan Sulu. Sanajan Kalimantan Lor (saiki Sabah), ora kalebu ing laladan Spanyol kang disebutaké ing abipraya lan mlebu guminté Inggris, basa Chavacano isih ana ing kutha Semporna.

Saka iku, tumekaning wadyabala Spanyol lan lembaga-lembaga pendhidhikan lan agama saka Spanyol uga dadi sebab anané basa Kréol Spanyol.

Caviteño / Ternateño[besut | besut sumber]

Wong Merdicas utawa Mardikas iku wong Katulik asli pulo Ternate lan Tidore ing Maluku, kang mlebu Katulik awit jaman kakuwasan Portugis lan ditekani para misionaris Yesuit. Sabanjuré pulo-pulo iki dijupuk karo Spanyol bebarengan karo Landa jaman iku. Ing taun 1663, prajurit Spanyoling Ternate kepeksa ditarik menyang Manila kanggo ngalahaké bajag Cina utawa Koxinga (kang pungkasané nyerahaké Ternate menyang Landa). Ana pirang-pirang wong Merdicas kang ndarmabakti nulungi lan dipanggonké ing bantaran kali Maragondon (kang diarani Barra de Maragondon) lan Tanza, Cavite, Manila.[4]

Perang iku ora kedadén amarga Koxinga lara lan pejah. Alon-alon wong Merdicas iki nyampur karo warga enggon-enggonan. Laladan iku saiki diarani Ternate kang dijenengaké padha karo pulo Ternate ing Maluku Lor, lan turunané terus nganggo basa kréyol Spanyol kang ana pangaruh Portugisé lan diarani Caviteño utawa Ternateño Chavacano.[4]

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. Kréol Spanyol: Quilis, Antonio (1996), La lengua española en Filipinas (PDF), Cervantes virtual, k. 54 and 55 
  2. Hammarström, Harald; Forkel, Robert; Haspelmath, Martin, eds. (2017). "Chavacano". Glottolog 3.0. Jena, Jerman: Max Planck Institute for the Science of Human History. 
  3. Número de hispanohablantes en países y territorios donde el español no es lengua oficial Archived April 29, 2012, at the Wayback Machine., Instituto Cervantes.
  4. a b John. M. Lipski, with P. Mühlhaüsler and F. Duthin (1996). "Spanish in the Pacific". Atlas of Languages of Intercultural Communication in the Pacific, Asia, and the Americas: Texts, Volume 2 (PDF). Walter de Gruyter. k. 276. ISBN 9783110134179.  Paramèter |juru besut= sing ora kawruhan dikiwakaké (pitulung)