Basa Cebuano

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Jump to navigation Jump to search
Cebuano
Cebuan,[1] Visayan
Sugbuanon, Bisayâ, Bisayâng Sugbuanon, Sinugbuanong Binisayâ, Sinibwano
Asal Filipina
Laladan Visayas Tengah, wétan Pulo Negros, kulon Visayas Wétan, kidul Masbate, lan mayoritas Mindanao
Ètnis Wong Cebuano
Panyatur asli
21,1 yuta (2007)[2]
Basa angka loro akèh dhéwé cacahé panyaturé ing Filipina, sabubaré basa Tagalog[3]
Dhialèk
  • Cebuano Baku (Dhialèk Provinsi Cebu);
  • Cebuano Kutha (Dhialèk Métro Cebu);
  • Cebuano Négros (Dhialèk Negros Oriental);
  • Cebuano Leyteño (Kana);
  • Cebuano Mindanao (kalebu uga Cebuano Davaoeño)
Aksara Latin (Alpabèt Cebuano)
Braille Cebuano
Baybayin (biyèné)
Status resmi
Basa resmi ing
Basa enggon-enggonan ing Filipina
Diatur déning Akadhemi Seni lan Sastra Visaya
Kodhe basa
ISO 639-2 ceb
ISO 639-3 ceb
Glottolog cebu1242[4]
Distribution of cebuano language.png
Laladan panyatur basa Cebuano ing Filipina
Artikel iki ngandhut simbul-simbul fonètis IPA. Tanpa sengkuyungan tèhnis sing trep, panjenengan namung bakal weruh simbul pitakon, kothak, utawa liyané, nanging dudu karakter Unicode.

Basa Cebuano, kang asring kurang trep diarani déning panyaturé dhéwé minangka basa Bisaya ("Visaya"; aja kuwalik karo basa-basa Visaya), iku salah sawijiné basa Austronésia enggon-enggonan kang dipituturaké ing nagara Filipina déning kira-kira wong 20 yuta. Panyaturé akèh-akèhé saka wong Visaya Cebuano.[5] Basa iki kang akèh dhéwé panyaturé sajeroné kulawarga basa Visaya lan seduluran karo basa-basa Filipina liyané.

Sanajan ora diajaraké ing sekolah lan universitas nganti taun 2012, basa iki tetep dadi basa kang akèh dhéwé panyatur asliné ing Filipina.[6] Basa Cebuano minangka lingua franca ing Visaya Tengah, wétan Pulo Negros (mligi Negros Oriental), kulon Visaya Wétan, lan manéka laladan ing Mindanao. Jeneng Cebuano dhéwé dijupuk saka jeneng Pulo Cebu, kang dadi asal mulané basa iki.[7][8] Basa Cebuano uga dadi basa pokok ing Leyte Kulon, mligi kutha Ormoc lan tlatah-tlatah saubengé, sanajan dijenengaké basa "Ormocanon" ing Ormoc lan basa "Albuerahanon" ing Albuera.[9] Kodhe basa Cebuano iku ISO 639-2 kang nganggo telung huruf ceb, nanging dudu ISO 639-1 kang nganggo rong huruf.

Sebarané panyatur[besut | besut sumber]

Basa Cebuano dipituturaké ing pulo-pulo kaya ta Cebu lan pulo saubengé, Bohol lan Siquijor, wétan Negros (mligi saindengé Negros Oriental lan lor-wétan Negros Occidental), kidul Masbate, kulon Leyte, Biliran, sapérangan cilik Samar, lan manéka laladan ing Mindanao, pulo gedhé dhéwé nomer loro safilipina.[7] Saliyané iku, "kang dedunung ing Zamboanga, Davao, lan Cotabato uga panyatur basa Cebuano".[7] Sawenèh dhialèk Cebuano duwé jeneng kang rena-rena kanggo basa iki. Panyatur saka Cebu ngarani basané "Cebuano", panyatur saka Bohol ngarani "Boholano/Bol-anon", déné panyatur saka Leyte ngarani Kana (Cebuano Leyte utawa Leyteño). Panyatur ing Mindanao lan Luzon ngarani basané sadarma Binisaya utawa Bisaya.[9]

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. "Definition of CEBUAN". webcache.googleusercontent.com. Dijupuk 7 May 2017. 
  2. Mikael Parkvall, "Världens 100 största språk 2007" (The World's 100 Largest Languages in 2007), in Nationalencyklopedin
  3. Philippine Census, 2000. Table 11. Household Population by Ethnicity, Sex and Region: 2000
  4. Hammarström, Harald; Forkel, Robert; Haspelmath, Martin, eds. (2017). "Cebuano". Glottolog 3.0. Jena, Jerman: Max Planck Institute for the Science of Human History. 
  5. Lewis, M. Paul (2009). "Cebuano". Ethnologue. Dijupuk July 23, 2011. 
  6. Ulrich Ammon; Norbert Dittmar; Klaus J. Mattheier (2006). Sociolinguistics: an international handbook of the science of language and society. Volume 3. Walter de Gruyter. k. 2018. ISBN 978-3-11-018418-1. 
  7. a b c "THE CORNELL UNIVERSITY SOUTHEAST ASIA PROGRAM" (PDF). Gutenberg.ph. Dijupuk 2017-05-07. 
  8. Wolff, John U. "Cebuano in Facts About the World's Languages: An Encyclopedia of the World's Major Languages, Past and Present (New York: H. W. Wilson, 2001)" (PDF). 
  9. a b John Kingsley Pangan, Church of the Far East (Makati: St. Pauls), 19.