Menyang kontèn

Julian Assange

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
(Kaelih saka Assange)
Julian Assange

Julian Assange (lair ing tanggal 3 Juli 1971) iku siji ngèlmuwan, wartawan lan aktivis internèt Australia. Dhèwèké mligi misuwur minangka salah sijining pangrintis situs wèb Wikileaks. Ing situs wèb iki, sok sapaa kang arep ngwadulaké sawatara barang ala bisa ngirim kontribusiné. Wikileaks wis njalari sawatara gègèran. Ing tanggal 7 Dhésèmber 2010, Assange nyerah lan dicekel pulisi ing London.[1] Olèhé dicekel pulisi iku amarga ana paréntah Interpol déné panjaluké Pulisi Swédia. Ing Swédia Assange kadakwa ing sawatara kasus ruda peksa (pemerkosaan).[1] Ing tanggal 16 Dhésèmber 2010, Assange diuculaké déning pulisi Inggris sawisé mbayar boreh. Banjur ing tanggal 26 Dhésèmber ana kabar manawa Assange wis ngedol haké kanggo nulis buku biografi.[2] Dhèwèké bakal olèh dhuwit kurang luwih US$ 1.500.000.[2] Ujaré dhuwit iki diperlokaké kanggo mbayar béya pangacara ing Swédia.[2] Julian Assange dhéwé nyélak pandakwan iki kabèh lan kandha manawa iki kabèh iku pitenah mawa alesan pulitik.

Babad salira

[besut | besut sumber]

Assange lair ing taun 1971 ing Townsville, Queensland. Wong tuwané nduwé téater keliling. Mulané dhèwèké naté sekolah ing 37 sekolah kang séjé lan kuliah ing 6 universitas kang béda-béda.

Banjur dhèwèké naté ngeretas (nge-hack) komputeré siji universitas Australia lan siji perusahaan télékomunikasi. Jaréné kanggo ngetès sistém keamanan komputer. Nanging kepriyé waé dhèwèké dituntut.

Sawisé kuliah, dhèwèké manggon ing Melbourne minangka programer komputer.

Idéologi

[besut | besut sumber]

Assange iku katoné nyengkuyung paham Kripto-Anarkisme. Mangkat saka paham libertarisme, Kripto-Anarkisme iku duwé pamikiran manawa ana asimètri informasi antara Nagara lan Warga. Sanadyan Nagara iku ngontrol sapérangan gedhé informasi darbéné Wargané, Nagara uga ngrahsyakaké akèh informasi. Inovasi tèknis internèt saiki mènèhi kemungkinan kanggo ngowahi situasi asimètris iki.

Banjur ing siji sisih, kabèh informasi pribadi bisa direksa mawa piranti kriptografis. Manawa iki bisa kalaksanan, pangaribawa Nagara marang Warga bisa dikurangi. Angkah kang padha iku bisa dilakoni déné mbabar informasi kang didarbèni Nagara. Pambabaran informasi iki bisa nggawé Nagara ngurangi iliné informasi lan wusanané iki bisa ngurangi fungsiné Nagara kanthi total. Dadi miturut Assange: "Pambocoran utawa leaking iku siji aktivitas kang ing dhasaré pancèn asifat anti-otoritèr. Iku siji aktivitas anarkis."[3]

Julian Assange lan Wikileaks

[besut | besut sumber]
Artikel utama: WikiLeaks

Ing taun 2006, Assange mutusaké arep ngedegaké WikiLeaks.[4] Perkara iki dilakoni amarga dhèwèké percaya manawa pangijolan informasi iku bakal mungkasi papréntahan kang ora sah. Situs iki nduwé server utama ing Swédia. Taun mau, Assange nulis rong tulisan kang njlèntrèhaké filosofi ing samburiné WikiLeaks: "Supaya bisa gèsèr tingkah laku réjim kanthi radhikal kita kudu mikir kanthi trewaca lan tegas kaya déné yèn kita wis mangertèni, ya iku rejim iku ora gelem diowahi. Kita kudu mikir punjul para pawongan sadurungé kita lan nemu owah-owahan tèknologi kang nggedhèkaké ati kanthi cara-cara tumindak kang ora bisa diayahi déning para leluhur kita."[5][6][7] Ing blog-é Assange nulis, "tansaya seneng wewadi lan ora adil siji organisasi bakal tansaya wedi lan paranoid marang kabocoran sajeroning kapemimpinan lan kalangan kang gawé rencana.... Amarga sistem kang ora adil, kanthi alamiah bakal nuwuhaké lawan, lan kabocoran kang gedhé bisa nuwuhaké bebaya saka péhak kang péngin ngganti nganggo wangun pamaréntahan kang luwih kabuka."[5][8]

Assange minangka salah siji saka sanga Déwan Penasihat Wikileaks, lan dadi juru wicara médhia wigati saka Wikileaks. Nalika sawatara koran njuluki Assange minangka "dirèktur" utawa "pendhiri" Wikileaks, Assange njawab, "Aku ora nyebut awakku minangka kang nemu "; nanging nyebutaké yèn dhèwèké minangka pemimpin redhaksi WikiLeaks,[9] lan nyatakaké yèn dhèwèké kang duwé kaputusan sajeroning prosès pamilihan dhokumèn kang arep diamot. Assange nyatakaké yèn Wikileaks wis ngeculaké dhokumèn wadi punjul kabèh kang diculaké donya pèrs sisané kagabung.

Bebungah

[besut | besut sumber]

Ing taun 2008, Assange menangaké Economist Censorship Index Award, siji bebungah kang dianugerahaké déning kalawarti "Economist" kang dikelola déning kulawarga perbankan Rothschild.[10] Ing taun 2009, Assange dianugerahi Amnesty International Media Award saka pangudiné ngèkspos pamrejayan èkstra yudisial ing Kenya liwat panyelidikan 'Tangisan Darah-Pembunuhan dan Penghilangan Ekstra Yudisial' (The Cry of Blood-Extra Judicial Killings and Disappearances).[11] Sasi April 2010, Assange nampa Sam Adams Annual Award, siji bebungah tumrap integritas sajeroning èlmu kawruh.[12]

Cathetan sikil

[besut | besut sumber]
  1. a b http://internasional.kompas.com/read/2010/12/08/05330064/Assange.Ditangkap.Wikileaks.Terus.Jalan
  2. a b c http://unicode.org/charts/PDF/UA980.pdf
  3. Niklas Hofmann: Der Gegenverschwörer, Süddeutsche Zeitung, 3 Dhésèmber 2010, S. 15.
  4. "Archive copy". Diarsip saka sing asli ing 2013-08-25. Dibukak ing 2010-12-06.{{cite web}}: CS1 maint: archived copy as title (link)
  5. a b Andy Whelan and Sharon Churcher (1 August 2010). "FBI question WikiLeaks mother at Welsh home: Agents interrogate 'distressed' woman, then search her son's bedroom". Dibukak ing 1 Dhésèmber 2010.
  6. Assange, Julian (10 November 2006). "State and Terrorist Conspiracies" (PDF). Diarsip saka sing asli (PDF) ing 29 January 2007. Dibukak ing 1 December 2010.
  7. Assange, Julian (3 Dhésèmber 2006). "Conspiracy as Governance" (PDF). Diarsip saka sing asli (PDF) ing 2007-01-29. Dibukak ing 1 Dhésèmber 2010.
  8. "The non linear effects of leaks on unjust systems of governance". 31 Dhésèmber 2006. Diarsip saka sing asli ing 2007-10-20. Dibukak ing 2010-12-26.
  9. "Julian Assange: Why the World Needs WikiLeaks". Huffington Post. 19 Juli 2010. Dibukak ing 22 Agustus 2010.
  10. Wikileaks founder Julian Assange has close links to the Economist, controlled by the Rothschild banking family Archived 2010-12-06 at the Wayback Machine..
  11. Julian Paul Assange Profile Page, www.atlanticfreepress.com.
  12. Julian Assange Honored at London Press Conference Archived 2010-10-28 at the Wayback Machine., Ray McGovern. 25 Oktober 2010.

Uga delengen

[besut | besut sumber]

Pranala njaba

[besut | besut sumber]