WikiLeaks
| WikiLeaks | |
| URL | www.wikileaks.org |
|---|---|
| Tipe situs | Arsip dokumen |
| Pendaftaran? | Swasta |
| Pemilik | The Sunshine Press[1] |
| Pangripta | Julian Assange |
| Diluncuraké | Desember 2006 |
WikiLeaks utawa Wikileaks iku sawijining organisasi internasional sing markasé dumunung ingi Swédia.[2] Situs Wikileaks mbabar dhokumèn-dhokumèn winadi kanthi njaga idhèntitas para sumber-sumberé. Situs kasebut diluncuraké ing taun 2006. Wektu iki alamat situs wis dialihaké menyang http://www.wikileaks.ch kanggo alesan kaamanan.
Organisasi iki diadegaké déning disidhèn pulitik Cina, lan uga jurnalis, matematikawan, lan tèknolog saka Amérika Sarékat, Taiwan, Éropah, Australia, lan Afrika Kidul.[1] Artikel koran lan kalawarti The New Yorker njlèntrèhaké yèn Julian Assange, jurnalis lan aktivis internèt Australia, minangka dirèktur Wikileaks.[3] Situs Wikileaks migunakaké mesin MediaWiki.
WikiLeaks wis menangaké sawetara bebungah, klebu New Media Award saka kalawarti The Economist ing taun 2008.[4]
Ing sasi Juni 2009, WikiLeaks lan Julian Assange menangaké UK Media Award saka Amnesty International (kategori New Media) kanggo publikasi taun 2008 lan judhulé Kenya: The Cry of Blood – Extra Judicial Killings and Disappearances,[5] sawijining laporan déning Komisi Nasional Hak Asasi Manusia Kenya perkara rajapati déning pulisi ing Kenya.[6] Ing sasi Mei 2010, New York Daily News ndokok WikiLeaks ing peringkat kapisan minangka "situs sing tenan-tenan bisa ngowahi warta".[7]
Cathetan sikil[sunting | Owah sumber]
- ^ a b "Wikileaks:About". Wikileaks. Archived from the original on 14 March 2008. http://web.archive.org/web/20080314204422/http://www.wikileaks.org/wiki/Wikileaks:About. Diwiwiti 3 June 2009.
- ^ Haddow, Douglas. "Grim truths of Wikileaks Iraq video", The Guardian, 7 April 2010. diaksès tanggal 7 April 2010. "... a Sweden based non-profit website"
- ^ McGreal, Chris. Wikileaks reveals video showing US air crew shooting down Iraqi civilians, The Guardian, April 5, 2010.
- ^ Winners of Index on Censorship Freedom of Expression Award Announced[pranala nonaktif] 22 April 2008
- ^ Kenya: The Cry of Blood – Extra Judicial Killings and Disappearances, Sep 2008[pranala nonaktif] WikiLeaks.
- ^ Amnesty announces Media Awards 2009 winners Amnesty.org.uk, 2 June 2009
- ^ Reso, Paulina. "5 pioneering Web sites that could totally change the news", Daily News, 20 May 2010. diaksès tanggal 8 June 2010.
Uga delengen[sunting | Owah sumber]
Pranala jaba[sunting | Owah sumber]
| Wikiquote anggadhahi kolèksi kutipan ingkang magepokan kaliyan: |
- Wikileaks home page (secure)
- Wikileaks Mirror page
- Wikileaks Mirror page
- Wikileaks vs. the World. Presentation by Wikileaks representatives Julian Assange and Daniel Schmitt at the 25th Chaos Communication Congress, Berlin, December 2008. online Flash video and download in higher resolution formats
- Campbell, Matthew (2010-04-11) Whistleblowers on US ‘massacre’ fear CIA stalkers, The Times
- (en)Wikileaks Congress Research Service Reports