Menyang kontèn

Asem malat

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
(Kaelih saka Asam malat)
Asam malat
Gambar
Gambar
Gambar
Identifikasi
Nomor CAS [6915-15-7]
PubChem 525
Nomer EINECS 230-022-8
KEGG C00149
ChEBI CHEBI:6650
SMILES O=C(O)CC(O)C(=O)O
InChI 1/C4H6O5/c5-2(4(8)9)1-3(6)7/h2,5H,1H2,(H,6,7)(H,8,9)
Sifat
Rumus kimia C4H6O5
Massa molar 134.09 g mol−1
Densitas 1.609 g cm−3
Titik leleh

130 °C, 403 K, 266 °F

Kelarutan dalam air 558 g/L (at 20 °C)[1]
Kaasaman (pKa) pKa1 = 3.40, pKa2 = 5.20 [2]
Senyawa kagandhèng
Anion liyané malate
carboxylic acids kagandhèng succinic acid
tartaric acid
fumaric acid
Senyawa kagandhèng butanol
butyraldehyde
crotonaldehyde
sodium malate
Kejaba ditélakaké suwaliké, data ing ndhuwur kanggo
ing suhu lan tekanan standar (25°C, 100 kPa)

Sangkalan lan referensi

Asam malat (malic acid) ya iku asem dikarboksilat kang mènèhi rasa kecut lan getir sajeroning sapérangan woh kaya ta apel ijo lan anggur.[3] Asam malat uga bisa dicampur karo manéka perasa panganan kanggo mènèhi manéka jinis sènsasi rasa. Dat iki uga mainaké peran sajeroning pambentukan adenosin trifosfat (ATP). Woh-wohan liya kang uga bisa ngandhung asem malat ing antarané ya iku nanas, aprikot, gooseberry, raspberry, ceri, lan lémon. Asam malat bisa disintèsis sajeroning jero awaké manungsa lumantar siklus asem sitrat kanggo ngundhakaké metabolisme ènergi. Tanpa asem malat, siklus mau ora bisa lumaku kanthi lancar saéngga prodhuksi ènèrgi awak uga bakal mandheg. Asam malat uga duwé mupangat kanggo wong kang duwé lelara fibromyalgia, salah sijiné kaanan kang nyebapaké nyeri otot, nyeri sendhi lan cendhèké tingkat ènèrgi.[3]

Asam malat mainaké peran wigati sajeroning otot kanthi sekabèhané, ngurangi keselé otot lan ngundhakaké ènèrgi awak. Dat iki uga duwé fungsi ngurangi tosisitas ing jero awak kang bisa nyebapaké lelara ati lan gangguan utek kanthi cara ngiket logam kang ngandhut racun ing jero awak. Saliyané iku, asem malat mbantu njaga kulit tetep séhat lan enom, uga mbantu njaga karesikané cangkem. Asam malat bisa katemokaké uga ing sapérangan prodhuk kaya ta ombènan kang mawa karbonisasi, prodhuk susu kang diasemaké, woh kalèng, prodhuk roti, sarta prodhuk perawatan mèdhis lan pribadi.[3]

Sajarah

[besut | besut sumber]

Asam malat tinemu ing taun 1785 déning Carl Wilhelm Scheele ing èksperimèné karo jus apel. Tembung malat asalé saka basa Latin ya iku malum kang artiné apel. Jeneng asem malat pisanan diusulaké ing taun 1789.[3]

Panggunaan asem malat

[besut | besut sumber]

Sajeroning panganan

[besut | besut sumber]

Asam malat kerep digunakaké ing jero panganan, kususé permèn supaya rasané dadi kecut utawa pait. Anggur (wine) uga diwènèhi tambahan asem malat kanggo mènèhi rasa kecut.

Sajeroning kadhokteran untu

[besut | besut sumber]

Asam malat kerep digunakaké déning dhokter untu kanggo ngresiki enamel untu sadurungé dibor lan ditambal.[3]

Rumus asem malat

[besut | besut sumber]

Asam malat yiku sajinis asem karbosilat. Jinis asem iki duwé ranté senyawa dhasar kang nyakup atom karbon kaiket karo roncèn dhobel atom oksigèn sarta senyawa hidroksida. Asam malat wujud senyawa organik kang duwé rumus kimia [[HO2CCH2CHOHCO2H]].[3]

Wong meteng lan nyusoni

[besut | besut sumber]

Éndhani asem malat nalika ngandhut lan nyusoni. Sanajan durung ana informasi babagan èfèk samping asem malat kanggoné wong ngandhut lan nyusoni, nanging luwih becik ngèndhani suplemèn asem malat.[3]

Tekanan getih

[besut | besut sumber]

Éndhani asem malat yèn duwé tekanan getih cendhèk. Asam malat bisa ngurangi tekanan getih. Yèn duwé tekanan getih cendhèk utawa ngombé obat kanggo ngontrol tekanan getik, mula kaprayogakaké supaya konsultasi karo ahliné kaséhatan sadurungé ngombé suplemèn asem malat.[3]

Cathetan sikil

[besut | besut sumber]
  1. chemBlink Online Database of Chemicals from Around the World
  2. Dawson, R. M. C. et al., Data for Biochemical Research, Oxford, Clarendon Press, 1959.
  3. a b c d e f g h Tips Sehat Asam Malat, (Kaundhuh 3/11/12).