Menyang kontèn

Ion

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Medan potensial elektrostatik saking ion Nitrat

Ion ya iku atom autawa sekumpulan atom kang duwé momotan listrik.[1] Ion asalé saka siji atom unsur (monoatom).[2] Uga ana ion kang asalé saka gabungan loro utawa luwih atom unsur kang béda (poliatom).[2] Ion kang momotan listriké négatif dijenengi anion.[1] Ion kang momotan listriké positif dijenengi kation.[1] Prosès kanggo pembentukan ion dikenal karo jeneng ionisasi.[1]Atom utawa kelompok atom kang terionisasi ditandai karo tikatas n+ utawa n-.[1] n ya iku jumlah elektron kang ilang utawané dientuké.[1]

Sajarah Ion

[besut | besut sumber]

Ion pisanan ditemoké ana ing sawijining téyori déning Michaél Faraday nalika taun 1830.[3] Ion mau kanggo ngambaraké ngenani pérangan molekul kang geraké tumuju arah anoda utawa katoda ana ing tabung hampa udara (vacuum tube, CRT).[3] Nanging, mekanisme prastawa iki nembé bisa dideskripsikaké taun 1884 déning Svante August Arrhenius ana ing disertasi dhoktoré ing University of Uppsala.[3] Wiwitané téyori iki ditolak nanging sawisé iku disertasiné menangi Bebungah Nobél Kimia ana ing taun 1903.[3]

Ion Négatif lan Positif

[besut | besut sumber]

Ion négatif keadaané stabil ana ing udara kanthi cara jiretan karo molekul banyu kang ana ing sekitaré.[4] Amarga saka mau, ion-ion négatif akèh ditemoké nalika udan.[4] Saben friksi utawa gésékan kang ana ing udara cenderung nghasilaké ion positif lan ngusir ion négatif.[4] Kedadéan mau amarga angin racaké nggawa debu utawa polutan.[4] Partikel debu utawa polutan iku duwé momotan positif.[4] Manawi gésékan udara cenderung ngasilaké ion positif, nanging benturan banyu iku malah ngasilaké ion négatif.[4] Nalika banyu nabrak abrak liya, ion positif iku tiba bareng banyu.[4] Sawaliké karo ion positif, ion négatif mabur bareng kabut kang metu saka deburan banyu.[4] Ion positif cenderung duwé dampak négatif kanggo keséhatan antarané:[4]

  1. Bisa ndadèkaké ketidakseimbangan kimiawi awak manungsa, bisa nganti ngganggu keséhatan.[4]
  2. Keracunan ion positif bisa ndadèkaké produksi hormon serotonin ana ing polo.[4]
  3. Bisa njalari blood dyscresia utawa gangguan kelainan pembekuan darah.[4]

Manfaaté ion négatif: Manfaat kang bisa diasilaké saka ion négatif kaya ta:[5]

  1. Ion Négatif ana ing udara bisa lumebu ana ing awak manungsa liwat pernapasan lan pori-pori kulit.[5] Ion iki lumebu ana ing sél njero awak mèlu ana ing arus aliran getih.[5] Ion Négatif ana ing awak bisa nguraiké asem laktat dadi zat kang ara bahaya (air lan ion laktat) kang gampang digawa aliran getih tumuju panggon pembuangan.[5]
  2. Saliyané iku Ion Négatif duwé kemampuan kanggo ningkatké kerja limpa kanggo nghasilké kekebalan awak.[5]
  3. Bisa mbersihké udara lan uga apik kanggo keséhatan.[5] Ion Négatif uga duwé manfaat kanggo matèni virus lan baktéri kang ana ing udara sekitaré dhéwé.[5]
  4. Ion Négatif uga migunani kanggo netralké Superoksida.
Kation Biyasa
Jeneng Kimia Formula Jeneng Liya
Kation Ringkas
Aluminium Al3+
Barium Ba2+
Berilium Be2+
Sesium Cs+
Kalsium Ca2+
Kromium(II) Cr2+ Kromus
Kromium(III) Cr3+ Kromik
Kromium(VI) Cr6+ Kromil
Kobalt(II) Co2+ Kobaltus
Kobalt(III) Co3+ Kobaltik
Kuprum(I) Cu+ Kuprus
Kuprum(II) Cu2+ Kuprik
Kuprum(III) Cu3+
Galium Ga3+
Helium He2+ (partikel-α)
Hidrogen H+ (Proton)
Ferum(II) Fe2+ Ferus
Ferum(III) Fe3+ Ferik
Plumbum(II) Pb2+ Plumbus
Plumbum(IV) Pb4+ Plumbik
Litium Li+
Magnesium Mg2+
Mangan(II) Mn2+ Manganus
Mangan(III) Mn3+ Manganik
Mangan(IV) Mn4+ Manganil
Mangan(VII) Mn7+
Merkuri(II) Hg2+ Merkurik
Nikel(II) Ni2+ Nikelus
Nikel(III) Ni3+ Nikelik
Kalium K+
Argentum Ag+
Natrium Na+
Strontium Sr2+
Stanum(II) Sn2+ Stanus
Stanum(IV) Sn4+ Stanik
Zink Zn2+
Kation Poliatom
Ammonium NH4+
Hidronium H3O+
Nitronium NO2+
Uranil UO22+
Mercury(I) Hg22+ Merkurus
Anion Biyasa
Jeneng Kimia Formula Jeneg Liya
Anion Ringkas
Arsenida As3−
Azida N3
Bromida Br
Klorida Cl
Fluorida F
Hidrida H
Iodida I
Nitrida N3−
Oksida O2−
Fosfida P3−
Sulfida S2−
Peroksida O22−
Oksoanion
Arsenat AsO43−
Arsenit AsO33−
Borat BO33−
Bromat BrO3
Hipobromit BrO
Karbonat CO32−
Hidrogen karbonat HCO3 Bikarbonat
Hidroksida OH
Klorat ClO3
Perklorat ClO4
Klorit ClO2
Hipoklorit ClO
Kromat CrO42−
Dikromat Cr2O72−
Iodat IO3
Nitrat NO3
Nitrit NO2
Fosfat PO43−
Hidrogen fosfat HPO42−
Dihidrogen fosfat H2PO4
Permangonot MnO4
Fosfit PO33−
Sulfat SO42−
Tiosulfat S2O32−
Hidrogen sulfat HSO4 Bisulfat
Sulfit SO32−
Hidrogen sulfit HSO3 Bisulfit
Anion dari Asid Organik
Asetat C2H3O2
Format HCO2
Oksalat C2O42−
Hidrogen oksalat HC2O4 Bioksalat
Anion Lain
Hidrosulfida HS Bisulfida
Tellurida Te2−
Amida NH2
Sianat OCN
Tiosianat SCN
Sianida CN

Cathetan suku

[besut | besut sumber]
  1. a b c d e f "www.e-dukasi.net". Diarsip saka sing asli ing 2011-01-02. Dibukak ing 2011-05-24.
  2. a b www.scribd.com
  3. a b c d surgaku.com
  4. a b c d e f g h i j k l "www.pusatbiofir.com". Diarsip saka sing asli ing 2011-06-21. Dibukak ing 2011-05-24.
  5. a b c d e f g "japan-biofir.com". Diarsip saka sing asli ing 2011-08-24. Dibukak ing 2011-05-24.