Agam Wispi

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Agam Wispi
PakaryaPanulis
BangsaIndhonésia Indonésia
GènreSajak

Agam Wispi, (lair ing Pangkalan Susu, Sumatra Lor, 31 Dhésèmber 1930 – pati ing Amsterdam, Nèderlan, 1 Januari 2003 ing umur 72 taun) [1], ya iku panulis Indonésia. Dhèwèké kalebu minangka salah sawijining panulis sastra èksil Indonésia.[2] Dhèwèké kawit dadi eksil, wong kang urip ing pangasingan, ing Walanda kawit taun 1988.[2] Dhèwèké ya iku pujangga, akèh nulis geguritan, uga cerkak lan sandhiwara.[2]

Biografi[besut | besut sumber]

Agam Wispi miwiti kariré minangka wartawan lan redaktur kabudayan ing koran Kerakyatan lan Pendorong Medan (1952-1957). Ngalih ana Jakarta (1957), Agam uga minangka redaktur kabudayan ing Harian Rakyat nganti taun 1962 (kaseling antarané 1958-1959, Agam sinau jurnalistik ing Berlin). Antarane taun 1962-1965, dhèwèké kacathet minangka anggota Angkatan Laut Republik Indonesia (ALRI) lan uga dikenal minangka wartawan lan panyair.[2] Dhèwèké tau dadi aggota Pimpinan Pusat Lekra (1959-1965).[3]

Wulan Mèi 1965, Agam diundhang ing Vietnam nganti pirang-pirang wulan lan ketemu karo Ho Chi Minh. Nanging kawit iku, Agam ora bisa bali ing tanah air amarga arus balik pulitik ing Indonésia. Saka wulan September 1965 tekan Dhésèmber 1970, dhèwèké manggon ana ing Republik Rakyat Cina. Saka taun 1973 nganti 1978, dhèwèké manggon ana Leipzig, Jerman. Ing kutha mau, Agam sinau sastra ing Institut fur Literatur lan nyambut gawé minangka pustakawan ing Deutsche Bucheret. Banjur kawit taun 188 Agam manggon ana Amsterdam, Walanda.[2]

Asil karya[besut | besut sumber]

Taun 50-60an Agam Wispi dikenal minangka panyair. Salah siji sajake kang misuwur, Matinya Seorang Petani ora mung dipenging déning pamaréntahan Soeharto nanging uga pamaréntahan Soekarno. Goenawan Mohamad ing Catatan Pinggir ana majalah Tempo, nulis ngenani puisi iki: Pada suatu hari Agam Wispi menyaksikan keadaan itu pada awal taun 1960-an, ketika di Tanjung Morawa tanah garapan para wong tani miskin digusur dengan traktor dan bedil, dan dari kantor Barisan Tani Indonésia rakyat memprotes, dan seorang wong tani mati ditembak:

''dia tiba rubuh satu peluru dalam kepala

ingatannya melayang didakap siksa nanging siksa cuma dapat bangkainya''

Nalika sajak mau diterbitake ana antologi Matinja Seorang Petani (1961) dhèwèké dipenging déning pangwasa militèr kang nalika iku ditegakake bebarengan karo "Dhémokrasi Terpimpin".[1]

Buku-buku kumpulan sajake Sahabat lan Yang Tak Terbungkamkan diterbitake déning Lekra, Jakarta.

Samangsane urip minangka wong eksilan, dhèwèké lagi nerbitake siji buku kumpulan sajak Kronologi in Memoriam 1953-1954 lan sajak-sajak kang ditulis nalika urip ing pangasingan, isih kasimpen ing sorok lemari durung nganti diterbitake. Ing Amsterdam, dhèwèké ngopeni ruang kabudayan ing majalah Arah.

Agam Wispi bali ana Indonésia taun 1996, lan nerbitake kumpulan puisi "Pulang".

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. a b Majalah TEMPO Interaktif. Agam Wispi (1930 - 2003). Archived 2012-02-10 at the Wayback Machine. Diaksès 4 November 2007.
  2. a b c d e Di Negeri Orang: Puisi Penyair Indonésia Eksil. Penyunting Asahan Alham. Amanah-Lontar, 2002, Jakarta. Kaca 246, ISBN 979-8083-42-3
  3. Rampan, Korrie. Leksikon Sastra Indonésia. Balai Pustaka, 2000, Jakarta. Kaca 20

Pranala njaba[besut | besut sumber]