Pasa (Islam)
Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi
Pasa iku arti basane nahan. Manut istilah agama Islam sing diarani pasa iku nahan mangan, ngombe, lan prakara-prakara kang mbatalake wiwit wektu fajar nganti srengéngé lingsir, kanggo ningkataké katakwaan wong muslim. Printah pasa difirmanaké déning Gusti Allah ana ing Al-Qur'an surat Al-Baqarah ayat 183. Pasa minangka salah siji saka lima Rukun Islam. Ana pasa wajib lan pasa sunnah, nanging tata carané tetep padha.
Wektu haram pasa yakuwi wektu nalika umat Muslim dipenging utawa dipenggak pasa. Hikmah "haram pasa", yakuwi nalika kabèh wong padha bungah, wong iku ya kudu mèlu mahargya bebarengan.
- Dina Riyaya Idul Fitri (1 Syawal)
- Dina Riyaya Idul Adha (10 Zulhijjah)
- Dina-dina Tasyrik (11, 12, lan 13 Zulhijjah)
Bab lan Paragraf |
[sunting] Printah jroning Al-Qur'an
Printah pasa saka Gusti Allah kababar jroning Al-Qur'an surat Al-Baqarah ayat 183.
- 'Yaa ayyuhaladziina aamanuu kutiba alaikumus siyaamu kamaa kutiba 'alalladziina min qablikum la allakum tataquun'
" Hé wong-wong kang nduwèni iman, wis diwajibaké tumrap awakmu pasa kayadéné kang wis diwajibaké marang umat-umat sadurungé awakmu, muga-muga awakmu dadi wong kang takwa."
[sunting] Hikmah Pasa
Ibadah pasa utawa shaum Ramadhan kang diwajibaké Gusti Allah marang kabèh mukmin yakuwi ibadah kang ditujokaké kanggo ngawula marang Gusti Allah kaya kang kababar ing QS. Al-Baqarah/2: 183. Hikmah ibadah shaum iku dhéwé yakuwi nglatih manungsa kanggo sabar jroning nglakoni urip. Maksudé sabar kang kapacak ing Al-Qur'an yakuwi ‘gigih lan ulet’ kaya kang dimaksudaké jroning QS. Ali ‘Imran/3: 146.
[sunting] Sacara Aktivitas
Nilai-nilai kasabaran (gigih lan ulet) diaplikasèkaké jroning urip lan kauripan kanggo tegaké Din Islam.
[sunting] Jinis-jinis Pasa
- Pasa kang hukumé wajib
- Pasa kang hukumé sunah
- Pasa 6 dina ing sasi Sawal
- Pasa Arafah
- Pasa Senin-Kemis
- Pasa Daud (sedina paasa, sedina ora)
[sunting] Sarat wajib pasa
1. Agama Islam 2. Nduwèni akal sehat 3. Baligh (dhiwasa) 4. Kuwawa / Mampu nglakoni 5. Manggon (Ora lagi lelungan / safar)
[sunting] Syarat sah pasa
1. Islam (ora murtad) 2. Mummayiz (bisa mbédakaké kang ala lan becik) 3. Suci saka haid lan nifas 4. Ngerti wektu ditampané pasa
[sunting] Rukun pasa
1. Niat 2. Ninggalaké kabèh kang mbatalaké paasa wiwit fajar nganti srengéngé angslup.
[sunting] Delengen uga
[sunting] Pranala jaba
Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.
| Artikel prakawis Islam puniki setunggaling tulisan rintisan. Panjenengan saged mbiyantu Wikipedia ngembangaken. |

