Mustafa Kemal Atatürk

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados
Mustafa Kemal Atatürk
Mustafa Kemal Atatürk

Mangsa jabatan
29 Oktober 1923 – 10 November 1938
Pengganti İsmet İnönü

Mangsa jabatan
3 Mei 1920 – 24 Januar1 1921
Pengganti Fevzi Çakmak

Lair 19 Mei 1881
Selânik (Thessaloniki)
Tilar donya 10 November 1938
Istana Dolmabahçe, Istanbul
Kabangsan Turki
Partai pulitik Partai Rakyat Républikan
Pasangan Latife Uşaklıgil (1923-1925)
Tapak asma Mustafa Kemal Atatürk's signature

Mustafa Kemal Atatürk (12 Maret 188110 November 1938), dumugi taun 1934 asmanipun punika Gazi Mustafa Kemal Pasha, punika satunggiling perwira militèr lan negarawan Turki ingkang mimpin révolusi nagari punika. Panjenenganipun ugi arupi pangadeg lan Présidhèn pisanan Républik Turki.

Mustafa Kemal mbuktèkaken piyambakipun minangka komandhan militèr ingkang suksès nalika dhines minangka komandhan divisi salebeting Peperangan Gallipoli. Sasampunipun kakalahan Kakaisaran Ottoman ing tangan Tentara Sekutu, lan rencana-rencana salajengipun kanggé mecah nagari punika, Mustafa Kemal mimpin gerakan nasional Turki ingkang salajengipun dados Perang Kamardikan Turki. Kampanye militèripun ingkang suksès ngasilaken kamardikan nagari puniki lan kawangunipun Républik Turki. Minangka présidhèn pisanan nagari puniki, Mustafa Kemal nepangaken sarangkéyan pangénggalan ingkang wiyar ingkang ngupados ngripta satunggiling nagari modhèrn ingkang sékulèr lan dhémokratis. Miturut Angger Nami Kulawarga, Majelis Agung Turki maringaken dhumateng Mustafa Kemal nami "Atatürk" (ingkang tegesipun "Bapak" utawi "Leluhur Turki") ing tanggal 24 November 1934.

Wekdal mudha[sunting | sunting sumber]

Atatürk ing samak majalah Time, 1923

Mustafa miyos taun 1881, ing Selânik Ottoman (sapuniki Thessaloniki ing Yunani), minangka putra satunggiling pegawé alit ingkang salajengipun dados pedagang kayu. Selaras kaliyan kabiasan Turki ing wekdal semanten, piyambakipun dipunparingi asma Mustafa kémawon. Bapanipun, Ali Rıza efendi, satunggiling pegawé bea cukai, tilar dony analika Mustafa saweg yuswa pitung taun. Mila, Mustafa salajengipun dipunrumat déning ibunipun, Zübeyde Hanım.

Nalika Atatürk yuswa 12 taun, panjenenganipun mlebet sekolah militèr ing Selânik lan Manastır (sapuniki Bitola), kekalihipun pusat nasionalisme Yunani ingkang anti-Turki. Mustafa sinau ing sekolah menengah militèr ing Selânik, lan ing mrika asmanipun dipuntambahi nami Kemal ("kasampurnan") déning guru matematikanipun minangka pangakenan dhumateng kapinteran akadhemikipun. Mustafa Kemal mlebet dhateng akademi militèr ing Manastır ing taun 1895. Piyambakipun lulus kanthi pangkat lètnan ing taun 1905 lan dipuntugasaken ing Damaskus. Ing Damaskus piyambakipun énggal kémawon nggabung kaliyan satunggiling klompok wewadi alit ingkang kapérang saking perwira-perwira ingkang péngin pangénggalan, ingkang dipun paring nami Vatan ve Hürriyet (Tanah Toya lan Kamardikan), lan dados panentang aktif rézim Ottoman. Ing taun 1907 piyambakipun dipuntugasaken ing Selânik lan nggabung kaliyan Komité Katunggalan lan Kemmajengan ingkang limrah dipunsebut minangka klompok Turki Mudha.

Ing taun 1908 kaum Turki muda ngrebat kakuwaosan saking Sultan Abdul Hamid II, lan Mustafa Kemal dados tokoh militèr sènior. Ing taun 1911, panjenenganipun tindak dhateng provinsi Libya kanggé tumut nglawan invasi Italia. Ing pérangan sepindhahan saking Perang Balkan Mustafa Kemal kadhampar ing Libya lan boten saged tumut, nanging ing wulan Juli 1913 panjenenganipun kondur dhateng Istanbul lan dipunangkat dados komandhan pertahanan Ottoman ing wilayah Çanakkale ing pesisir Trakya (Thrace). Ing taun 1914 panjenenganipun dipunangkat dados atasé militèr ing Sofia, sebagéyan minangka siasat kanggé nyingkiraken piyambakipun saking ibu kitha lan saking intrik pulitikipun.

Karièr militèr[sunting | sunting sumber]

Nalika Kakaisaran Ottoman terjun dhateng Perang Donya I ing péhak Jerman, Mustafa Kemal dipuntugasaken ing Tekirdağ (ing Seganten Marmara).

Gelibolu (Gallipoli)[sunting | sunting sumber]

Atatürk, sementara Panglima Angkatan Darat (1918).

Panjenenganipun tumujeng dipunpromosikaken dados kolonèl lan dipun paringi jejibahan minangka komandhan divisi ing dhaérah Gallipoli (basa Turki: "Gelibolu"). Panjenenganipun mainaken peran kritis salebeting peperangan nglawan wadyabala sekutu Inggris, Prancis lan ANZAC salebeting Peperangan Gallipoli ing wulan April 1915. Ing mriki panjenenganipun kasil nahan wadyabala sekutu ing Conkbayırı lan ing bukit-bukti Anafarta. Amargi kasuksèsanipun puniki, pangkatipun lajeng dipununggahaken dados Brigadhir Jéndral, lan kanthi mekaten pikantuk gelar pasha lan pikantuk pangaruh ingkang saya wiyar salebetipun upados-upados paperangan. Kanthi pangaruh lan pengalaman puniki Mustafa Kemal kasil nggulingaken Kakaisaran Ottoman lan ngrebat malih wilayah-wilayah ingkang sadèrèngipun sampun dipunpasrahaken dhumateng Yunani sasampunipun Perang ageng punika.

Mustafa Kemal pikantuk pangurmatan saking tilas lawan-lawanipun amargi kakendelanipun salebeting kamenangan. Memorial Mustafa Kemal Atatürk kagungan papan kinurmatan ing Parade ANZAC Parade ing Canberra. Ing tugu pèngetan puniki kaserat tetembunganipun:

Para pahlawan ingkang ngesokaken rahipun lan kécalan nyawanipun ... kaliyan puniki sumaré ing siti saking nagari réncang. Mila saréya kanthi tentrem. Boten wonten bèntenipun antawisipun Johnny lan Mehmet ing pundi panjenenganipun sapuniki sumaré sisihan ing nagari kita... Kaliyan, para ibu ingkang ngintun putra-putranipun dhumateng nagari-nagari ingkang tebih, usapana luh panjenengan. Putra-putra panjenengan sapuniki sumaré ing haribaan panjenengan ing salebeting katentreman. Sasampunipun kécalan nyawanipun ing nagari puniki, putra-putra panjenengan sapuniki ugi sampun dados putra-putra kita sedaya.

Taun-taun pungkasan Perang Donya I[sunting | sunting sumber]

Mustafa Kemal taun 1925

Ing taun 1917 lan 1918 Mustafa dipunkintun dhumateng front Kaukasus (Kafkaslar) kanggé perang nglawan wadyabala Rusia, ingkang kasil dipunmenangaken. Panjenenganipun tumuli dipuntugasaken ing Hejaz (Hicaz), kanggé nindhes Pambrontakan Arab (ingkang dipunsengkuyung déning Britania Raya) ngllawan kakuwaosan Ottoman. Sasampunipun nglepas jabatanipun, pungkasanipun panjenenganipun wangsul kanggé dhines salebeting mbéla Palestina, nanging mboten kasil. Ing wulan Oktober 1918 Ottoman pasrah bongkokan dhumateng Sekutu, lan Mustafa Kemal dados salah satunggiling pamimpin partai ingkang milih kanggé mbéla wilayah ingkang kirang langkung sami kaliyan ingkang dipunkuwaosi déning Turki sapuniki, sauntawis sarujuk kanggé ngunduraken dhiri saking sedaya wilayah sanèsipun.

Émansipasi Turki[sunting | sunting sumber]

!Kanggé katrangan langkung jangkep ngenani topik puniki, pirsani Perang Kamardikan Turki .

Sauntawis wadyabala Sekutu wiwit nglenggahi Kakaisaran Ottoman, kaum révolusionèr Turki wiwit ngatonaken perlawanan. Mustafa Kemal ngorganisir gerakan-gerakan "Kuva-i Milliye" (Angkatan Nasional) ingkang paling kasil, ingkang salajengipun dados Perang Kamardikan Turki.

Révolusi Mustafa Kemal dipunwiwiti kanthi panugasanipun ing Samsun, lan ing mrika panjenenganipun dipunparingi kakuwaosan dharurat minangka Inspektur Dhivisi Militèr kaping 19. Sasaumpunipun dumugi ing Anatolia, panjenenganipun nafsiraken kakuwaosanipun sacara bébas, lan ngawontenaken sesambetan sarta ngedalaken préntah-préntah dhumateng para gubernur provinsi lan panglima militèr dhaérah. Piyambakipun ngèngkèn supados nglawan panjajah. Ing wulan Juni 1919 piyambakipun lan rèncang-rèncang caketipun ngedalaken Dhéklarasi Amasya ingkang nggambaraken alesan wewenang Istanbul boten sah. Para prawira Turki Mudha sacara pulitis mpromosikaken gagasan bilih pamaréntahan ing pangasingan kedah dipunwangun ing satunggiling papan ing Anatolia. Préntah Istanbul kanggé ngukum pati Kemal dumuginipun telat. Satunggiling parlemèn énggal, Dhéwan Agung Nasional, dipunwangun ing Ankara wulan April 1920. Dhéwan puniki nganugerahaken dhumateng Mustafa Kemal Pasha gelar 'Présidhèn Dhéwan Nasional, nulak pamaréntahan Sultan ing Istanbul lan nulak Prajanjian Sèvres.

Kanggé katarangan langkung pepak ngenani topik puniki, pirsani Panggung Perang

Ing front pulitik, Mustafa Kemal Pasha napakasmani Prajanjian Kars (23 Oktober 1921) kaliyanUni Sovyèt - satunggiling prajanjian persahabatan ingkang isinipun Turki masrahaken kitha Batumi, ingkang sapuniki wonten ing Georgia - dhumateng kaum Bolshevik Lenin minangka gentos kadhaulatan dhumateng kitha-kitha Kars lan Ardahan, ingkang dipunrebut déning Rusia Tsaris salebeting Perang Rusia-Turki, 1877-1878.

Kanggé katarangan langkung pepak ngenani topik puniki, pirsani Tahap perdamaian

Kamenangan Mustafa Kemal Pasha salabetipun Perang Kamardikan Turki njamin kadhaulatan Turki. Panjenenganipun ngeteraken Prajanjian Lausanne, lan kanthi punika Turki pungkasanipun nglabeti mangsa tentrem sasampunipun satunggil dasawarsa ngalami paperangan ingkang ngrisak, senadyan panjenenganipun ngadhepi oposisi irredentis ing Dhéwan Nasional lan ing papan-papan sanèsipun.

Kagesangan sasampunipun perang lan pambaruan[sunting | sunting sumber]

Konsolidhasi pulitik[sunting | sunting sumber]

Mustafa Kemal migunakaken sapérangan taun salajengipun kanggé ngonsolidhasikaken kakuwaosanipun ing Turki lan nglembagakaken manéka pambaruan pulitik, ékonomi lan sosial ingkang mawiyar. Pambaruan-pambaruan puniki njalari munculipun oposisi ing lingkungan Partai Rakyat Républikan ("Cumhuriyet Halk Fırkası" ing basa Turki) ingkang dipundegaken déning Mustafa Kemal tanggal 9 September 1923. Salajengipun Mustafa Kemal mréntahaken Jendral Kazım Karabekir supados ngedegaken Partai Républikan Progresif (basa Turki: "Terakkiperver Cumhuriyet Fırkası") minangka oposisi ing Dhéwan Nasional Turki. Partai puniki nentang sosialisme negara saking Partai Rakyat Républikan lan ngusulaken liberalisme. Nanging pérangan dangu sasampunipun, partai puniki dipunpundhut alih déning tiyang-tiyang ingkang dipunanggep Ataturk minangka fundhamentalis. Ing taun 1925, sebagéyan minangka tanggapan dhumateng provokasi saking Syekh Said, dipunwedalaken Undhang-undhang kanggé Njaga Katertiban, ingkang maringaken kakuwoasan dhumateng Ataturk kanggé mbibaraken klompok-klompok subvèrsif. Partai Républikan Progresif tumuli dipunbibaraken kanthi undhang-undhang énggal puniki, satunggiling tindakan ingkang dipunanggep perlu kanggé njaga nagari Turki. Nanging, tindakan puniki njalari kathah tiyang Turki dados kuciwa dhumateng Ataturk, lan nganggep tindakanipun minangka tindakan satunggiling dhiktator.

Tanggal 11 Agustus 1930 Mustafa Kemal mutusaken kanggé sepindhah malih nyobi gerakan dhémokrasi. Panjenenganipun nudhuh Ali Fethi Okyar madegaken partai ingkang énggal. Ing serat Mustafa Kemal dhumateng Ali Fethi Okyar, panjenenganipun negesaken laisisme. Awalipun Partai Républik Liberal kasil menang ing saindhenging nagari. Nanging sepindhah malih partai oposisi dados kiyat sanget salebeting perlawananipun dhumateng upados pambaruan Atatürk, khususipun ing perkawis peranan agami salebeting kagesangan mayarakat. Pungkasanipun Ali Fethi Okyar mbisak partainipun piyambak lan Mustafa Kemal boten naté kasil ndhémokratisaken sistem parlementer. Panjenenganipun sok-sok ngadhepi pihak oposisi kanthi atos salebeting upados nggayuh tujuan utaminipun kanggé ndhémokratisaken Turki. Salah satunggil kritikipun ingkang tetep wonten dumugi sepriki inggih punika bilih Ataturk boten mromosikaken dhémokrasi, nanging kados ingkang dipuncathet déning panulis biografinipun, "Ing antawis kalih perang, dhémokrasi boten saged bertahan ing kathah masarakat ingkang langkung sugih lan ingkang langkung kadhidhik. Otoritarianisme Ataturk ingkang dipuncerahaken nilar ruangan ingkang cekap kanggé kagesangan privat ingkang bébas. Ing wekdal gesangipun, kita boten saged ngantu-antu langkung kathah malih."[1]

Pambaruan kabudayan[sunting | sunting sumber]

Atatürk nepangaken abjad Turki ingkang énggal dhumateng rakyat Kayseri (20 September 1928).

Mustafa Kemal nganggep fez (mawi basa Turki "fes" (topi Turki), ingkang awalipun dipuntepangaken Sultan Mahmud II minangka angger-angger ngagem rasukan ing Kakaisaran Ottoman taun 1826) minangka lambang feodalisme lan mila dipunlarang. Panjenenganipun nyuwun supados priyantun Turki ngagem rasukan tiyang Eropah. Senadyan Islam nglarang sanget unjukan ingkang ngandhut alkohol, panjenenganipun nggalakaken prodhuksi lebet nagari lan ngedegaken indhustri minuman keras kangunanipun negara. Panjenenganipun remen dhumateng minuman keras nasional, rakı, lan kathah sanget anggènipun ngunjuk.

Réferènsi[sunting | sunting sumber]

  1. ^ Andrew Mango, Ataturk. kaca 536

Pranala njawi[sunting | sunting sumber]


Didhisiki déning:
-
Perdhana Mentri Turki Diganti déning:
Fevzi Çakmak
Didhisiki déning:
-
Présidhèn Turki Diganti déning:
İsmet İnönü