Abdul Hamid II
Sultan Abd-ul-Hamid II (21 September 1842–10 Februari 1918) iku sultan (khalifah) ka-27 sing mrintah Daulah Khilafah Islamiyah Turki Utsmani. Abd-ul-Hamid nggantèkaké saduluré Sultan Murad V ing tanggal 31 Agustus 1876. Taun 1909 Sultan Abd-ul-Hamid II dicopot kakuwasané liwat kudeta militèr, sekaligus meksa ngumumaké sistem pamaréntahan perwakilan lan mbentuk parlemen kanggo sing kaping pindhoné. Abdul Hamid II diasingaké menyang Tesalonika, Yunani. Sajroning Perang Donya I, panjenengané dipindhah menyang Istana Belarbe. Tanggal 10 Februari 1918, Abd-ul-Hamid II séda tanpa bisa nyeksèni runtuhé institusi Negara Khilafah (1924), sawijining prastawa sing diéndhani jroning mangsa pamaréntahané. Abdul Hamid II diganti déning seduluré yaiku Sultan Muhammad Reshad (Mehmed V) .