Ibnu Sina
Ibnu Sina yaiku pelopor elmu kedhokteran.[1] Dening wong Barat, dheweke diarani Avicenna.[1]
Jeneng dhawane yaiku Abu Ali Al-Huseyn bin Abdullah bin Hasan Ali bin Sina. [2]Ibnu Sina lair ing Bukhara, Uzbelistan, sasi Agustus 980 M. [2]Bapake yaiku Gubernur Bukhara ing mangsa Dinasti Samaniah kanthi aran Sultan Samanish Nuh II bin Mansyur (819 M-1005 M).[2] nalika umur 10 taun, dheweke wis bisa ngapalake Al Quran 30 jus.[2] Banjur nalika umur 16 taun, dheweke uga wis nguwasani pirang-pirang elmu ing antarane yaiku filsafat, ukum, logika, matematika, fisika, politik, lan kedhokteran. [2]Elmu kedhokteran bisa dikuwasani kanthi wektu kang cepet yaiku 1,5 taun.[2] Anggone sinau, uga tanpa guru.[2] Nalika umur 18 taun, dheweke uga wis praktik dadi dhokter.[2] Jeneng Ibnu Sina dadi misuwur kawit kasil anggone nambani penyakit Raja Nuh bin Mansyur yaiku penguwasa Dinasti Samaniah. [2]Minangka upahe, Ibnu Sina ditawani dadi dhokter ing istana lan dijamin urip kepenak, nanging Ibnu Sina ora gelem nampa upah mau.[2] Dheweke mung kepengin bisa maca buku kang ana ing perpustakaan istana.[2] Sawise maca buku-buku kang ana ing perpustakaan mau, elmu Ibnu Sina sansaya ngrembaka. [2]Ibnu Sina tinggal donya nalika umur 58 taun nalika lelungan bareng pemimpin Isfahan.[2]