Aqidah

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados
Artikel iki bagéyan saka sèri
Islam
Allah1.png
Rukun Islam
Syahadat · Shalat · Pasa
Zakat · Kaji
Rukun Iman
Allah · Al-Qur'an · Malaikat
Nabi · Dina Akhir
Qada & Qadar
Tokoh Islam
Muhammad SAW
Nabi & Rasul · Sahabat
Ahlul Bait
Kota Suci
Mekkah ·Madinah · Yerusalem
Najaf · Karbala · Kufah
Kazimain · Mashhad ·Istanbul
Riyaya
Hijrah · Idul Fitri · Idul Adha
· Asyura · Ghadir Khum
Arsitektur
Mesjid ·Menara ·Mihrab
Ka'bah · Arsitektur Islam
Jabatan Fungsional
Khalifah ·Ulama ·
Imam·Mullah·Ayatullah · Mufti
Teks & Hukum
Al-Qur'an ·Hadist · Sunnah
Fiqih · Fatwa · Syariat
Mazhab
Sunni
Hanafi ·Hambali
Maliki ·Syafi'i
Syi'ah
Rolas Imam
Ismailiyah·Zaidiyah
Liyané
Ibadi · Khawarij
Murji'ah·Mu'taziliyah
Delengen uga
Portal Islam
Indeks perkara Islam
Delengen uga: Iman (konsèp)

Ibn Qayyim al-Jawziyah, Muhammad ibn Abi Bakr Ibn Qayyim al-Jawziyah (1991). Tariq al-hijratayn wa-bab al-sa'adatayn. Dar al-Hadith (1991). p. 30. </ref>[1][2][3] Cithakan:Aqidah Akidah (basa Arab: اَلْعَقِيْدَةُ; transliterasi: Aqidah) ing istilah Islam ingkang artosipun iman. Sedaya sistem kapitadosan utawi keyakinan saged dipunanggep dados salah satunggaling akidah.

Etimologi[sunting | sunting sumber]

Ing basa Arab akidah asalipun saking tembung al-'aqdu (الْعَقْدُ) ingkang tegesipun ikatan, at-tautsiiqu (التَّوْثِيْقُ) ingkang tegesipun kapitadosan utawi keyakinan ingkang kiyat, al-ihkaamu (اْلإِحْكَامُ) ingkang tegesipun ngukuhaken (netepaken), dln ar-rabthu biquw-wah (الرَّبْطُ بِقُوَّةٍ) ingkang tegesipun ngiket kanthi kiyat.

Mènawi miturut istilah (terminologi): 'akidah inggih punika iman ingkang teguh lan pesthi, ingkang mboten wonten keraguan sekedhik kémawon kanggé tiyang ingkang nyakini.[4]

Dados, Akidah Islamiyyah inggih punika kaimanan ingkang teguh lan asipat pesthi dhumateng Allah kaliyan sedaya pelaksanaan kewajiban, kanthi tauhid[5] lan taat dhumateng-Panjenenganipun, gadhah iman dhumateng Malaékat-malaékat-Dalem, Rasul-rasul-Dalem, Kitab-kitab-Dalem, Dinten Pungkasan, takdir saé lan ala lan ngimani sedaya punapa-punapa ingkang sampun shahih babagan prinsip-prinsip Agami (Ushuluddin), prastawa-prastawa ingkang gaib, gadhah iman dhumateng punapa ingkang dados ijma' (konsènsus) saking Salafush Shalih, sarta sedaya pawarta-pawarta qath'i (pesthi), menawi sacara èlmiah utawi sacara amaliyah ingkang sampun dipuntetepaken miturut Al-Qur'an lan As-Sunnah ingkang shahih sarta ijma' Salaf as-Shalih.[6]

Pamérangan akidah tauhid[sunting | sunting sumber]

Menawi perkawis qadha' lan qadar dados ajang paslisihan ing kalangan umat Islam, ananging Allah sampun mbikak manah para hambaNipun ingkang gadhah iman, inggih punika para Salaf Shalih ingkang sakpunika sami nglampahi mergi leres ing pamahaman lan pendhapat. Miturut umat puniku qadha' lan qadar inggih punika kalebet rububiyah Allah dhumateng maklukipun. Mila prastawa punika kalebet ing salebetipun salah satunggalipun ing antawisipun tigang macem tauhid miturut pamérangan ulama:

  • Tauhid Al-Uluhiyyah,
    ngesakan Allah ing ibadah, inggih punika ngibadah namung dhumateng Allah lan namung amargi Panjenenganipun.
  • Tauhid Ar-Rububiyyah,
    ngesakan Allah ing tumindak-Dalem, inggih punika ngimani lan nyakini menawi namung Allah ingkang nyipta, nguwaosi lan ngatur alam semesta punika.
  • Tauhid Al-Asma' was-Sifat,
    ngesakan Allah ing asma lan sipat-Dalem, artosipun ngimani menawi mboten wonten makluk ingkang sarupi kaliyan Allah, ing dat, asma utawi sipat.

Iman dhumateng qadar inggih punika kalebet tauhid ar-rububiyah. Menawi mekaten Imam Ahmad ngendika: "Qadar inggih punika kakuwaosan Allah". Amargi, mboten syak malih, qadar (takdir) kalebet qudrat lan kakuwaosan Dalem ingkang nyeluruh. Sasanèsipun puniku, qadar inggih punika wadi Allah ingkang- kasimpen, mboten wonten setunggal tiyang kémawon ingkang saged mangertosi sanèsipun Panjenengan, kaserat ing Lauh Mahfuzh lan mboten wonten setunggal tiyang kémawon ingkang saged ningali . Kita mboten mangertosi takdir saé utawi ala ingkang sampun dipuntemtuaken kanggé kita utawi kanggé makluk sanèsipun, sanèsipun saksampuné kedadosan utawi adhedhasar nash ingkang leres .[7]

Cathetan Suku[sunting | sunting sumber]

  1. ^ al-Hanafi, Imam Ibn Abil-'Izz. Sharh At Tahawiyya. p. 76.
  2. ^ al-Safarayni, Muhamad bin Ahmad. Lawami' al-anwar al-Bahiyah. Dar al-Kutub al-Ilmiyah. p. 1/128.
  3. ^ Abd al-Wahhab, ibn Abd Allah, Ibn, Sulayman (1999). Taysir al-'Aziz al-Hamid fi sharh kitab al-Tawhid. 'Alam al-Kutub. pp. 17–19.
  4. ^ Lisaanul 'Arab (IX/311:عقد) karya Ibnu Manzhur (séda th. 711 H) t lan Mu'jamul Wasiith (II/614:عقد).
  5. ^ Tauhid Rububiyyah, Uluhiyyah, lan Asma' wa Shifat Allah.
  6. ^ Pirsani Buhuuts fii 'Aqiidah Ahlis Sunnah wal Jamaa'ah (kaca 11-12) déning Dr. Nashir bin 'Abdul Karim al-'Aql, cithakan II/ Daarul 'Ashimah/ th. 1419 H, 'Aqiidah Ahlis Sunnah wal Jamaa'ah (kaca 13-14) karya Syaikh Muhammad bin Ibrahim al-Hamd lan Mujmal Ushuul Ahlis Sunnah wal Jamaa'ah fil 'Aqiidah déning Dr. Nashir bin 'Abdul Karim al-'Aql.
  7. ^ Disalin saking kitab Al-Qadha wal Qadar, èdhisi Indonésia Qadha & Qadhar, Panyusun Syaikh Muhammad Shalih Al-Utsaimin, Panerjemah A.Masykur Mz, Panerbit Darul Haq, Cithakan Rabi'ul Awwal 1420H/Juni 1999M

Réferènsi[sunting | sunting sumber]

  • Kitab Syarah Aqidah Ahlus Sunnah Wal Jama'ah déning Yazid bin Abdul Qadir Jawas.
  • Kitab Buhuuts fii 'Aqiidah Ahlis Sunnah wal Jamaa'ah (kaca 11-12) déning Dr. Nashir bin 'Abdul Karim al-'Aql, 'Aqiidah Ahlis Sunnah wal Jamaa'ah (kaca 13-14) karya Syaikh Muhammad bin Ibrahim al-Hamd lan Mujmal Ushuul Ahlis Sunnah wal Jamaa'ah fil 'Aqiidah déning Dr. Nashir bin 'Abdul Karim al-'Aql.
  • Kitab Syarah Aqidah Ahlus Sunnah Wal Jama'ah déning Yazid bin Abdul Qadir Jawas.

Pranala Njaba[sunting | sunting sumber]

Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Aqidah&oldid=863776"