Anatomi tetanduran

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados

Anatomi tetanduran utawa fitotomi iku analogi saka anatomi manungsa utawa kéwan. Senajan sacara prinsip kajian sing diayahi iku ndeleng fisik minangka bagéan-bagéan sing sacara fungsional béda-béda, anatomi tetanduran migunakaké pendekatan metode sing béda karo anatomi kéwan. Organ tetanduran kaékspos saka njaba, saéngga umumé ora perlu "pambedhahan".

Anatomi tetanduran biasané dipérang dadi telung bagéan miturut hierarki jroning kauripan:

  • Organologi, nyinaoni struktur lan fungsi organ adhedhasar jaringan-jaringan penyusuné;
  • Histologi, nyinaoni struktur lan fungsi manéka jaringan adhedhasar wangun lan peran sel panyusuné; lan
  • Sitologi, nyinaoni struktur lan fungsi sèl sarta organel-organel ing sajeroné, prosès kauripan jroning sèl, sarta hubungan antara siji sèl karo sèl liyané. Sitologi dikenal uga minangka biologi sèl.

Morfologi tetanduran uga kerep dikaji bebarengan karo anatomi tetanduran.

Organologi[sunting | sunting sumber]

Organologi nyinaoni struktur lan fungsi sawijining organ. Ing ngisor iki jaringan-jaringan dhasar sing nyusun telung organ pokok tetanduran.

Oyod[sunting | sunting sumber]

Oyod utawa oyot, kasusun saka jaringan-jaringan:

Lapis njaba oyod kerep dilindhungi déning lapisan gabus tipis. Bagéan pucuk oyod nduwèni jaringan tambahan yaiku tudhung oyod. Pucuk oyod uga dislimuti déning lapisan mèmper lendhir sing diarani misel (mycel) sing wigati jroning pertukaran hara sarta interaksi karo organisme (mikroba) liya.

Wit[sunting | sunting sumber]

Susunan wit (bahasa Indonesia: batang), ora akèh bédané karo oyod. Wit kasusun saka jaringan iki:

Struktur iki ora akèh owah, ing wit utama, pang, utawa ranting. Lumahing wit mawa kayu utawa tetanduran arupa wit-witan kerep dilindhungi déning lapisan gabus (suber) lan/utawa kutikula sing ngandhut lenga (hidrofobik). Jaringan kayu ing wit dikotil utawa monokotil tinamtu bisa ngalami prosès lignifikasi sing lanjut saéngga kayu dadi atos banget.

Godhong[sunting | sunting sumber]

Godhong jangkep dumadi saka pelepah godhong, gagang godhong sarta helai godhong. Helai godhong nduwèni urat godhong sing ora liya minangka terusan saka jaringan panyusun wit sing fungsiné nyaluraké hara utawa produk fotosintesis. Helai godhong kasusun saka jaringan-jaringan dhasar iki:

Permukaan epidermis kerep kalapis déning kutikula utawa rambut alus (pilus) kanggo nglindhungi godhong saka srangga pemangsa, spora jamur, utawa tetesan banyu udan.

Histologi[sunting | sunting sumber]

Histologi tetanduran nyinaoni jinis-jinis sèl (adhedhasar wangun lan fungsi) sing nyusun sawijining jaringan.

Jaringan panyusun tetanduran antara liya : 1. epidermis (jaringan pelindhung) 2. kolenkim (jaringan penyokong) 3. sklerenkim (jaringan penyokong) 4. parenkim (jaringan dhasar) 5. xilem (jaringan pembuluh/pengangkut) 6. floem (jaringan pembuluh/pengangkut)

Sitologi[sunting | sunting sumber]

Pirsani artikel sèl (biologi) kanggo pembahasan luwih jero.

Sitologi nyinaoni fungsi manéka warna sèl lan organel-organel khas pendhukung fungsi kasebut.

Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Anatomi_tetanduran&oldid=822416"