Allianz Arena
| Allianz Arena | |
|---|---|
| Fußball Arena München (during UEFA-organised games) |
|
| Nama lama | FIFA World Cup Stadium Munich (during the 2006 FIFA World Cup) |
| Lokasi | Munich, Germany |
| Pelepasan tanah | October 21, 2002 |
| Dibuka | May 30, 2005 |
| Pemilik | Allianz Arena München Stadion GmbH |
| Operator | Allianz Arena München Stadion GmbH |
| Permukaan | Grass |
| Biaya konstruksi | € 340 million |
| Arsitèk | Herzog & de Meuron ArupSport |
| Kapasitas | 69,901 (seating and standing) 65,000 (seating only) |
| Executive Suites | 106 |
| Ukuran lapangan | 105m x 69m |
| Pemakai | |
| FC Bayern Munich TSV 1860 München |
|
Allianz Arena iku salah siji stadion bal-balan kang ana ing distrik Fröttmaning ing sisih lor kutha Munchen, Jerman. Stadion iki dibuka nalika tanggal 30 Mei 2005 kanthi digelar bal-balan paseduluran antarané TSV 1860 München lan FC Nürnberg. Stadion iki digawe khusus kanggo bal-balan Piyala Donya 2006.[1] Sawise dadi stadion iki dadi kandhange TSV 1860 München lan FC Bayern München. Nanging amarga TSV 1860 Munchen krisis, banjur FC Bayern Munchen kang nganggo stadion iki.[2]
Stadion iki wujudé oval, mblendhuk-mblendhuk, dawané kurang luwih 258 mèter, ambané 227 mèter, dhuwure 50 meter. Stadion iki kamot nganti 66.000 wong. Stadion Allianz Arena isa malih-malih rupané, kadhang abang, putih, biru, utawa campuran,, miturut grup kang lagi tandhing ing sstadion. Stadion iki dirancang déning perusahaan arsitèktur saka Swiss, Herzog lan de Meuron. Kulit kang nutupi stadion iki kabentuk saka 1056 cuwiln kang wujude kaya kupat.[2]
[sunting] Sajarah
Nalika tanggal 21 Oktober 2002 ana jejak pendapat kang ngrembuk babagan perlu apa ora mbangun stadion anyar kanggo Piyala Donya 2006 ing kutha Munich, banjur rong pertelon wong kang melu rapat iku sarujuk yen ing Munich kudu digawé stadion. Wiwitané stadion iki arep dibangun kanggo stadion olimpiadhe, nanging arsitèk kang aran Gunther Behnisch ora sarujuk karo usulan iku.
Perusahaan arsitek Swiss Herzog & de Meuron banjur nggedhèkaké rancangan stadion iku kanthi rencana gawé eksterior kang digawé saka foil ETFE-panel, kang isa murup lan isa ngresiki dhewe. Konstruksi diwiwiti nalika taun 2002 lan rampung ing sasi April 2005. .
[sunting] Cathetan sikil
- ↑ (id)allianz.co.id(diundhuh tanggal 23 Agustus 2011)
- ↑ a b (id)www.uniknya.comStadion Utama UEFA di Jerman (diundhuh tanggal 23 Agustus 2011)
[sunting] Situs Resmi
|
|||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||