Stadion Santiago Bernabéu
| Santiago Bernabéu | |
|---|---|
| El Bernabéu | |
| Nama lengkap | Estadio Santiago Bernabéu |
| Nama lama | Nuevo Estadio Chamartín (1947–1955) |
| Lokasi | Madrid, Spain |
| Pelepasan tanah | 27 October 1944 |
| Dibuat | 1944-1947 |
| Dibuka | 14 Desember 1947 |
| Direnovasi | 1982, 2001 |
| Diperbesar | 1953, 1992, 1994, 2011 |
| Pemilik | Real Madrid |
| Operator | Real Madrid |
| Permukaan | Desso GrassMaster |
| Biaya konstruksi | 288,342,653 Ptas (Cithakan:€) |
| Arsitèk | Manuel Muñoz Monasterio Luis Alemany Soler Antonio Lamela (Expansion)[1] |
| Manajer proyèk | Santiago Bernabéu Yeste |
| Kapasitas | 81,254 (stadium) 4200 (suites) |
| Record attendance | 120.000 (Real Madrid-ACF Fiorentina, 30 May 1957) |
| Ukuran lapangan | 105 × 68 m (Cithakan:Convert/Dual/rnd)</noinclude> |
| Pemakai | |
| Real Madrid C.F. (1947-present) Spain national football team (1947-present) |
|
Stadion Santiago Bernabéu iku salah siji stadion bal-balan kang ana ing kutha Madrid, Spanyol. Stadion iki resmekake tanggal 14 Desember 1947. Stadion iki wis tau diowahi utawa dibangun ing taun 1953, 1982, 1992, 1998, lan taun 2003-2004.[2]
Stadion iki dadi kandhange tim bal-balan Real Madrid. Stadion iki isa nampung penonton nganti 80.354 wong. Stadion iki wiwt dibanguin tanggal 27 Oktober 1944, kanthi jeneg pisanan Estadio Chamartin.[3] Jeneng Stadion Bernabéu wiwt digunakake nalika taun 1955. Jeneng iki dipilih kanggo ngurmati Presiden Santiago Bernabeu. Stadion iki kalebu stadion bintang lima dening UEFA.[3]
Stadion iki wis tau nggelar pinal Piala Eropa kaping telu, yaiku taun 1957, 1969, lan 1980. Saliyane iku uga tau dadi panggonan nggelar Pinal Liga Champions ing taun 2010. Stadion iki uga tau digunakake kanggo Piala Donya FIFA taun 1964.
[sunting] Sajarah
Wiwitane stadion iki saka Real Madrid kang main ing stadion Campo de O'Donnel. Banjur nalika taun 1912, Real Madrid ngalih menyang 'Estadio de Chamartin. Real Madrid nganggo stadion iki wiwit 17 Mei 1923, ing taun iku uga dadi taun pisanan Madrid oleh gelar juwara ing Liga Spanyol. Bal-balan pambuka ing stadion iku antarane Real Madrid musuh Newcastle United kang ditonton dening 22.500 suporter. Wiwit saka iku Real Madrid dadi tim bal-balan kang apik, warga Madrid akeh kang dadi suporter Real Madrid. Banjur Don Santiago Bernabeu, presiden Real Madrid nalika taun 1943, mbangun Estadio de Chamartin.
[sunting] Cathetan sikil
- ↑ Antonio Lamela
- ↑ (en)www.stadiumguide.com (diundhuh tanggal 27 Agustus 2011)
- ↑ a b (id)www.duniasoccer.com 10 Stadion Terbesar di Eropa (diundhuh tanggal 27 Agustus 2011)
