Piala Donya FIFA
Piala Donya FIFA utawa kerep dicekak Piala Donya kuwi kajuwaraan bal-balan paling wigati ing donya internasional. Diselenggarakaké déning Fédération Internationale de Football Association (Fédération Internationale de Football Association), sing kajibah nata olahraga iki, turnamen babak final Piala Donya kuwi ajang olahraga sing paling akèh ditonton ing donya, ngluwihi Olimpiade.[1]
Babak final turnamen (ngarujuk marang bagéyan turnamen sawisé kwalifikasi) iki diselenggarakaké saben patang taun sepisan nanging kajuwaraan iki mbutuhaké mangsa rong taun sacara sakabèhané. Luwih saka 160 tim nasional tandhing ing turnamen kwalifikasi regional kanggo nggayuh papan jroning babak final. Turnamen finalé saiki dumadi saka 32 tim (paningkatan saka 24 tim ing taun 1998) sing kompetisi jroning 4 minggu ing negara sing ditunjuk minangka tuwan omah. Inovasi sing dianakaké anyar iki yakuwi ngolèhaké luwih saka siji negara dadi tuwan omah.
Panyelenggaraan Piala Donya sabanjuré ing Afrika Kidul taun 2010.
Bab lan Paragraf |
[sunting] Kajuwaraan Piala Donya FIFA
1 Ora ana pertandingan perebutan papan katelu sing resmi ing taun 1930.
Peringkat pungkasan: 1: Uruguay; 2: Argentina; 3: AS; 4: Yugoslavia.
2 Ora ana pertandingan final sing resmi ing taun 1950. Turnamen diputusaké liwat grup final sing dipersaingkan patang tim. Nanging kamenangan Uruguay 2-1 marang Brasil kuwi pertandingan wigati sing nggawa tim iki mimpin saka segi poin lan mesthèkaké ana ing posisi paling dhuwur jroning grup minangka juwara donya.
Peringkat akhir grup: 1: Uruguay; 2: Brasil; 3: Swedia; 4: Spanyol.
[sunting] Peringkat juwara Piala Donya
Brasil - 1958, 1962, 1970, 1994, 2002 (5 kali)
Italia - 1934, 1938, 1982, 2006 (4 kali)
Jerman - 1954, 1974, 1990 (3 kali)
Argentina - 1978, 1986 (2 kali)
Uruguay - 1930, 1950 (2 kali)
Inggris - 1966 (1 kali)
Prancis - 1998 (1 kali)
[sunting] Bebungah ing Piala Donya
Ing saben pungkasan turnamen final Piala Donya, sawetara bebungah diwènèhaké marang pamain lan tim sing dianggep istimewa dibandingaké karo tim liyané miturut aspek-aspek sing béda-béda. Wektu iki ana limang jinis bebungah:
- Sepatu Emas Adidas (Adidas Golden Shoe) kanggo wong sing nggawe gol paling akeh
- Bola Emas Adidas (Adidas Golden Ball) kanggo pemain paling apik;
- Penghargaan Yashin (Yashin Award) kanggo wong sing njaga gawang paling apik;
- Penghargaan Permainan Adil FIFA (FIFA Fair Play Award) kanggo tim sing duwe chatetan fair play terbaik;
- Tim Paling Menghibur.
[sunting] Sepatu Emas Adidas - Pencetak gol paling akèh
Bebungah iki dikenalaké wiwit taun 1982.
| Piala Donya | Pemain | Cacahé gol |
|---|---|---|
| 1930 Uruguay | Guillermo Stábile (Argentina) | 8 |
| 1934 Italia | Edmund Conen (Jerman) Oldřich Nejedlý (Cekoslovakia) Angelo Schiavio (Italia) |
4 |
| 1938 Prancis | Leônidas (Brasil) | 8 |
| 1950 Brasil | Ademir (Brasil) | 9 |
| 1954 Swiss | Sándor Kocsis (Hungaria) | 11 |
| 1958 Swedia | Just Fontaine (Prancis) | 13 |
| 1962 Chili | Garrincha (Brasil) Vavá (Brasil) Leonel Sánchez (Chili) Drazen Jerkovic (Yugoslavia) Valentin Ivanov (Uni Soviet) Florian Albert (Hungaria) |
4 |
| 1966 Inggris | Eusébio (Portugal) | 9 |
| 1970 Meksiko | Gerd Müller (Jerman Barat) | 10 |
| 1974 Jerman Barat | Grzegorz Lato (Polandia) | 7 |
| 1978 Argentina | Mario Kempes (Argentina) | 6 |
| Pemenang Sepatu Emas adidas | ||
| 1982 Spanyol | Paolo Rossi (Italia) | 6 |
| 1986 Meksiko | Gary Lineker (Inggris) | 6 |
| 1990 Italia | Salvatore Schillaci (Italia) | 6 |
| 1994 AS | Hristo Stoitchkov (Bulgaria) Oleg Salenko (Rusia) |
6 |
| 1998 Prancis | Davor Šuker (Kroasia) | 6 |
| 2002 Korea/Jepang | Ronaldo (Brasil) | 8 |
| 2006 Jerman | Miroslav Klose (Jerman) | 5 |
[sunting] Bola Emas Adidas
FIFA ngumumaké 10 unggulan pamain paling apik sing dipilih déning wakil-wakil saka media. Posisi pisanan olèh Bola Emas adidas, posisi kaloro: Bola Pérak adidas lan katelu: Bola Perunggu adidas.
| Piala Donya | Bola Emas Adidas | Bola Perak Adidas | Bola Perunggu Adidas |
|---|---|---|---|
| 1982 Spanyol | Paolo Rossi (Italia) |
Falcão (Brasil) |
Karl-Heinz Rummenigge (Jerman) |
| 1986 Meksiko | Diego Maradona (Argentina) |
Harald Schumacher (Jerman) |
Preben Elkjær (Denmark) |
| 1990 Italia | Salvatore Schillaci (Italia) |
Lothar Matthäus (Jerman) |
Diego Maradona (Argentina) |
| 1994 AS | Romário (Brasil) |
Roberto Baggio (Italia) |
Hristo Stoitchkov (Bulgaria) |
| 1998 Prancis | Ronaldo (Brasil) |
Davor Šuker (Kroasia) |
Lilian Thuram (Prancis) |
| 2002 Korea/Jepang | Oliver Kahn (Jerman) |
Ronaldo (Brasil) |
Hong Myung-Bo (Korea Selatan) |
| 2006 Jerman | Zinedine Zidane (Prancis) |
Fabio Cannavaro (Italia) |
Andrea Pirlo (Italia) |
[sunting] Bebungah Yashin
Bebungah iki jenengé asal saka jeneng panjaga gawang Rusia sing legendaris, Lev Yashin.
| Piala Donya | Panampa |
|---|---|
| 1994 AS | Michel Preud'homme (Belgia) |
| 1998 Prancis | Fabien Barthez (Prancis) |
| 2002 Korea/Jepang | Oliver Kahn (Jerman) |
| 2006 Jerman | Gianluigi Buffon (Italia) |
[sunting] FIFA Fair Play Award
Penghargaan ini hanya diberikan kepada tim-tim yang lolos ke babak kedua.
| Piala Donya | Penerima |
|---|---|
| 1978 Argentina | Argentina |
| 1982 Spanyol | Brasil |
| 1986 Meksiko | Brasil |
| 1990 Italia | Inggris |
| 1994 AS | Brasil |
| 1998 Prancis | Inggris dan Prancis |
| 2002 Korea/Jepang | Belgia |
| 2006 Jerman | Brasil lan Spanyol |
[sunting] Tim Paling Menghibur
Bebungah Tim Paling Menghibur ditentokaké liwat polling saka publik.
| Piala Donya | Tim Paling Menghibur |
|---|---|
| 1994 AS | Brasil |
| 1998 Prancis | Prancis |
| 2002 Korea/Jepang | Korea Selatan |
| 2006 Jerman | Portugal |
[sunting] Panyithak gol paling akèh
-
1 Ana kontroversi ngenani pira cacahing gol sing dicithak pamain Brasil Ademir Menezes ing taun 1950, amarga data sing ora pepak bab pertandingan Babak Final antara Brasil nglawan Spanyol (6-1). Gol pisanan dianggep minangka gol bunuh diri pamain Spanyol Parra, lan gol sing nggawé kadudukan dadi 5-0 dianggep diciptakaké déning Jair, nanging anyar iki FIFA nyatakaké yèn gol-gol kasebut diciptakaké déning Ademir; saéngga dhèwèké dadi panyithak gol paling akèh (9 gol) ing Piala Donya 1950. [1]
Sumber: rsssf.com
[sunting] Gol paling cepet
| Pamain | Negara | Wektu | Piala Donya |
|---|---|---|---|
| Hakan Şükür | 11" | 2002 Korea/Jepang | |
| Václav Mašek | 15" | 1962 Chili | |
| Bryan Robson | 27" | 1982 Spanyol | |
| Bernard Lacombe | 37" | 1978 Argentina |
[sunting] Delengen uga
[sunting] Referensi
- ↑ 2002 FIFA World Cup TV Coverage, situs resmi FIFA. Diaksès 13 Mei 2006.
[sunting] Pranala njaba
- (en) Situs resmi Piala Donya FIFA
- (en) WorldCup-History.com
- (en) Situs resmi Piala Donya FIFA 2006
- (en) Situs Resmi FIFA
| Piala Donya FIFA |
|
Uruguay 1930 | Italia 1934 | Prancis 1938 | Brasil 1950 | Swiss 1954 | Swedia 1958 | Chili 1962 | Inggris 1966 | Meksiko 1970 | Jerman Kulon 1974 | Argentina 1978 | Spanyol 1982 | Meksiko 1986 | Italia 1990 | AS 1994 | Prancis 1998 | Koréa/Jepang 2002 | Jerman 2006 | Afrika Kidul 2010 | Brasil 2014 | |
|
|||||||||||||||||||||||||||||