Wikipédia:Artikel pilihan/2015 09
Mgr. Albertus Soegijapranata, SJ (Éjaan kang disampurnakaké: Albertus Sugiyapranata; lair 25 Novèmber 1896 – pati 22 Juli 1963 ing umur 66 taun), luwih misuwur mawi jeneng lair Soegiya, yaiku Vikaris Apostolik Semarang, banjur dadi uskup agung.[1] Dhèwèké kuwi uskup asli saka Indonésia kang nomer siji lan misuwur amerga prinsipé kang pro-nasionalis, kang asring diwastani "100% Katulik, 100% Indonésia".[1][2]
Soegija lair ing Surakarta, Hindhia-Walanda, saka kaluwarga abdi dalem lan garwané.[1] Kaluwarga muslim kuwi banjur pindhah menyang kutha Yogyakarta rikala Soegija isih cilik lan amerga diakoni anak kang pinter, taun 1909 Soegija dijaluk déning Pr. Frans van Lith nggabung karo Kolese Xaverius, yaiku sekolah Yésuit ing Munthilan.[1] Ana ing kana Soegija dadi seneng marang agama Katulik lan dibaptis ing tanggal 24 Desember 1910.[1] Sawisé lulus saka Xaverius ing taun 1915 lan dadi guru ing kana setaun, Soegija sekolah menèh rong taun ing Seminari ing Munthilan sadurungé mangkat menyang Walanda taun 1919.[1] Dhèwèké nglakoni pendhidhikan calon biarawan ing Sarékat Yésus suwéné rong taun ing Grave.[1] Dhèwèké uga ngrampungaké junioraté ing kana taun 1923.[1] Sawisé telung taun sinau filsafat ing Kolese Berchamnn ing Oudenbosch, dhèwèké dikirim menèh menyang Walanda supaya sekolah téologi ing Maastricht, lan ditahbiské ing tanggal 15 Agustus 1931.[1] Sawisé iku Soegiya nambahaké tembung "Pranata" ing jenengé.[1] Taun 1993 Soegijapranata dikirim menèh menyang Hindhia-Walanda supaya dadi pastor.[1]
Soegijapranata miwiti imané mawi vikaris paroki kanggo Pr. van Driessche ing Paroki Kidul Loji, Yogyakarta, nanging diwènèhi paroki dhéwé sawisé Gréja St. Yoseph ing Bintaran kang dibukak ing taun 1934.[2] Ana ing mangsa iki dhèwèké ngusahakaké supaya bisa munggahaké rasa kekatulikané masarakat Katulik lan negesaké preluné gegandhèngan kang kuwat antarané keluwarga Katulik.[2] Taun 1940 Soegijapranata dikonsekrasikaké mawa vikaris apostolik lan Vikariat Apostolik Semarang, sing nembé diadegaké.[2] Senajan cacahé wong Katulik saya akèh sawisé dhèwèké dikonsekrasikaké, Soegijapranata kudu ngadhepi alangan.[2] Awal taun 1942 Kekaisaran Jepang nglungguhi Hindhia-Walanda lan sasuwéné kuwi gréja dikuwasani banjur pastor-pastor akèh sing dicekel utawa dipatèni.[2] Soegijapranata bisa ucul saka kedadéyan iki lan ngentèkaké mangsa jajahan Jepang.[2] Maca sabanjure..