Wayang timplong

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Wayang Timplong utawa wayang klithik  punika kasenian wayang saking kajeng waru ingkang wonten ing kutha Nganjuk, Jawa Wètan.[1] Miturut sejarahipun, wayang timplong dipundamel saking kajeng. Nanging amarga abot saha rekasa dipunowahi, asta wayang timplong punika diagem saking kulit (wonten salebeting Sri Retna, 2018:3). Wayang timplong punika meh padha kaliyan wayang klithik nanging bedhanipun wonten wujud pahatan. Asma wayang timplong punika asalipun saking swanten gamelan ingkang tebih menawi dipunmirengaken plong-plong-plong. Paraga paringgitan boten sakathah kados ringgit purwa, kirang langkung naming 70-an paraga. Bab punika dipun sebabaken amargi wonten pagelaran naming kajejer paraga ratu, prajurit, putri, satriya, kalihan buta/sabrangan. Paraga puniku wonten adhegan per adhegan ringgit ingkang dipun ébahaken sami, boten wonten nami mligi saben paraganipun, wontenipun inggih sebatan ratu, putri, satriya, lan sapanunggalanipun. Wayang Timplong ginelar ing wanci siyang tabuh 10 dumugi sonten tabuh 16. Nalika badhe péntas sami dipun simping kados déné ringgit purwa, ananging boten mawi gedebog pisang nanging migunakaken kajeng utawi larapan, pangjangipun 5-6 mèter. Boten mawi kelir sebab punika para miyarsa saged mirsani saking kalih sisih ngajeng utawi wingking kanthi cetha. Basa ingkang dipun ginakaken inggih punika basa Jawi krama sarta ngoko, boten kacampur cara Jawi Wétanan. Wondéné kanggé iringan naming mawi ricikan gambang, kendhang, kempul, kenong/bonang, gong, rebab, kalihan tanpa sindhèn utawi waranggana. Ricikan wonten Wayang Timplong sinebut kanthi sesebutan Gamelan Pégon.[2]

Wayang paraga Radèn Damar Wulan satriya

Sujarah[besut | besut sumber]

Wayang timplong punika dipun-gagas kaliyan Mbah Bancol saking Desa Kedhungbajul, Kecamatan, Kabupatén Nganjuk, Jawa Wètan kirang langkung taun 1910. [3]Penciptaan wayang timplong punika miturut cariyosipun dalang ngandhut unsur mitos. Mitos inggih punika cariyos jaman biyèn andhedhasar tabuh ingkang boten genah saha alur ingkang boten saged dipuntampi kaliyan penggalih manungsa. Mitos saking wayang timplong punika saged kasebut luwih mistis. Kadadèyan punika dipunwiwiti saking penciptaan wayang timplong. Sakderengipun ndamel wayang, Mbah Bancol nyigar wit waru kagem bakar-bakar, ananging wonten salah sawijining sigaran kasebut wonten kajeng ingkang awujud kados wayang. Banjur Mbah Bancol mahat wujud kasebut saèngga muncul setunggal wujud wayang. Wonten pungkasan, Mbah Bancol ndamel setunggal sèt wayang uga gamelan kagem ngiringi. Gamelan ingkang dipun-ginakaken awujud gambang, kendhang, kenong, uga gong.[4] Lajeng ingkang dados pambédha antawisipun wayang timplong kaliyan wayang sanès inggih punika paraganipun. Paraga wayang timplong boten kathah kados wayang-wayang sanès. Paraga wonten salebetipun wayang timplong kirang langkung 70-an. Amarga pagelaran wayang timplong namung wonten ratu, prajurit, putri, satriya, saha buta/ sabrangan. Boten wonten asma khusus kagem paraga-paraga kasebut.

Pangembangan[besut | besut sumber]

Saking taun 1910-2013 wonten owah-owahan kasenian wayang timplong, inggih punika piranti musik ingkang wiwitipun ngagem bathok owah dados gamelan ingkang kaperang dados Gambang, gendhang kenong uga Gong. Banjur wiwit taun 2000 sampun wonten sindhèn wonten pagelaran wayang. Owah-owahan punika kadadosan amargi wayang timplong tasih dipunlestantunaken saèngga boten kalah aliyan kasenian Modérn.

Mupangat[besut | besut sumber]

Miturut masyarakat saking Kabupatèn Nganjuk, wayang timplong punika gadhah mupangat dados sarana ritual kagem bersih desa ingkang dimèngeti saben taun. Ancasipun bersih desa punika kagem nyuwun kaslametan amarga angsal asil panèn ingkang kathah. Bersih desa punika ugi kagem nyuwun supados taun ngajeng rejeki warga dusun saged luwih sae, pertanianipun adoh saking hama saengga penananipun luwih kathah. Bersih desa punika asring kasebut sadranan. Sadranan punika dimengeti wonten bulan Jawa Sura saha bulan Dhulkaidah. Boten sedaya sadranan punika nggelar wayang timplong. Wonten ingkang nanggap tayub, inggih wonten ingkang nanggap wayang kulit purwa. Biaya kagem sadranan biyasanipun saking lelang lemah kas desa ingkang dipunséwakaken dhateng salah satunggal warga. Dados sadranan punika boten nyusahaken warganipun.  

Sanèsipun bersih desa, wayang timplong ugi dipun-ginakaken kagem para komunitas adat ingkang nglestantunaken upacara adat minangka salah sawijining cara kagem nglestantunaken wayang timplong. Pakumpulan budaya uga saged tumut nglestantunaken budaya punika.

Salebetipun wayang timplong uga asring dipun-ginakaken kagem nadar, biyasanipun kagem ngobati salah satunggaling lelara. Menawi boten mantun ènggal dipuntanggapaken wayang timplong supados ènggal mantun. Cariyosingkang badhé dipuntampilaken wonten pagelaran kagem kaperluan nadar boten dipuntamtukaken kaliyan dalang. Lakon ingkang badhé dipunpentasaken manut kaliyan penanggap.

Mupangat ingkang sanèsipun saking pagelaran wayang kulit inggih punika kagem guyonan. Saèngga wayang timplong punika saged diraosaken kaliyan sedaya kalangan masyarakat. Dados wayang timplong punika digadhang-gadhang saged luwih saè kados wayang kulit purwa ingkang kawentar wonten sedaya kalangan masyarakat.

Lakon[besut | besut sumber]

Cariyos wayang asring kasebut lakon. Andhedhasar saking tembung laku inggih punika tumindak, saèngga pamirsa saged nampa teges, lan tumindak kados ingkang dipunmaksud kaliyan cariyos kasebut. Cariyos ingkang dipun-ginakaken boten namung saking Mahabarata saha Ramayana nanging uga saking cariyos utawa lakon Panji lan cariyos ingkang gegayutan kaliyan kerajaan Majapahit.

Wosing Lakon[besut | besut sumber]

Saben lakon ingkang dipunpéntasaken ngandhut nilai-nilai utawa teges piyambak. Menawi  tumut pagelaran kanthi runtut kamangka teges saking cariyos utawa lakon kasebut saged dipunmangertosi. Wos ingkang saged kapundhut saking cariyos utawa lakon wayang timplong ngandhut babagan kepahlawanan, petuah, perjuangan, lan sapanunggalanipun.

Kepahlawanan punika kapundhut saking cariyos utawa lakon Sekartaji Kembar, Petuah saking lakon Baruklinthing uga Perjuangan saking  lakon Babad Kediri.

Sarasilah Dhalang Wayang Timplong[besut | besut sumber]

Kanggé anggampilaken pangertosan sarasilah utawi garis dhalang Wayang[5]. Dhalang inggih punika daya punjer saking donyaning ringgit, panjenenganipun ingkang ngébahaken ringgit saged kados manungsa kang saged ngajak para miyarsa nuju dhateng laladan-laladan ingkang ungel cariyosipun saged molah-malih mèmper paraga ingkang dipun lampahaken satemah saged ngedalaken raos manis, bingah, susah, lan sapanunggalanipun.[6]

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. Nugraha, Nur Alif; Maulidhia, Julia Permata; Pratiwi, Hanavia Ria (2017-08-01). "Peran Pemerintah Terhadap Eksistensi Wayang Timplong sebagai Kebudayaan Lokal Khas Nganjuk". Kebijakan dan Manajemen Publik: 11–18. ISSN 2303-341X.
  2. Suyadi, 31 Januari 2018
  3. Astuti, Sri Retna (2018). Wayang Timplong Bentuk Pertunjukan dan Pelestarian. Yogyakarta: BPNB. kc. 25. ISBN 978-979-8971-92-1.
  4. Wibawa, Anjar Mukti; Ardany, Prisqa Putra (2015-07-01). "SEJARAH KESENIAN WAYANG TIMPLONG KABUPATEN NGANJUK". Agastya: 182–203.
  5. Sukarman (1991). Bahasa Jawa dalam Wayang Thimplong Jawa Timur. Semarang: KBJ.
  6. Holt, Claire (2000). Melacak Jejak Perkembangan Seni di Indonesia. Bandung: Art.Line. kc. 175.

Pranala Jaba[besut | besut sumber]