Watek Jawa
Wong Jawa iku nduwé watek utawa karakter sing sumberé saka kaanan "slamet", dadi kabèh sing dilakoni kudu nglairaké kaanan sing sarwa slamet. Kaanan iki mung bisa digayuh yèn kabèh pasangan (urip mati, lanang wadon, awan bengi lan liya-liyané) bisa harmonis. Kanggo njaga kaanan karebèn tetep harmonis, wong Jawa kudu bisa ngoncati masalah sing bisa ngganggu kaharmonisan lan uga kudu bisa ngatasi masalah kanggo mbalèkaké kaharmonisan sing wis keganggu. Tujuan pungkasan urip harmonis iku kanggo nggayuh gegayuhan utama wong Jawa ya iku manunggaling kawula lan Gusti. Tujuan iki bisa digayuh yèn wong Jawa bisa dadi manungsa sing wutuh utawa dadi Aji saka liwat ajaran Kalimasada.
Miturut Serat Wulangrèh[1] Archived 2008-02-11 at the Wayback Machine., gayutan sosial isih ngugemi sipat tradhisional kanthi urutan miturut umur, pangkat, bandha, lan awu ’tali kekerabatan’. Konflik tinarbuka sak bisa-bisané diendhani. Donya lair kang ideal ya iku donya kang saimbang lan selaras, kaya déné kasaimbangan lan keselarasan lair lan batin. Urip ora bakal nandang cacat yèn batiné tetep waspada. Kawaspadan batin kang terus terusan iku bakal nyegah tingkah laku, wicara, lan celathu sing kurang patut. Ngurangi mangan lan turu iku minangka latihan kang utama kanggo ngéntukaké kawaspadan batin. Saliyané kawaspadan batin uga diendhani watak sing ora becik, ya iku watak adigang, adigung lan adiguna. Suwaliké kudu miara watak “ rèh “, sabar lan “ ririh “, ora kesusu lan ati-ati. Kelakuan kang nguntungaké awaké dhéwé lan ngrugèkaké liyan kudu diéndhani, ngapusi (dora), nyengit lan sawenang-wenang kudu diadohi. Yèn batiné wis waspada, tingkah lakuné kudu sopan, tingkah laku sopan ya iku tingkah laku kang:
- Deduga, “ditimbang kanthi premana sadurungé nglangkah”
- Prayoga, “ditimbang apik alané “
- Watara, “dipikir matengsakdurungé mènèhi putusan “
- Reringa, “sadurungé yakin tenan tumrap keputusané iku “
Tata krama
[besut | besut sumber]Tata krama utawa etikèt iku norma-norma kanggo nata perilaku karebèn bisa santun. Sing ditata iku seliyané perilaku uga tutur basa. Sumber-sumber ajaran bisa saka wongtua, kulawarga, lingkungan, lan uga saka lakon-lakon pagelaran wayang. Ing lingkungan kraton, tata krama iki diterapaké kanthi ketat. Tembung-tembung: "boten pareng" utawa "ora ilok" iku dadi tandha yèn ana pelanggaran tata krama. Wong suku liya ngarani tata krama Jawa iku nduwéni sipat "alus". Tata krama Jawa iku antarané:
Sing ana gegayutane karo sikap
[besut | besut sumber]- Yèn lungguh, dengkul kudu rapet (tumrap wanita)
- Ora pareng mangan ing tengah lawang
- Ora pareng sangga uwang
- Ora ilok lungguh ing bantal
- Ora pareng jigrang
- Yèn nduding nganggo jempol tangan tengen
- Ora pareng ngitung untu utawa ngrungokaké wong tuwa sing lagi omong-omongan
- Sepi ing pamrih, ramé ing gawé
- Manjing ajur ajèr
- Aja adigang, adigung, adiguna
- Aja dumèh
- Aja gumunan
- Aja kagètan
- Mulat salira, hangrasa wani
- Mèlu handarbèni
- Mèlu hangrungkebi
Sing ana gegayutane karo wicara
[besut | besut sumber]- Yèn ngomong karo sing luwih tuwa kudu nganggo basa krama utawa krama inggil
- Sakbisane cukup nganggo sasmita utawa nganggo sindiran (sanepa)
- Kudu tanggap ing semu lan sasmita
Sing ana gegayutané karo ngabekti marang wong tuwa
[besut | besut sumber]Miturut Serat Wulang Sunu[2] Archived 2008-02-11 at the Wayback Machine. anggitané Paku Buwono IV anak kudu ngabekti marang wong tuwa kaya sing kagambaraké ana pupuh kapisan sing surasané kurang luwih kaya mengkéné:
- Wulang sunu kang digawé lagu, kang diwiwiti bab tata cara ngabekti, marang wong tuwa, karebèn kabèh nggatèkaké, pitutur kang tinulis, sapa kang ora gelem nurut, marang pituduh tinulis, niscaya bakal kesia-sia, niscaya donya akhérat bakal olèh cilaka, sawisé mati lumebu neraka.
- Yèn mengko awakmu nglakoni pituduh kang ana sajeroning serat, mesthi apik tiba mburiné, ngabekti marang ibu bapa, nalika sepisanan dituduhaké lelaku apik lan ala, déning ibu bapa nalika awakmu isih bayi, ibumu luwih lara lan sengsara ngopèni awakmu.
- Ora énak mangan lan turu, ibumu ngopèni awakmu sanajan mung mangan sega uyah, sanajan mung nelesi tenggorokan, mangan klapa uga dilakoni, saben dina adus lan umbah-umbah ning kali kanthi rekasa kanggo ngopèni awakmu, rasakné bab iku mau.
- Kaanan pait getir ibumu ngopèni awakmu, dèwèké turu mung sambilan sanajan kebak banyu uyuh lan tinjamu, dilakoni yèn awakmu buang kotoran ditatur lan dipangku, diresiki déning ibumu didusi saben ésuk lan sore nganti resik, yèn awakmu ngelih didulang.
- Nalika awakmu umur sangang sasi, wektu iku awakmu bisa mbrangkang, gawéan ibumu mung njaga sanajan mung nganggo kain sambungan, ngopèni awakmu nalika awakmu isih cilik, yèn awakmu kurang mangan digolèkké nganti éntuk, mengko yèn awakmu wis diwasa ora ana walesan liyané lelaku apik lan ngabekti marang wong tuwamu.
- Yèn mengko awakmu aniyaya marang wong tuwamu, diukum déning Gusti Sing Murbèng Dumadi, besuk yèn mati niscaya bakal bareng geni, yèn wong seneng duraka, siksané abot banget, mulané aku pesen aja wani karo ibu bapa anakku, lakoni dhawuh kaloroné.
- Anané awakmu mengko, yèn dididik ibu bapa wicaramu asring nglawan nyahut nuli mléngos, cegaha iku anakku,ora apik tembé mburiné, donya akherat bakal sia-sia, besuk yèn mati dimusuhi Pangèran, disiksa déning Malaékat.
- Kamangka bocah enom sing apik, pendapaté ora pati dididik ibu bapaké, lungguh sila ing ngarepé, wong tuwané kaya déné Pangèran, lunga lan mulih sujud, iku budi kang luhur sarta ngabekti marang Gusti Pangèran kang Maha Urip, ya iku kang nyiptakaké mati lan urip sarta kang mènèhi sandang lan pangan.
- Kang wis kaprah tumrap bocah enom, solah tingkah malang mégung manjaaké awak, solah tingkah sing kliwatan lungguh sakepénaké lan ora ngerti kasopanan, alaku congkak, seneng mamèraké awaké, kelakuané ora duwé arah, yèn awaké kesénggol njingkat lan pijer agawé onar marang wong akèh.
- Éling-éling aja ana sing anglakoni, kabèh lalaku sing salah, tingkahé mesthi bakal konangan, dhèwèké bakal kesuluh lan ora kuwat nandang, kaya-kaya kabèh wong mung mèsem, mulané iku anakku, élinga aja ana sing nglakoni salah karebèn uripmu ora ngalami kasusahan.
- Ana manèh pituturku anakku, yèn awakmu nduwé karep aja nganti ngabotaké awak,, jaganen awakmu, yèn drajatmu cilik, aja ngrasa pesimis, yèn awakmu dadi wong luhur, jejegna pikirmu, sabar kanthi kaalusan, budi, ya iku laku kang utama.
- Mula saka iku kaum mudha saiki sing sabar, wewanuhan karo wong tuwa, gatèkaké pituturé sing apik, saka lair tekan bathin, lair kanthi tatakrama, batiné kanthi ngabekti marang wong tuwa, ya iku pituturku kanggo kabèh anak putu buyutku, karebèn uripmu ora ngalami kasusahan.
Sing ana gegayutané karo sipat pemimpin Jawa
[besut | besut sumber]Asthabrata
[besut | besut sumber]Miturut Asthabrata[3] Archived 2007-10-21 at the Wayback Machine., pemimpin sing wicaksana kudu duwé sipat-sipaté déwa wolu ya iku: Indra, Yama, Surya, Bayu, Kuwera, Brama, Candra, dan Baruna. Déné sipat-sipat mau yèn diringkes kurang luwih kaya mangkéné:
- Sang Hyang Indra minangka Déwa Udan, nyediaaké apa sing diperloaké déning bumi, mènèhi kasejahtran lan udan.
- Sang Hyang Yama minangka Déwa Pepatèn, mbasmi lelaku èlèk lan jahat tanpa pilih wulu.
- Sang Hyang Surya minangka Déwa Srengéngé, sipaté alon, ora kesusu, sabar, welas asih lan wicaksana.
- Sang Hyang Candra minangka Déwa mBulan, lembut, ramah lan sabar karo sapa waé.
- Sang Hyang Bayu minangka Déwa Angin, bisa lumebu ning endi waé tanpa kangèlan. Kabèh lelaku apik lan ala diweruhi tanpa sing nglakoni rumangsa.
- Sang Hyang Kuwera minangka Déwa Kasugihan, ulet sajeroning ngumpulaké kasugihan kanggo kasejahtran warga masyarakaté.
- Sang Hyang Baruna minangka Déwa Samodra, bisa nampung apa waé sing èlèk utawa apik, sabar lan duwé wawasan sing jembar.
- Sang Hyang Brama minangka Déwa Geni, bisa ngobong, nggosongaké lan musnahaké apa waé, mènèhi pepadhang sajeroning pepeteng.
Sipat Pemimpin Jawa liyané
[besut | besut sumber]Saliyané iku uga ana paugeran sing kawentar ngenani sipat pemimpin sing wicaksana ya iku:
- Taqwa, kudu trisna lan wedi marang Pangeran, kanthi nuruti kabèh préntah lan ngadohi laranganNé;
- Ing ngarso sung tuladha, tansah mènèhi tuladha marang andhahané;
- Ing madya mangun karsa, mèlu guyub nyambut gawé, ora mung mréntah waé;
- Tut wuri handayani, nyurung saka mburi lan mènèhi kasemptan andhahan supaya duwé kréasi;
- Waspada purbawisesa, waspada;
- Ambeg parama arta, ndhisikaké prakara kang luwih wigati;
- Prasaja, prasaja;
- Setya, loyal, utawa setia;
- Gemi nastiti, gemi utawa hémat;
- Belaka, jujur, transparan lan blaka suta;
- Legawa, ikhlas lan ora égois.
Tata susila
[besut | besut sumber]- Tepa slira
- Nrima
- Ngadohi Ma lima ya iku lelaku maling, main, madon, madat, minum (ngombé arak)
- Sabar utawa sarèh
- Rukun
- Isin
- Ikhlas
- Sopan santun
- lan liyané
Uga delengen
[besut | besut sumber]Wacan
[besut | besut sumber]- ETIKA JAWA Sebuah Analisa falsafi tentang Kebijaksanaan Hidup Jawa, Frans Magnis Suseno, PT Gramedia Pustaka Utama, 1996, ISBN 9794030058
- Mitologi dan Toleransi Orang Jawa, Benedict R.O.G. Anderson, Bentang Budaya, 2003