Menyang kontèn

Serat Wulang Sunu

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Serat Wulang Sunu, iku karya sastra Jawa klasik tinggalan Paku Bawana IV(17681820), wujud gurit tembang macapat, sajeroning basa Jawa anyar kang tinulis ing taun 1768 nganti taun 1820 ing Kraton Kasunanan Surakarta,[1] kang surasané yèn anak iku kudu ngabekti marang wong tuwa, kaya sing kagambaraké ana pupuh kapisan karya iki.

  1. Wulang sunu kang kinarya gendhing, kang pinurwa tataning ngawula, suwita ing wong tuwané, poma padha mituhu, ing pitutur kang muni tulis, sapa kang tan nuruta saujareng tutur, tan urung kasurang-surang, donya ngakir tan urung manggih billahi, tembe matine nraka.
  2. Mapan sira mangke anglampahi, ing pitutur kang muni ing layang, pasti becik setemahe, bekti mring rama ibu duk purwa sira udani, karya becik lan ala, saking rama ibu, duk siro taksih jajabang, ibu iro kalangkung lara prihatin, rumeksa maring siro.
  3. Nora eco dahar lawan ghuling, ibu niro rumekso ing siro, dahar sekul uyah bae, tan ketang wejah luntur, nyakot bathok dipunlampahi, saben ri mring bengawan, pilis singgul kalampahan, ibu niri rumekso duk siro alit, mulane den rumongso.
  4. Dhaharira mangke pahit getir, ibu niro rumekso ing sira, nora ketang turu samben, tan ketang komah uyuh gupak tinjo dipunlampahi, lamun sira wawratana, tinatur pinangku, cinowekan ibu nira, dipundusi esok sore nganti resik, lamun luwe dinulang
  5. Duk sira ngumur sangang waresi, pasti siro yèn bisa rumangkang, ibumu momong karsane, tan ketang gombal tepung, rumeksane duk sira alit, yèn sira kirang pangan nora ketang nubruk, mengko sira wus diwasa, nora ana pamalesira, ngabekti tuhu sira niaya.
  6. Lamun sira mangke anglampahi, nganiaya ing wong tuwanira, ingukum déning Hyang Manon, tembe yèn lamun lampus, datan wurung pulang lan geni, yèn wong durakeng rena, sanget siksanipun, mulane wewekas ingwang, aja wani dhateng ibu rama kaki, prentahe lakonano.
  7. Parandene mangke sira iki, yèn den wulang dhateng ibu rama, sok balawanan ucape, sumahir bali mungkur, iya iku cegahen kaki, tan becik temahira, donya keratipun, tan wurung kasurang-kasurang, tembe mati sinatru déning Hyang widhi, siniksa ing Malekat.
  8. Yèn wong anom ingkang anastiti, tan mangkono ing pamang gihira, den wulang ibu ramane, asilo anem ayun, wong tuwané kinaryo Gusti, lunga teko anembah iku budi luhung, sarta bekti ing sukma, hiyo iku kang karyo pati lan urip, miwah sandhang lan pangan.
  9. Kang wus kaprah nonoman samangké, anggulang polah, malang sumirang, ngisisaken ing wisese, andadar polah dlurung, mutingkrang polah mutingkring, matengkus polah tingkrak, kantara raganipun, lampahe same lelewa, yèn gununggung sarirane anjenthit, ngorekken wong kathah.
  10. Poma aja na nglakoni, ing sabarang polah ingkang salah tan wurung weleh polahe, kasuluh solahipun, tan kuwama solah kang silip, semune ingeseman ing sasaminipun, mulaneta awakingwang, poma aja na polah kang silip, samya brongta ing lampah.
  11. Lawan malih wekas ingsun kaki, kalamun sira andarbe karsa, aja sira tinggal bote, murwaten lan ragamu, lamun derajatiro alit, aja ambek kuwawa, lamun siro luhur, den prawira anggepiro, dipunsabar jatmiko alus ing budi, iku lampah utama.
  12. Pramilane nonoman punika, dan teberi jagong lan wong tuwa, ingkang becik pituture, tan sira temahipun, apan bathin kalawan lair, lahire tatakromo, bathine bekti mring tuhu, mula eta wekasing wong, sakathahe anak putu buyut mami, den samya brongta lampah.
  1. Wulang sunu kang digawé lagu, kang diwiwiti bab tata cara ngabekti, marang wong tuwa, karebèn kabèh nggatèkaké, pitutur kang tinulis, sapa kang ora gelem nurut, marang pituduh tinulis, niscaya bakal kesia-sia, niscaya donya akherat bakal olèh cilaka, sawisé mati lumebu neraka.
  2. Yèn mengko awakmu nglakoni pituduh kang ana sajeroning serat, mesthi apik tiba mburiné, ngabekti marang ibu bapa, nalika sepisanan dituduhaké lelaku apik lan ala, déning ibu bapa nalika awakmu isih bayi, ibumu luwih lara lan sengsara ngopèni awakmu.
  3. Ora énak mangan lan turu, ibumu ngopèni awakmu sanajan mung mangan sega uyah, sanajan mung nelesi tenggorokan, mangan klapa uga dilakoni, saben dina adus lan umbah-umbah ning kali kanthi rekasa kanggo ngopèni awakmu, rasakné bab iku mau.
  4. Kaanan pait getir|getir ibumu ngopèni awakmu, dèwèké turu mung sambilan sanajan kebak banyu uyuh lan tinjamu, dilakoni yèn awakmu buang kotoran ditatur lan dipangku, diresiki déning ibumu didusi|didusi saben ésuk lan sore nganti resik, yèn awakmu ngelih didulang.
  5. Nalika awakmu umur sangang sasi, wektu iku awakmu bisa mbrangkang, gawéan ibumu mung njaga sanajan mung nganggo kain sambungan, ngopèni awakmu nalika awakmu isih cilik, yèn awakmu kurang mangan digolèkké nganti éntuk, mengko yèn awakmu wis diwasa ora ana walesan liyané lelaku apik lan ngabekti marang wong tuwamu.
  6. Yèn mengko awakmu aniyaya marang wong tuwamu, diukum déning Gusti Sing Murbèng Dumadi, besuk yèn mati|mati niscaya bakal bareng geni|geni, yèn wong seneng duraka, siksané abot banget, mulané aku pesen aja wani karo ibu bapa anakku, lakoni dhawuh kaloroné.
  7. Anané awakmu mengko, yèn dididik ibu bapa wicaramu asring nglawan nyahut nuli mléngos, cegaha iku anakku,ora apik tembé mburiné, donya akherat bakal sia-sia, besuk yèn mati dimusuhi Pangèran, disiksa déning Malaékat.
  8. Kamangka bocah enom sing apik, pendapaté ora pati dididik ibu bapaké, lungguh sila ing ngarepé, wong tuwané kaya déné Pangèran, lunga lan mulih sujud, iku budi kang luhur sarta ngabekti marang Gusti Pangèran kang Maha Urip, ya iku kang nyiptakaké mati lan urip sarta kang mènèhi sandang lan pangan.
  9. Kang wis kaprah tumrap bocah enom, solah tingkah malang mégung manjaaké awak, solah tingkah sing kliwatan lungguh sakepénaké lan ora ngerti kasopanan, alaku congkak, seneng mamèraké awaké, kelakuané ora duwé arah, yèn awaké kesénggol njingkat lan pijer agawé onar marang wong akèh.
  10. Éling-éling aja ana sing anglakoni, kabèh lalaku sing salah, tingkahé mesthi bakal konangan, dhèwèké bakal kesuluh lan ora kuwat nandang, kaya-kaya kabèh wong mung mèsem, mulané iku anakku, élinga aja ana sing nglakoni salah karebèn uripmu ora ngalami kasusahan.
  11. Ana manèh pituturku anakku, yèn awakmu nduwé karep aja nganti ngabotaké awak,, jaganen awakmu, yèn drajatmu cilik, aja ngrasa pesimis, yèn awakmu dadi wong luhur, jejegna pikirmu, sabar kanthi kaalusan, budi, ya iku laku kang utama.
  12. Mula saka iku kaum mudha|mudha saiki sing sabar, wewanuhan karo wong tuwa, gatèkaké pituturé sing apik, saka lair tekan bathin, lair kanthi tatakrama, batiné kanthi ngabekti marang wong tuwa, ya iku pituturku kanggo kabèh anak putu cicitku, karebèn uripmu ora ngalami kasusahan.

Rujukan

[besut | besut sumber]
  1. "Situs Heritage of Java". Diarsip saka sing asli ing 2008-02-11. Dibukak ing 2008-03-09.

Uga delengen

[besut | besut sumber]

Pranala njaba

[besut | besut sumber]