Asthabrata

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Loncat ke navigasi Loncat ke pencarian

Asthabrata inggih punika piwulang saking Rama dhumateng Wibisana ingkang tinulis ing Serat Rama Jarwa kang awujud Macapat, ing pupuh 27 Tembang Pangkur, cacahipun sadaya wonten 35 pupuh. Ing kalihdasa pupuh saderengé kacariyosaké kasoring Rahwana lan nandang duhkitané Wibisana. Radèn Wibisana banjur dipunangkat dados ratu Alengka nggantos Rahwana. Rama maringi pitutur supados Wibisana saged dados ratu kang wicaksana, nuruti wolung sipat déwa, inggih punika: Indra, Yama, Surya, Bayu, Kuwèra, Brama, Candra, lan Baruna. Sekedhik cariyos jangkepé inggih kados makaten. Wibisana ing ngatasipun satriya Alengka tur rajining nata, teka ngantos mbalik suwita ratuning mengsah, lan mbiyantu ngawonké nagarané dhéwé. Kauningana, Radèn Wibisana makaten satunggaling sinatriya sing nglenggahi kasatriyané. Wataking satriya iku nggondhèli kaleresan. Sarèhning Raden Wibisana mirsa bilih dununging kalepatan iki ana ing Prabu Dasamuka, lan Sang Prabu boten kersa ndhahar ingatur yekti, mila Risang Sinatriya banjur mbalik ngréncangi mengsah, jalaran sing dimengsah iku leres. Éwasemana, sareng raka Prabu Dasamuka kacundhuk ing warasatra dibya, jemparing Gunawijaya tekan patiné, Arya Wibisana njerit lumajeng ngrungkebi kunarpaning raka lan muwun memelas asih. Prabu Ramawijaya nguningani kaanan sing kaya mangkéné sanget trenyuh ing galih, tindak murugi Raden Wibisana lan paring pangandikan akèh-akèh, amrih lejaring sungkawané Arya Wibisana. Inggih soraosing pangandika wau sing ing tembé mburi dadi serat Asthabrata. astha tegesé wolu, dené brata tegesé lampah, laku.

Sipat pamimpin[besut | besut sumber]

Déné sipat-sipat mau yèn diringkes kurang luwih kaya mangkéné:

  • Sang Hyang Indra minangka Dewa Udan, nyediaaké apa sing diperloaké déning bumi, mènèhi kasejahtran lan udan.
  • Sang Hyang Yama minangka Dewa Pepatèn, mbasmi lelaku ala lan munkar tanpa pilih wulu.
  • Sang Hyang Surya minangka Dewa Srengéngé, sipaté alon, ora kesusu, saréh, welas asih lan wicaksana.
  • Sang Hyang Candra minangka Dewa mBulan, alus, gapyak lan sareh karo sapa waé.
  • Sang Hyang Bayu minangka Dewa Angin, bisa mlebu ning endi waé tanpa kangèlan. Kabèh lêlaku apik lan ala diweruhi tanpa sing nglakoni rumangsa.
  • Sang Hyang Kuwera minangka Dewa Kasugihan, temen sajeroning nglumpukaké kasugihan kanggo sejahtraning warga masyarakaté.
  • Sang Hyang Baruna minangka Dewa Samudra, bisa nampung apa waé sing ala utawa apik, sareh lan nduwèni wawasan sing jêmbar.
  • Sang Hyang Brama minangka Dewa Geni, bisa ngobong, nggosongaké lan ngilangaké apa waé, mènèhi pêpadhang sajeroning pepeteng.

Uga delengen[besut | besut sumber]

Pranala njaba[besut | besut sumber]