Ula siput
Artikel iki prelu dirapèkaké supaya jumbuh karo wewaton artikel WikipédiaPanjenengan bisa mbiyantu ngrapèkaké artikel iki kanthi mérang dadi paragraf-paragraf utawa wikifikasi. Sawisé dirapèkaké, tandha iki kena dibusak. |
Ular Siput | |
---|---|
Ular siput, dari Darmaga, Bogor | |
Klasifikasi ngèlmiah | |
Karajan: | Animalia |
Filum: | Chordata |
Klas: | Reptilia |
Ordho: | Squamata |
Subordho: | Serpentes |
Famili: | Colubridae |
Génus: | Pareas |
Spésies: | P. carinatus |
Jeneng binomial | |
Pareas carinatus Wagler, 1830 |
Ula siput (Pareas carinatus) yaiku sajinis ula cilik anggota suku Colubridae. Dijenengi kaya mangkono amarga mangsa mligi yaiku pira-pira siput cilik, utawa amarga obahé kang alon kaya mangsané iku. Sajeroning basa Inggris ula iki dikenal minangka keeled slug-snake utawa keeled slug-eating snake, ngrujuk marang sisik-sisik vertebrale kang berlunas endèk (keeled).
Pangenalan
[besut | besut sumber]Ula cilik kang awake ramping, cenderung gering. Dawa total awaké nganti sakiwa-tengené 60 cm. Coklat kusem, coklat enom utawa coklat rodok kekuningan ing sisih pérangan nduwur, kanti belang-belang ireng kang tipis lan samar-samar ing sak dawané awak, kajaba pola X dawa warnané ireng tegas ing nduwur tengkuk.[1] Sisih ngisor awak (ventral) kuning utawa kekuningan, kanti bintik-bintik alus peteng utawa rodok abang. Ndas njendol gedhé kanhi moncong papak rodok janggal. Mata relatif gedhé, kanti iris wernané kuning kecoklatan. Butut cilik lancip.
Ula iki ora duwé celah lurus ing antarané perisai-perisai[2] jangguté (mental groove). Ing antarané perisai nasal (irung) lan mata ana rong perisai, yaiku loreal lan preokular. Perisai labial (lamé) nduwur 7–9 iji, dipisahaké saka mata déning 2–4 sisik cilik-cilik. Sisik-sisik dorsal (geger) sajeroning 15 derèt ing tengah awak, sisik-sisik vertebral (kang paling nduwur, ing nduwur balung geger) rodok gedhi lan berlunas endèk. Perisai-perisai ventral weteng) cacahé 170–184 iji; perisai anal tunggal; perisai subkaudal (ngisor buntut) 60-88 iji, ora berpasangan.[1]
Kebiasaan, anak jinis lan penyebaran
[besut | besut sumber]Aktif wyaha wengi (nokturnal), ula siput biyasa ditemui ing alas dataran endèk lan alas pagunungan kang teles, lingkungan perkebunan nganti marang cepak permukiman. Kerep mènèk vegetasi penutup lemah ing panggonan lembap, ula iki mburu lan mangsa anéka siput lan siput kang ora ana thothoké. Akèh uga ula iki tinemu lumaku alon ing alas. Cathetan saka Berastagi nuduhaké yèn ula iki ana nganti keduwurn 1.300 m dpl. Ula siput ngendog nganti 8 iji.[3]
Ula iki ora duwé upas, uga ora bisa nyokot manungsa. Nanging tingkahé nalika ngrasa terancam mèh kaya ula kang duwé upas; gulu lan awak pérangan ngarep ditarik mlengkung mbentuk huruf S, banjur kanti rikat ula iki bakal nothol. Nanging sebeneré cangkemé cilik banget. kanti mangkono sebeneré obahan iku amung berfungsi kanggo medèni pengganguné baé, tanpa bisa nyilakani.
Pareas carinatus duwé rong anak jinis[3][4]:
- P.c. carinatus nyebar ing Asia Tenggara, wiwit saka Burma, Thailand, Vietnam, Laos, Kamboja, Cina selatan (Yunnan), Ujung Malaya, sarta Indonesia (Borneo, Sumatra, Jawa, Bali, lan Lombok).
- P.c. unicolor (Bourret, 1934) kawates ing Kamboja.
Jinis kang padha
[besut | besut sumber]Ula siput belang (Pareas nuchalis) duwé ciri-ciri, wujud awak lan perilaku kang mèh padha karo Pareas carinatus. kaloroné angèl kanggo dibédakaké, kajaba kanti ngétung jumlah sisik-sisiké. P. nuchalis nduwè 8-9 perisai labial nduwur, 207–218 perisai ventral, lan 105–108 perisai subkaudal. Ula iki tinemu kawates (endemik) ing Borneo, ing alas-alas dataran endèk ora punjul keduwuran 500 m dpl.[5]
Cathetan sikil
[besut | besut sumber]- ↑ a b Tweedie, M.W.F. 1983. The Snakes of Malaya. The Singapore National Printers. Singapore. p.38.
- ↑ Sisik-sisik kang gedhé ing pérangan ndas. Kanggo penjelasan ngenani jeneng-jeneng lan susunan perisai sarta sisik, deleng uga artikel “Sisik ular”.
- ↑ a b David, P and G. Vogel. 1996. The Snakes of Sumatra. An annotated checklist and key with natural history. Edition Chimaira. Frankfurt. p.139. ISBN 3-930612-08-9
- ↑ Pareas carinatus padha The Reptile Database Archived 2007-12-22 at the Wayback Machine.
- ↑ Stuebing, R.B. & R.F. Inger. 1999. A Field Guide to The Snakes of Borneo. Natural History Publications (Borneo). Kota Kinabalu. p. 89-90. ISBN 983-812-031-6